SAKTETES PENGAREP
Kania,
yaiku jenengku.Tak lakoni urip iki kanthi teka-teki. Rong taun kepungkur,
nalika aku krungu berita saka simbahku yen ibuku lagi mbobot, aku seneng banget
kanthi nangis amarga terharu “matur suwun duh Gusti Allah, panjenengan sampuh
ngijabah pandongaku” pangucapku karo nangis. Dina-dina uwis tak lewati.
Kesenenganku awit keganggu sawise ibuku nglakoni USG, lan tibake adhiku wadon
ora lanang kaya sing tak pengeni.
Sasi-sasi
wis kelewat lan adhiku awit nunjukake perkembangan.
“Kania,
kenangapa awakmu? ibu weruh yen sakbenere kowe ora pengen kabeh iki kekdadeyan
ta? ananging kabeh iku wis ana sing ngatur. Nia sayang, ibu nyuwun tulung kowe
aja terus-terusan sedih, mesakake adhimu”. Ngendikane ibu sing pungkasane gawe
aku bertahan.
“Nduk,
delengen adhimu nendangi wetenge ibu, adhimu mesti bangga nduweni mbakyu kaya
kowe”.
“Adhek sayang aja nakal ya, mesakake ibu
ngempet rasa lara”. Aku ngomong lirih karo ngambung wetenge ibu.
Deg-degan iku sing tak rasakne.
“Ibu,
ibu kenangapa? Niku toya napa bu? kula timbalne bapak nggeh bu.
“Ora
nduk, ibu ora apa-apa, iku mau banyu sing ibu gawa kutah. Ibu mung lara weteng,
mengko sawise maca Al-Quran ya mari. “Maca Quran iku pakulinane ibu yen dheweke
kerasa lara. Ananging ngendikane ibu ora tak gatekake, akau mlayu lan nimbali
bapak.
Ing
omah aku lan budheku kuatir banget ngenteni kabare ibu. Awale ibu kepingin
lairan normal, ananging iku kudu digawa menyang RSIA gawe nglakoni opersi sesar.
Wektu wis nunjukake jam 04.30 adhiku lair jenenge Kinara Az-zahra Putri.
Ora
kerasa yen Kinara wis ngidak umur Setaun. Bengi iku amarga akau sembrana, aku
ora sengaja nibakne adhiku nganti kebentur sirahe lan dheweke nangis.
“Kania apa sing kok lakokne? wis ping pira
bapak kandhani, ananging ora pernah kok rungokne! delengen kelakuanmu!
pangucapane bapak wektu mbiyen. Aku sing ora tahan merga sakabehe pengucapane
bapak sak suwene iki nyauri karo mbengok.
“Bapak terus mawon salahe kula, seneni kula
pak, yogyanipun bapak iki sanes adhik mawon”.
“MENENG” bengoke bapak wektu biyen iku. Aku
nangis magep-magep lan akau mlayu menyang kamar.
“Cah
ayu awakmu kenangapa? ya wis ta sakabehe wis kadadeyan aja pernah kok getuni.
Toh adhimu ora apa-apa. Ya wis jajal aku tak tenangne Kinara dhisik. Cah ayu
gak oleh nangis “Pituture pak lik karo ngambung bathukku”.
“Kania
njalok sepuramu kanggo bapakmu, kowe kan uwis weruh ta sifate bapakmu iku kaya
apa. Nalika ngendika sokmeneh kowe kudu ngati-ngati, lan luwih apik meneng
tinimbang nyauri. Ora apik nyauri pituture wong tuwa. Mbesuk yen adhimu wis
gedhe, critakna sakabehe supaya dheweke weruh gedhene perjuanganmu lan gedhene
rasa sayangmu marang dheweke. Yo wis kono ndang sinau, aja gembeng.” Sepisan
meneh ibu sing bisa nguatake aku.
Kinara
nyuwun ngapurane, aku mbakyumu sing pernah gak kepengen awakmu ana. Weruhna yen
mbakyu sayang banget marang awakmu. Awakmu iku lintang cilikku. Mbesuk awakmu
sing bakal dadi cahya ing petenge uripku.
SETETES HARAPAN
Kania, itulah
panggilanku,kujalani hidup ini penuh teka-teki, 2 tahun silam ,saat ku
mendengar berita dari nenekku bahwa
bunda ku sedang hamil aku senang bahkan sampai menangis karena
terharu.Terima kasih ya Allah ,Engkau telah mengabulkan doaku,”ucapku sambil
menangis .hari demi hariaku lalui.Kebahagiaanku mulai terusik setelah bundaku
melakukan USG,dan ternyata adikku perempuan
bukan laki-laki seperti yang aku impikan.
Bulan demi bulan telah berlalu dan adikku mulai berkembang.
“kania, kenapa kamu? Bunda tau kalau sebenarnya kamu tidak ingin
semua terjadi kan?,Namun semuanya sudah ada yang mengatur ,Nia sayang,Bunda
mohon janganlah kamu terus-terusan bersedih,kasihan adikmu.”Kata-kata Bundalah
yang akirnya membuatku betahan.
“Nak,lihatlah adikmu menendang-nendang perut bunda ,adikmu pasti
bangga punya kakak sepertimu.”
“Adik sayang ,jangan nakal ya,kasihan bunda menahan rasa
sakit.”ucapku lirih sambil mencium perut Bunda
Deg-degan,itulah yang aku rasakan.
“Bunda-bunda kenapa? Itu air apa bun? Aku panggil ayah ya bun.”
“Tidak nak ,Bunda tidak apa-apa ,tadi air yang Bunda bawa tumpah
.Bunda hanya sakit perut ,nanti sehabis baca Al-Qur’an juga sembuh.” baca
Al-Qur’an ,itulah kebiasaan Bunda saat ia merasa sakit.Namun ,perkataan bunda
tak ku hiraukan,aku berlari dan memanggil ayah.
Di rumah aku dan budheku gelisah menunggu kabar bunda.Awalnya bunda
ingin melahirkan normal,namun bunda harus dibawa RSIA untuk melakukan operasi
sesar .Waktu menunjukkan pukul 04.30 adikui lahir.Namanya Kinara az-zahra
putri.
Tak terasa Kirana sudah menginjak umur 1 tahun .Malam itu karena
kecerobohanku ,aku tidak sengaja menjatuhkannya hingga kepalanya terbentur dan
ia menangis.
“Kania apa yang kamu lakukan! Sudah berkali-kali Ayah
bilangin,namun tak pernah kamu dengarin!,Lihatlah kelakuanmu!” bentak ayah kala
itu .Aku yang tidak tahan atas semua ucapan ayah selama ini dengan lantang aku
menjawab,
“Ya Yah,terus saja salahin aku ,marahin aku Yah.Anak ayah itu bukan
adik saja ta..”
“DIAM ! “bentak Ayah kala itu,Aku menangis sejadi-jadinya ,dan aku
lari menuju kamar.
“Hai cantik,kamu kenapa?sudahlah kan semuanya sudah terjadi jangan
pernah kamu menyesalinya .Lagian adik kamu tidak apa-apa.Ya sudah ,aku coba
tenangin kinara dulu.Anak cantik tidak boleh nangis.”nasehat paman sambil
mencium keningku”.
“Kania,maafkan Ayahmu ,kamu kan sudah tau sifat Ayahmu seperti
apa.bunda pesan lain kali kamu harus hati-hati ,dan lebih baik diam dari pada
menjawab ,tidak baik menjawab nasehat orang tua .Kelak kalau adik mu sudah
besar ,ceritakanlah semuanya agar mereka tau betapa besar perjuanganmu,dan dan
betapa kamu menyayangi mereka .Ya sudah sana belajar.Jangan cengeng ,” lagi,lagi
dan lagi Bundalah yang dapat menguatkanku.
Kinara maafkan kakak yang pernah tak menginginkan kalian
ada.”Ketahuilah bahwa kakak sangat menyayangi kalian.kalian adalah bintang
mungilku .Kelak kalianlah yang akan menjadi penerang dikegelapan hidupku.
XII AKUNTANSI 4
KELOMPOK
2
ANGGOTA:
q SEPTIANI (03)
q SISKA RAHMAWATI (10)
q SULIS NUR RAHMADHANI (15)
q TIARA NADYA DAMAYANTI (19)
q WAHYUDI KURNIAWAN S. (31)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar