. MASA PUTIH KLAWU
Cerpen Karangan: Almaida Lathifa
Kategori: Cerpen Bahasa Jawa
Lolos moderasi pada: 22 January 2018
Rio Ardiansyah menika salah sawijining siswa kelas XII ing SMA Negeri 3 Bandung. Dheweke uga ketua OSIS lan pemain bal-balan sing paling apik ing provinsine. Mula ora gumun yen Rio terkenal banget. Sikape Rio ramah banget, ora sombong, lan seneng guyon. Nanging, Rio mlebu kategori siswa sering dihukum amarga sikape sing usil banget marang kancane, nakal, lan ndhuweni geng sing jenenge “IMPRESSIVE”
Ing salah sawijining dina, nalika bel istirahat, Rio menehi tulisan “I`m crazy. Please, kick me now!!” ing gegere salah sawijing kancane, Kemal. Para siswa padha ngguyu nalika Kemal lewat ing ngarepe. Kemal malah ngira yen wong-wong padha seneng dheweke. Ujug-ujug Alvin lan Rio marani Kemal lan Alvin nendang sikile Kemal.
“Kowe iki lapo toh, Vin? Teka-teka kok langsung nendang sikilku, ngajak gelut?” Jarene menyang Alvin.
“Nyoh, deloki!!” Jawabe Alvin karo menehi kertas sing ditulis Rio menyang Kemal.
“Masyaallah, pantes wae aku wong-wong padha ngguyu menyang aku. Tak kira padha seneng aku, malah jebule amarga kertas iki. Sopo iki sing nulis?” Pitakone Kemal.
“Iku..” Jawabe Alvin karo nunjuk Rio sing lagi berusaha lunga saka panggonan kuwi.
“Ee… Rioo!!!” Jare Kemal.
Kemal mlayu nggudhak Rio. Rio uga mlayu karo ngguya-ngguyu lan ndhelengi mburi. Mlayune Rio cepet banget, dadi Kemal ora bisa nyekel Rio. Nalika tekan cedhak lapangan bal-balan, Rio mandhek.
“Rio, bal-balan, yok!!” Ajakke Zaki, salah sawijing anggota genge.
Rio langsung marani Dio lan bal-balan nganti jam pelajaran pertama rampung. Pak Tono, guru olahraga, weruh yen Rio karo bala-balane ora melu pelajaran, Pak Tono langsung mlayu menyang lapangan lan ngamuk.
“Kowe padha lapo ing kene? Ayo mlebu kelas saiki!!!” Bentakke Pak Tono.
“Pelajarane mboseni, pak, enak bal-balan.” Jawabe Rio, santai.
“Yo wis, ayo saiki padha hormat ing lapangan nganti bel istirahat ke-2 muni!!” Utuse Pak Tono.
Rio, Zaki, lan bala-balane sing liya banjur padha hormat ing lapangan nganti bel istirahat ke-2 muni.
Teettt… Teettt… Teeettttttt…
Bel istirahat ke-2 uwis muni, Rio lan bala-balane langsung bubar saka lapangan. Nalika lewat ing kedai soft drink, Rio ndheleng yen musuh bebuyutane, Fajar lan Rama lagi tukaran karo siswi kelas X amarga Fajar lan Rama nerobos antrian. Rio banjur marani kedai kuwi lan pesen Pepsi kanggo siswi kuwi lan kanca-kancane.
“Iki.” Jarene karo mesem.
Fajar lan Rama langsung ngamuk lan nyadhuk-nyadhuk pasir. Sakwise muleh sekolah, kaya biasane, Rio langsung lunga menyang lapangan bal-balan. Rio kaget amarga ing lapangan kuwi ono Fajar lan Rama.
“Iki lapangan bal-balan, ora lapangan basket!” Jare Rio.
Fajar langsung nendang Rio nganti Rio tibo. Rio uga mbales Fajar. Ujug-ujug Vriska, siswi sing diwenehi Rio Pepsi mau teka.
“Uwis, bar!!!!” Jarene Vriska.
Fajar lan Rio ora nggatekake kata-katane Vriska. Dheweke tetep wae tukaran. Vriska banjur mlayu metu saka lapangan lan nggoleki Zaki. Nalika Vriska lan Zaki mlebu ing lapangan, Fajar lan Rio wis ora ana.
Esokke…
Vriska nyegat Rio ing parkiran. Dheweke arep menehi cokelat menyang Rio. Jam 06.45, Rio teka. Vriska uga marani Rio lan menehake cokelate menyang Rio.
“Mas..” Sapane.
“Eh, kowe kan sing ndek wingi tak wenehi Pepsi karo sing bangak-bengok ing lapangan, toh? Ana apa? Aku wis ora tukaran meneh karo Fajar, dadi kowe ora usah bangak-bengok maneh!” Jare Rio karo ngguya-ngguyu.
“Ora.., aku arep menehi iki.” Jare Vriska karo menehi cokelate menyang Rio.
“Ohh, suwun, yaa..”
“Heem.”
Vriska banjur lunga menyang kelase karo ngguya-ngguyu lan nari-nari. Rio uga ndhelengi cokelat sing di wenehi Vriska.
“Ekhm.., cokelat saka sapa iku? Kok kaet mau kowe tak dhelengi ngguya-ngguyu terus karo ndhelengi cokelat iku?” Pitakonne Zaki.
“Eh, Zaki.” Jawabe karo cengar-cengir.
“Iku cokelat saka sapa?” Pitakonne Zaki.
“Iki cokelat saka wong sing tak sayang.” Jawabe Rio karo mesem.
“Lho? Sejak kapan kowe pacaran?” Pitakonne Zaki maneh.
“Durung. Aku durung ndhuwe pacar, yen calon ana.” Jawabe Rio maneh.
“Sapa?”
“Sesok kowe bakal reti dewe.” Jawabe Rio karo mlaku menyang kelase.
Nalika istirahat, Zaki ora sengaja nabrak Vriska nganti bakso sing digawa Vriska utah. Rio sing reti kedadean iku arep nulungi Vriska tapi Zaki wis nulungi Vriska ndhisek.
“Eh, maaf, ngko tak tukokake maneh.” Jare Zaki.
“Ora usah, mas. Aku arep mbalek menyang kelasku wae.” Jare Vriska.
“Ora bisa. Pokoke aku kudu ganti rugi. Sek nteni sedhelo, ya!”
Rizky banjur nukokno bakso maneh kanggo Vriska lan mangan ing sebelahe Vriska. Ujug-ujug Rio teka lan lungguh ing ngarepe Vriska lan Zaki.
“Mangan kok ora ngajak-ngajak?” Jare Rio.
“Eh, lali aku.” Jare Zaki.
“Karo kanca dewe kok lali? Sek ya, aku tak tuku jajan.”
Rio banjur tuku jajan lan mangan ing ngarepe Vriska. Vriska ora mangan nanging dheweke malah ndeloki Rio terus. Rio sadar yen Vriska ndeloki dheweke. Rio banjur ndeloki Vriska lan wong 2 kuwi padha delok-delokan.
“Ekhm.., Vris, sikilmu ora kenapa-napa, toh? Apa perlu tak terna mbalek ing kelasmu?” Pitakonne Zaki.
“Ora, kok, ora usah. Aku bisa mbalek dewe.” Jawabe Vriska.
Vriska banjur ngadhek lan ujug-ujug tibo. Dheweke ditampani dening Zaki.
“Ayo, tak terna tekan kelasmu!!” Jare Zaki.
Zaki lan Vriska banjur lunga ninggalake Rio. Rio dadi wegah mangan ndeloki kedadean kuwi.
“Makasih, ya, kak.” Jare Vriska.
“Masama. Eh ngko kowe mulih bareng aku, ya?” Jare Zaki.
Vriska manthuk-manthuk.
Teettt… Teettt… Teeetttttt…
Bel tanda mulih sekolah wis muni, Rio banjur lunga menyang kelase Vriska lan ngajak Vriska mulih bareng. Nanging, Vriska wis ora ana ing njero kelase, dheweke banjur ndeloki parkiran lewat ndhuwur.
“Jebule Vriska mulih bareng Zaki. Ya wis lah aku ngalah wae.” Jare Rio karo susah.
Sakwise tekan omah, Rio dikandhani ibue yen bapakke ana tugas ing Australia lan lusa kudu wis mangkat.
“Rio, dadi sesok kowe ora usah mangkat sekolah, ya? Kowe nyaipno barang-barangmu sing arep mbok gawa wae!!” Utuse Ibue Rio.
“Tapi, bu, kula pengin ngucapno salam perpisahan kalihan kanca-kanca, bu.” Jare Rio.
“Ya wis yen pinginmu ngono.”
“Matur suwun, bu.” Jare Rio karo ngerangkul ibue.
Rio banjur lunga menyang taman ing mburi omahe lan nyabut kembang mawar putih ing kono. Dheweke banjur mlebu kamar lan ngeresiki kembang kuwi. Rio uga nyatakake perasaane lewat kertas sing arep ditaleni ing kembang kuwi.
Esokke…
Nalika bel mulih sekolah muni, Rio ngenteni Vriska ing parkiran. Ujug-ujug ana wong ngebel dheweke. Jebule iku Zaki karo Vriska. Dheweke banjur lunga menyang kelase Vriska lan nyelehna kembang mawar putih kuwi ing dhuwur kursine Vriska karo sedhih. Rio banjur medhun lan lunga menyang lapangan bal-balan dhewekan. Vriska eling yen buku tugase keri ing laci meja. Zaki banjur putar balik menyang sekolahan. Vriska banjur mlayu menyang kelase, nanging dheweke weruh yen ana Rio ing lapangan bal-balan. Vriska banjur mlebu ing lapangan.
“Mas?” Jare Vriska.
“Vriska? Bukanne kowe mau wis mulih ya?” Pitakonne Rio.
“Buku tugasku keri ing laci meja. Lha kowe lapo kok ana ing kene, mas?” Pitakonne Vriska balik.
“Aku pengin ngucapake salam perpisahan karo seseorang sing tak sayangi. Tapi dheweke wis mulih karo wong sing dheweke sayangi. Dadi aku lunga menyang panggonan iki amarga wong sing tak sayangi tau bengak-bengok ing kene nalika aku tukaran.” Jawabe Rio.
Vriska mok meneng wae. Dheweke ngira yen sing dimaksud Rio iku ora dheweke.
“Vriskaa? Ayo!!” Undange Zaki.
Vriska banjur lunga ninggalake Rio lan lunga menyang kelase.
“Vriska, good bye my love!!!” Jare Rio karo bengok nalika Vriska lan Zaki wis lunga.
Nalika Vriska tekan bangkune, dheweke ndelok kembang mawar putih ing kursine lan dheweke maca surat sing ditaleni ing kembang kuwi sing isine:
Vriska…
Sakbenere aku iki seneng marang awakmu…
Aku pengin nyatakake perasaanku iki langsung, nalika nalika aku arep nyatakake perasaanku, Zaki teka menyang ngarep kelasmu lan nyatakake perasaane luwih ndhisek…
Vriska…
Aku weruh yen kowe ora seneng marang awakku…
Tapi aku pengin nyatakake perasaanku iki sakdurunge aku lunga menyang Australia…
Vriska…
Aku mung bisa ndonga…
Muga-muga kowe bahagia karo Zaki…
Wis cekap semene wae, Vriss…
Yen kowe ora seneng kembang iki, buwak wae ora apa-apa…
GOOD BYE MY LOVEE…
RIO ARDIANSYAH
Vriska banjur nangis lan mlayu menyang lapangan bal-balan. Nanging, Rio wis ora ana ing kono.
“Vris? Kenapa kowe nangis?” Pitakonne Zaki nalika papasan karo Vriska.
Vriska ora njawab dheweke langsung mlayu menyang parkiran lan ndelok yen Rio wis mulih. Dheweke banjur mlayu karo ngundang-ngundang jenenge Rio. Tekan ngarep gerbang, dheweke lungguh lan nangis. Ujug-ujug ana wong sing ngundang jenenge.
“Vriska…”
Vriska noleh menyang asale suara kuwi. Jebule sing ngundang dheweke kuwi Zaki.
“Vriska, ayo mulih!!”
Vriska banjur ngadhek.
“Mulai saiki aja ganggu aku maneh! Aja ngeterno aku mangkat lan mulih sekolah! Pokoke mulai detik iki, aja ganggu aku!” Jare Vriska.
“Vriska, kowe kenapa?” Pitakonne Zaki.
“Kancamu uga seneng karo aku, nanging dheweke ngalah demi kowe! Saiki dheweke wis lunga…” Jawabe Vriska.
“Kancaku? Sapa?” Pitakonne Zaki maneh.
Vriska menehno kertas sing ditulis Rio menyang Zaki.
“Rio??” Jare Zaki ngamuk karo arep nyuwek kertas kuwi.
“Aja suwek kertas iku! Dheweke ngorbanake cintane demi kesenenganmu, bayangno yen kowe ana ing posisine, apa kowe bakal ngelakoni apa sing dilakoni Mas Rio? Ora, toh?” Jare Vriska.
Vriska banjur njipuk kertas sing ditulis Rio saka tangane Zaki.
“Ko.. ko..we uga seneng… Rio?” Pitakonne Vriska.
“Iya. Kaet awal mlebu SMA iki aku wis seneng karo dheweke.” Jare Vriska.
Vriska banjur mulih karo mlaku lan nangis. Nalika tekan omah, Vriska langsung lunga menyang taman ing sebelah omahe lan nanem kembang mawar putih sing diwenehi Rio karo nangis lan berharap waktu bisa dibaleni maneh.
_SEKIAN_
Tidak ada komentar:
Posting Komentar