Kelompok
4 :
1. Ida Ariyanti (19)
2. Ika Puspitasari (20)
3. Imapul Putri Rina A. (21)
4. Inayah Ngesti R. (22)
5. Indri Wulandari (23)
6. Intan Ayu Paramita (24)
Kelas : XII OTP 2
Cerkak
Kemahku
Ing
sekolah pelajaran lan kegiyatane dianakake kanggo ningkatake sikap lan
kepribadene siswa supaya luwih becik, kayata kegiyatan Kemah Pramuka. Kegiyatan
Kemah iku uga kegiyatan rutin kang mesti dianakake ing saben sekolah mengengah
ing Magetan. Sadurunge ngawiti kemah aku melu apel pembukaan lan ngibarake bendera
pramuka ing lapangan desa Sumber Dukun. Kemahku iki dianakake ing desa Sumber
Dukun Ngariboyo magetan. Sakwise apel iku aku lan konco konco ngedekake tenda
sing digowo. Pas ngedekake tenda aku lan kanca-kanca diewangi kaliyan kakak-kakak pembina pramuka. Sakwise ngdekake tenda aku
lan kanca –kanca nata barang ing njero tenda lajeng leren karo mangan jajan
sing wis digawa saka omah. Kira-kira
wektune wis jam 09.00 kegiatan sakbanjure yaiku masang Tenda Dapur kanggo masak
suwine 3 dina ing kemah iku lan uga kanggo kegiatan lomba masak. Kegiatan lomba masak iku dianakake ing kemah
dina kesiji,lomba iku dianakake sekitar jam 11.00. ketentuan ing lomba masak
yaiku gawe panganan saka bahan telo rambat. Ing lomba masak iku reguku masak
kolak telo dicampuri gedhang. Bar
kegiatan lomba masak wetara jam 11.30 leren ing tenda karo sholat dhuhur ing
mushola sekitar lan sing ora sholat masak kanggo mangan awan sak regu. Sakwise sing sholat rampung aku lan
kanca-kanca mangan bareng ing njero tenda.
“Kepriye masakanku cah,
enak opo ora?” Indri takon marang kanca-kancane
“Enak kok Ndri, tapi
rasane kepedesen awakku sampek gobyos.” Ika nanggepi pitakone Indri.
“Lho mosok to Ka??”
“Tapi pedese iki enak
kok Ndri, mantep tenan.” Inayah nanggepi Indri.
Wektu istirahat bubar, terus dilanjutake kegiyatan Lomba
Semaphoredance kang dieloni marang kabeh peserta kemah iku. Ing lomba iku
pesertane padha kreatif lan kompak gerakane.Saben kelas diwakili 9 bocah,lan
bocah liyane lungguh ing pinggir e lapangan karo nonton penampilan peserta
lomba semaphore dance, swasana ing kegiatan lomba iku rame,nyenengake,lan
kegiatane meriah.
“Ayo cah lungguh ing
kene karo nonton perwakilan kelas 11 OTP 2, karo disemangati cah ayo.” Kandhane
Inayah marang bocah liane.
Ing lomba
Semaphoredance iki, pesertane padha gunakake atribut kang rena-rena kayata
bendera Merah Putih, Stiker bendera Merah Putih, Flare Asap lan sapanungglane.
Sakwise kegiyatan iku, wektu manjing wayah sholat ashar, banjur aku lan
kanca-kanca siap-siap adus lan nglaksanakake shalat ashar ing masjid. Bubar
shalat ashar lan resik awak/adus, banjur adzan magrib wis dikumandangake
peserta kemah lan kakak pembina pramuka padha njupuk banyu wudhu banjur
nglaksanakake sholat magrib berjamaah. Sholat magrib iku dianakake ing tengah
lapangan kang wis digelari tikar. Sholat maghrib iku dilaksanaake ing lapangan
Sumber Dukun lan diterusake sholat isyak berjamaah,nanging sak urung e sholat
isyak aku lan kanca-kanca bebarengan maca surat Yasiin. Sakbanjure kegiyatan sholat jamaah aku lan
kanca-kanca mbalek ing barak/tenda ne dewe-dewe, padha leren karo mangan bengi. Nalika mangan
bengi akeh sing padha nyeritakake kegiyatan kemah iki. Bubar mangan peserta
kemah diarahne supaya padha siap-siap kanggo acara kegiyatan pensi. Kelas 11
OTP 2 nampilake pensi Maca puisi sing temane tentang pramuka. Ing kegiyatan
pensi iki peserta pensi diwenehi kebebasan kanggo nentokake pensi sing arep
ditampilake, saka peserta pensi iku rata-rata akeh sing nampilake puisi lan
nyanyi. Aku lan kanca-kanca nonton pensi ing ngarepe panggung, ana sing dolanan
hp, mangan jajanan, diendangi wong tuwane, lan uga ana sing lara.
Kegiyatan pensi iku
dilaksanaake nganti jam 23.00, banjur acara pensi ditutup peserta kemah
diarahake turu amarga sesok isuk isek ana kegiyatan liyane.
Sinaring srengeng nembus kaca botol kaca ing pinggiran
lapangan ing dina keloro kegiyatan kemah iku, kegiyatan diwiwiti ngelakokake
senam isuk bareng. Kabeh peserta kemah lan kakak pembina pramuka melu gerakan
senam kang dilasanakake ing lapangan. Gerakan senam iku gampang banget
diterokake lan lagu pengiringe mathuk lan disenengi akeh uwong. Sakwise rampung senam banjur dilanjutake
kegiyatan masak, saben kelompok padha masak kanggo sarapan bareng. Senajan
masake nganti kebuleken keluk geni nanging aku lan kanca-kanca tetep seneng
amarga iso guyon lan crita-crita bareng rikala masak bareng iku. Sakwise
rampung sarapan, wetara jam 09.00 peserta kemah dikumpulake lajeng ngelanjutne
kegiyatan yaiku kegiyatan “Penjelajahan”. Penjelajahan yaiku kegiyatan kang
dilakoni dening kabeh peserta kemah kang mlaku wiwit panggon kemah ngeliwati
sawah, ratan, omah-omah wong sekitar lan
uga ing Kali Pleret Ngariboyo. Nalika ing perjalanan penjelajahan iki aku lan
kanca-kanca uga bocah liane wis siap gowo perlengkapan sing bakal dibutuhne
kayata banyu putih, klambi ganti lan jajan kanggo wayah leren. Penjelajahan iku
biasane diwenehi pirang-pirang pos, pos iku gunane kanggo leren peserta kemah
lan nguji pengetahuane peserta babagan
pramuka. Pungkasane penjelajahan yaiku Kali Pleret, ing kono peserta kemah
dirahne supaya jegur ing pelurutane Pleret. Nanging akeh bocah sing ora gelem
nyemplung ing Kali Pleret iku, amarga ora bisa renang lan wedi ndelep ing kali iku.
Sakwise acara jegur-jeguran ing Pleret rampung, banjur
pesrta kemah mbalek ing panggon kemah kanthi mlaku bebarengan. Bocah-bocah kang
wis jegur ing kali awake teles kebes banjur teko panggon kemah langsung adus
lan ganti klambi. Sabanjure kegiyatan Penjelajahan iku, peserta kemah padha
nindakake shalat dhuhur ing masjid lan uga dilanjutake yaiku kegiyatan Lomba
Pionering. Saben regu kelas wajib nyetorake perwaakilan bocah kang bisa gawe
kreasi Pionering utawa tongkat pramuka iki. Wektu kanggo ngerampungake
Pionering ditentokake panitia kemah yaiku 1 jam lan kudu bisa rampung anggone
ngerampunngake gawe Pionering. Nalika lomba Pionering, kanca-kanca kang ora
melu lomba iku padha leren ing tendaa lan ana uga kang turu awan.
“Penjelajahan mau
nyenegake lan seru ya cah?”. Ida takon marang kanca-kanca ing jero tenda .
“ Bungahne nanging ya
ngeselake sikil lan aawak.” Intan nyauri pitakone Ida.
“Iyo sikilku iki yo
kemeng kabeh rasane, ayo turu wae leren sek, pumpung ana wektu leren.” Ida
ngajak kancane leren turu.
Sakwise lomba Pionering
rampung, panitia kang badhe menehi biji marani hasil Pionering lan uga langsung
dibiji. Wetara 15 menit menehi biji kanggo Pionering iku, panitia banjur
ngumumake Pionering kang dadi juara 1, 2 lan 3. Ora dinyana regu kelasku dadi
juara 3, aku lan kanca-kanca padha bungah lan seneng.
Nalika lomba Pionering iku bubar, adzan ashar uga nyuoro
saka masjid kang cedak ing lapangan kemah, banjur peserta kemah padha budal ing
masjid kanggo ngelaksanakae shalat berjamaah. Srengenge kang wis awit medun,
nandakake wayah shalat magrib badhe enggal dilaksanakake. Jam setengah 6
kakak-kakak pembina lan peserta kemah padha nindakake shalat magrib berjamaah
lan uga dilanjutake maca Yassin lan pungkasane nindakake shalat isyak.
Sabanjure rempung shalat kakak pembina padha nyiapake peralatan kanggo
kegiyatan Upacara Api Unggun. Wetara jam 8 bengi aku lan kanca-kanca banjur
baris kang rapi miturut regune. Sakdurunge Upacara Api Unggun diwiwiti, ana
gladi resik supaya nalika upacara iso kelaksanan kanthi apik lan maksimal.
Upacara Api Unggun diawiti kira-kira jam setengah 9 nganti jam 10 bengi.
Sakwise upacara peserta ang kang lanang uga gawe bunderan kang ngubengi
Api Unggun kaliyan nyanyi bareng. Kanca-kanca
liya akeh kang foto-foto, guneman/ jaduman, lan ana kang diendangi wong
tuwane. Kegiatan sabanjure iku yaiku hiburan kang ditampilake yaiku rena-rena
contone yaiku akeh kang nampilake nyanyi ing dhuwur panggung. Bubar hiburan
kira-kira jam 12, aku lan kanca-kanca padha menyang tendane dhewe-dhewe lan uga
padha langsung turu.
Ing pungkasane kemah yaiku dina ketelu wayahe aku lan
kanca-kanca mulih menyang omah, rasane uwis ora sabar lan seneng banget.
Sakdurunge subuh aku lan kanca-kanca uwis padha tangi, amarga arep nindakake
sholat subuh berjamaah. Sakwise bubar sholat subuh dianakake kegiyatan senam
bareng ing lapangan, senam dilaksanakake suwene 15 menit. Sakwise senam aku lan
kanca-kanca adus ing omahe masyarakat ing sekitare panggon kemah. Kegiyatan
sakbanjure yaiku resik-resik tenda, mbungkari tenda dapur uga nata lan ngresiki
barang-barang sing digowo. Aku lan kanca-kanca banjur nyiapake barang-barang
kanggo persiapan Baksos, kayata mie instan, beras, lengo lan kecap kang uwis
diwadahi kresek. Barang-barang Baksos iku banjur dibagekake marang masyarakat
sekitar kang sekirane ora mampu. Sakdurunge kegiyatan kemah rampung dianakake
upacara penutupan dhisik. Upacara penutupan lan gladhi upacara penutupan
dilaksanakake suwene 20 menit. Sanajan upacara penutupan iku kalaksanan nalika
srengenge kang lumayan panas, nanging upacara iku tetep nduweni kesan rasa
bebarengan. Bubar upacara penutupan aku lan kanca-kanca ora lali kanggo
foto-foto bareng supaya nduweni kenangan nalika kemah iku. Wetara jam 11 awan
kemah iku uwis rampung sakabehane lan peserta kemah padha salaman karo kakak
pembina pramuka kang diiringi lagu perpisahan. Saka kemah iki aku lan
kanca-kanca bisa ngrasakake susah seneng bareng karo kanca lan bisa nglatih
sikap disiplin lan rasa tanggung jawab.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar