
dening : Yeni Setya Wati
Uva Triyani
Tri Wulan Agustina
Sulis Susilowati
Wiwik Nurrohmawati
Siti Endarwati
Ulfa Latifah
Ing sawijining dina, keluarga
Kartonyono badhe kagungan hajat yaiku mitoni putra ragilipun Bapak Karto lan
Ibu Karto. Nalika Dina prei, ibu ngajak Dina menyang pasar tumbas keperluan
mitoni.
Ibu :"Nduk, ayo melu ibuk menyang pasar belanja keperluan
mitoni."
Dina : (karo metu saka kamar) "
Inggih ibu, niki kulo badhe adus rumiyin.“
Ibu : (karo golek
klambi) ” iyo nak, iki ibu sajake yo pengen sarapan dhisek.”
Dina : “inggih bu.”
Amarga kanggo kebutuhan dapur
merlokake sayur lan bumbu, Ibu Dina ngajak putrine tumbas menyang pasar. Ora
let suwi Ibu lan Dina uwis rampung persiapane lan langsung budhal menyang pasar
kanthi numpak angdes.
Setibane ing pasar, Dina lan
ibuke mlaku mlebu pasar tumuju ing salah sawijining toko.
Dina : (karo mlaku mlebu pasar) “ Ibu niki badhe blanja
ing pundhi rumiyin?”
Ibu :“langsung menyang tokone Mbak Sri ae nak, ing kono sajake lengkap mengko lagi
blanja sayur mayure”
Dina :“inggih bu monggo”
Setibane ing tokone Pak Imin, Bu
Karto banjur ngowehake daftar blanjaan kanga rep dituku. Banjur Pak Imin
nggolekake blanjaan kang diperlokake Bu Karto.
Ibu : “Assalamualaikum Mbak Sri badhe tumbas”( karo radha
mbengok)
Pak Imin : ( nyauri saka njero toko) “ walaikumsalam inggih Yu
sekedap”.( karo metu
saka toko) “ oalah Yu Karto badhe blanja napa Yu?”
Ibu : “ Walah inggih Mbak Sri, niki lo Pak arep blanja
barang. Iki kiro- kiro ana apa ora yo Mbak? ( karo menehake catetan daftar
blanjaan)
Mbak
Sri :“O… inggih kula padosi
rumiyin nggeh Yu”
Nalika Pak Imin lagi goleki
barang- barange, ana ibu-ibu teko lan uga arep blanja ing kono marani Bu Karto
karo anake, arep tuku kambil ing nggone Pak Imin.
Bu Tini : “assalamualaikum
Mbak Sri, kambilmu ijek pora?”
Bu Karto ndelengi wong wadon iku
sinambi ngeleng-ngeleng. Ibu kaget amarga ketemu kanca lawase.
Ibu : “ lho Mbak” ( karo ndeleng lan ngeling- ngeling)
Bu Tini :“inggih, sinten
nggeh bu? ( karo sajak ngeling)
Ibu :“Ceplis yo?!”
Bu Tini :“ya allah Menik!”
( karo sumringah, wong loro banjur pelukan)
Ibu :“Ceplis, kok wis mulih to? Awakmu ki pora kerjo
ing Surabaya to?”
Bu Tini :“loh nek ramulih
aku yo kangen to karo sampeyan” ( karo guyu)
Ibu :“masyaallah
awakmu ke ora berubah yo” ( karo guyu)
Bu Tini :“lha aku dudhu
superman lo, yo raiso berubah to” ( wong loro guyu kabeh) “ Menik, piye kabare?”
Ibu :“Alhamdulillah
sehat, lha awakmu piye Plis?”
Bu Tini :“Alhamdulillah ugi
sehat. Lho lha iki bocah ayu men anakmu to mak?” ( ngingeti Dina)
Ibu : ”ya to iki
ngono anakku sing mbarep”
Dina :“sugeng enjing
Bu, tepangaken nami kula Dina Rahayu putri mbajengipun Ibu”
Bu Tini :“ byuh byuh byuh
lha kok menik menik ayune koyo awakmu to mak” ( karo guyu)
Ibu :“yo jelas
no, ra salah to nek ku nyetak karo Pak Karto kae” ( karo guyu)
Bu Tini :“awakmu iki iso ae
mak mak”
Ibu : “ Mbak Sri...Blanjaku sampun
angsal dereng ?”
Mbak Sri :
“Nggih yuu, niki kirang blengipun”
Ibu : “ Mbak Sri...Blanjaku sampun
angsal dereng ?”
Mbak Sri :
“Aduhhh
gek niki ketane kosong loh bu, nembe musim paceklik”
Bu karto : “ haduhh la piye iki…”
Ujug-ujug ana bakul liya sing
tokone andinge Mbak Sri nyaut pacelathon wong-wongan mau
Mbak Nining : “Woalah gek bakul opo, ketane ra ndue.
Kene lo buuu, wes pokok e kuomplit”
(Bu Karto sajak bingung)
Bu Karto : “Walah nggih bu, pangapunten nggih Mbak Sri” (Bu Karto
pindah menyang toko sebelah)
Mbak Sri : (karo ngelus dada) “Nggih bu, mboten napa-napa, kula
ingkang lepat”
Dina banjur melu ibune ing toko
sebelah. Sak suwene Bu Karto blanja menyang tokone Mbak Nining, Bu Tini takon
marang Mbak Sri
Bu Tini : “Biyuh biyuh biyuhhh wong bakul kok eram men, apa ya
ngono ta Yu ?”
Mbak Sri : “Yo ngono kui Yu…wis ra nggumun aku”
Ing tokone Mbak Nining,
Mbak Nining : “Laaa kene-kene bu..monggo..komplit pisan
to”
Bu Karto : “Ketan sekilo pinten Bu ?”
Mbak Nining : “20 ewu mawon bu”
Bu Karto : (karo kaget) “Biyh, saestu niku mbak ?”
Mbak Nining : “La nggeh nu, sampeyan lak ngerti to nek
iki lagi musim paceklik, napa-napa larang bu, saestu. Banyu angel, tandur
panase kenteng-kenteng, pehh jan ndak kuat buu”
Bu Karto : (Inget-ingetan karo Dina sinambi nguntal idu)
Dina : “Nggih mpun bu, mboten napa-napa” (karo
lirih-lirih)
Bu Karto : “Nggih mpun nek ngoten, ketan 4 kilo mawon bu”
Bu Nining : “Sekedap Nggih bu (Njimukne blanjanan) Monggo, ketanipun 4
kilo, bonus kresek 1 gratisss”
Bu Karto : “Mboten bonus bakule sekaliyan bu ? (Karo sajak gregeten)
Nggih matur nuwun Bu, (menyang putrine) Ayo nduk”
Dina banjur manthuk, lan melu
ibune mbalik maneh ing tokone Mbak Sri
Bu Tini : “Heh, la kambil ku ke endi
Bu, kok ket mau aku ra di dol i”
(Mbak Sri moro kanthi mbeta blanjaan)
Mbak Sri :
“Niki lo yu.. Kambil superrr kangge Bu Tini”
Bu Tini : “Yuh biyuh biyuh... Kambil
kok cilik men ngene ki regane piro nu?”
Mbak Sri :
“loh yu, niki kambil super loh! Kangge njenengan gangsal ewu mawon”
Ibu : “Biyuhh.. Kok larang men ta
mbak”
Mbak Sri :
“Wah..sak niki regi kambil nggih tumut mundak yu, amargi regi BBM mundak”
Ibu : “Sampeyan ki iso ae mbak”
Ujug-ujug Rahma, putrine Bu Tini
ingkang taksih umur 9 tahun, nyusul ibune menyang pasar.
Rahma : “Ibukkk….
Ibuukkk….”
Bu Tini : “ Lo anakku… koe
rene mau karo sopo nduk ?“
Rahma : “ Kalih Linda
rencang kulo ibu… pangapunten, kulo mboten wantun teng griya piyambak”
Ibu :
“masyallah..cah ayu... Iki anakmu ta bu
?”
Bu Tini : “la nggeh no..
Lak uayuu mlipis-mlipis koyok aku to…”
Ibu : “ Yehh… ora
kalah no karo anakku (Guyu)
Bu Tini : “nduk Rahma..iki lo, mbak
Dina, ndang kenalan sik”
Rahma : “Halo mbak cantik.. Jenengku
Rahma, jenengmu sopo mbak ?”
Dina : “Walah iyo adek.. Jenengku
Dina, salam kenal yo..”
Bu Tini : “Heh !
Bocah cilik, ning mbak e kudune basa ta nduuukk”
Rahma : “Ngapunten Ibu..kulo mboten
ngertos, kulo kinten mbak Dina sak barakan kalih kulo, amargi awake sami lo bu
kalih kulo”
Ibu : “Walah..mboten nopo-nopo
Bu..taksih alit, wajar yen ora ngerti”
(ngendika ning Rahma)
Ibu : “Nduk cah ayu.. Mbak dina iki
sampun kelas 2 SMP nak..ning tarah awake ki mungil, koyo awakmu” (Karo
dielus-elus)
Rahma : “Ngapunten nggih bulik, kulo
lepat..” (Karo sedih)
Ibu : “ora popo cah pinterr..”
Dina : (Karo rada bisik-bisik) “Ibu
pangapunten, niki sampun jam 8, wancinipun ngirim sarapan dateng tegal bu”
Ibu : “ya Allah iyo nduk.. Ibu
lali”
Ibu : “Mbak Sri, niki sedaya pinten
mbak ?”
Mbak Sri :
“brambang e 12 ewu,bawang e 10 ewu,lombok e 25 ewu lan bleng e 8 ewu total e
nipun 55 ewu bu
Ibu :”niki artha ne bu (karo ngekek
i duit)
Ibu Tini :”la blonjoku piro bu,5 ewu ae
ya?”
Mbak Sri :”niki
mbun murah kangge bu tini”
Ibu :”bu tini kula balik dhisik
uwes wayah e ngirim bu,nek enten wektu mampir ing omahku yo
Ibu Tini :”pasti niku bu,sing penting
jajan e wonten kula mampir(karo nguyu)
Ibu :”gampang iku bu,kula balik
dhisik
Ibu tini :” ohh...iyo yu
Amarga urusane wis padha rampung,
banjur iku ibu-ibu lan anak-anak e wangsul ing omah e dhewe-dhewe. Bu Karto banjur
rewang kanggo mitoni anake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar