Selasa, 05 November 2019

Ra Sido Rabi Amarga Ditinggal Rabi


Kelompok 2
Jeneng anggota :
- Ales Dwissyah P.       (06)
- Alfina Diya U.            (09)
- Alistin Oktaviana K.  (10)
- Andini Febi T.            (12)
- Desi Oktavia             (31)
- Devayanti A.             (33)

“RASIDO RABI AMARGA DITINGGAL RABI”
            Ing sawijining dina ing sawahe Pak RT ana sakpasang bocah enom kang lagi kasmaran jenenge Ayuni lan Yudha. Bocah loro kui wis pacaran 5 tahun suwene. Ing sawah Ayuni lan Yudha mbahas perkara hubungane wong loro kuwi kang luwih serius. Ayuni lan Yudha wis nduweni rencana arep nglangsungake pernikahan.
Ayuni               : “Mas!”
Yudha              : “Opo dhek?”
Ayuni               :“Kapan koe arep nglamar aku?”
Yudha              : “Sik yo dhek, sabar.”
Ayuni               :“Sek ngenteni opo to mas?”
Yudha              :“Tak golek modal dhisik. Rabi kuwi mbutuhake ragat sing gedhe.”
Ayuni               : “Ya Allah mas. Rabine sederhana wae, ora usah mewah-mewah sing penting
                   sah!”
Yudha              : “Elae dhek, rabi pisan nggo saklawase mosok ora digedhek-gedhekne.”
Ayuni               : “Yowes mas sakkarepmu, sing penting ojo suwi-suwi.”
            Sakwise pacaran ning sawah, Ayuni diterke mulih karo Yudha. Wengine, ba’da Isya’, Ayuni dijak rembugan karo wong tuane, perkoro perjodohanne Ayuni.
Pak Agus          : “Nduk, reneo. Lungguh kene, lo.”
Ayuni               : “Nggeh, Pak. Rumiyin.”
Bu Sri               : “Ngene lo, Nduk, Ibuk arep ngomong, tapi awakmu ojo kaget ya.”
Ayuni               : “Nggeh, Bu. Wonten nopo?”
Bu Sri               : “Ibu karo Bapak arep njodohne awakmu karo anake Pak Lurah.”
Ayuni               : “Lha, Bu, Mas Yudha pripun? Kula kalih Mas Yudha sampun ngrencanakke arep
                   rabi.”
Bu Sri               : “Ibu wis nggolekke calon kanggo awakmu ben apik masa depanmu, Nduk cah
                Ayu. Deloken Yudha kae, gaweanne serabutan.”
Ayuni               : “Tapi lo, Bu, kula sampun kadung tresna kaliyan Mas Yudha, Bu.”
Pak Agus          : “Wis to, Nduk, manuto wae. Ora-ora nek wong tuomu iki nyengsarakke
                 awakmu. Bapak karo Ibumu ora bakal setuju nek awakmu tetep karo Yudha.”
Ayuni               : “Nggeh pun, Pak, Bu. Kula manut panjenengan mawon.”
Bu Sri               : “Ojo lali pedotno Yudha.”
            Akhire Ayuni mung nrimo ing pandum lan nangis sesenggukan ing kamar. Sesoke Ayuni njaluk ketemuan karo Yudha ing Telogo Sarangan.
Ayuni               : “Mas, aku arep ngomong tenanan.”
Yudha              : “Omong opo, Dek?”
Ayuni               : “Mas, aku njaluk pedhot.”
Yudha              : “Lho, lha nyapo, Dek? Kok ujug-ujug njaluk pedot? Enek opo, to?”
Ayuni               : “Ora opo-opo, Mas. Aku pengen pedot wae.”
Yudha              : “Lha alesanne opo, Dek? Jelasno.”
Ayuni               : “Yo ngono, Mas. Pengen pedot wae-“
Yudha              : “Lha opo mergo aku serabutan, Dek? Wis to, ngko nek  wes rabi aku tak kerjo
                             tenanan. Kowe tak jamin ora susah.”
Ayuni               : “Wis to, Mas. Pokoke aku pengen pedot. Sampeyan ora perlu ngerti alesanne.”
Akhire Ayuni mlaku ngalih ninggalne Yudha tanpa ngewenehi alesan sing jelas kenopo kok njaluk pedot. Yudha sing sih kaget banjur mlayu nyusul Ayuni.
Yudha              : “Dek, rungokno aku. Oke, kowe nek njaluk pedot, ra popo. Tapi, pisan iki e,
                              awake dewe mulih bareng.”
Ayuni               : “Wes, ora usah, Mas. Aku wis pesen Grab. Ora menak supir e ngenteni suwi.”
            Ayuni ninggali Yudha sing iseh kaget karo penjalukanne Ayuni. Ning pinggir telogo, Yudha bisa apa. Yen penjalukanne Ayuni ngono, yowis, Yudha isone mung nompo karo nratap nangis.
Let seminggu, Yudha iseh gagal move on karo Ayuni. Seminggu iki Ayuni ra ono kabar. Kabeh akses komunikasine Yudha diblokir karo Ayuni kayata Whatsapp, Instagram, ngasi Twitter. Koncone Yudha, Fatah, ndelalah nglewati omahe Yudha. Deknen marani Yudha sing nglamuni latar ngarep omahe.
Fatah               : “Yud, meneng e kenopo kowe?”
Yudha              : “Ora opo-opo, Tah. Kok tumben rene ki ono opo?”
Fatah               : “Ndeloke kowe ola-olo ngene iki seng nggarai aku mrene. Isuk awan sore bengi
                kowe gaene telfonan wae no karo Ayuni. Iki ono opo to jane?”
Yudha              : “Ojo ngomongi Ayuni sek, Tah.”
Fatah               : “Lho lho, ono opo jane kowe karo Ayuni?”
Yudha              : “Ayuni medotke aku minggu wingi, Tah. Aku galau seminggu iki.”
Fatah               : “Lho, kowe urung diomongi Ayuni?”
Yudha              : “Ha? Ayuni kenopo? Kowe eruh alesanne deknen medotke aku?”
            Fatah sing ndelalah nggowo undangan ngekekne nen Yudha.
Fatah               : “Kowe ora ruh iki?”
            Yudha maca undangan kuwi. Neng sampul tulisanne “Ayuni dan Arya”. Yudha bingung, sopo si Arya kuwi? Tanggal acarane kuwi 10 November, berarti lagi winginane Ayuni karo Arya rabi.
Yudha              : “Arya ki sopo?”
Fatah               : “Anake Pak Lurah, sing dadi Pegawai Bank kae.”
            Yudha lemes, tibake selama iki Ayuni medotke deknen mergo wong lanang liyo. Mbrebes mili eluhe Yudha. Cah wedok sing ditresnani Yudha mati-matian lunga nggo rabi karo wong liya. Fatah sing ning sandinge melu kaget, tibake Ayuni ora ngomongo Yudha. Fatah ngenengne Yudha kang nangis sesenggukan ing teras omahe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar