Katresnan Katampik
Ing wayah isuk Rama wes siap nganggo klambi seragam putih
abu-abune,Sakdurunge mangkat sekolah dewekhe mesti resik-resik lan ngrewangi
ibune persiapan bakul menyang pasar,urip e susah sakbendinane jarang mangan
amarga wong tua ne ngopeni 5 anak,lan Rama dadi anak mbarep e.
Masio keluargane rekasa nanging Rama kerep ngunjuk syukur lan sregep sembahyang. kaluargane
seneng lan harmonis ora tau padu, Rama bocahe becik , Sopan, lantip, Menengan
lan ora tau pacaran.
Jam 3 Rama wes tangi
ngrewangi ibune tata-tata kanggo bakulan,Ibuk e bersyukur nduwe anak manut koyo
Rama.
“Buk kapan nggih uripe kita iso mulya?” takon e Rama marang
ibune
Banjur ibune nuturi “Sabar ya Le,mulane sekolah sing sregep
ibuk mung bisa ngewehi sangu donga mugo-mugo cita-citamu kelakon dadi Tentara”
“Inggih buk kulo usaha lan donga sekuat tenaga,lha pripun nek
mbenjing daftar mlebet tentara niku ngetokne kathah biaya?”Ucap e Rama sendu.
“Ora enek sing ora mungkin Le,Gusti Allah ngerti dalan sg
apik kanggo hambane sg ikhtiar. Semangat le Ibuk kerjo nibo nangi demi kowe. Sekolah
tenanan ya ojo pacaran”
“Iyo Le ojo pacaran,Bapak kerjo ning Sawah dinggo ngopeni
kowe le amprih e dadi bocah guna kanggo kabeh uwong le, dadi wong sukses ben
iso mikul dhuwur ngangkat derajat e wong tuwo” Bapake melu nambahi omong.
”Inggih Pak kulo ngertos”
Rama wis siap nganggo klambi putih abu-abune banjur manas i
motor butut e lan siap-siap sekolah, sakdurunge Rama sembahyang donga marang
gusti mugo-mugo kekarepane dadi TNI kawujud
Jam setengah 7 Rama mangkat sekolah,Dheweke seneng banget sekolah ing sekolah sing bocahe
menak-menak,dheweke ora nyangka bisa mblebu ing sekolah apik iki.
Rama mesti nggowo bekel sing digawekne ibuk e saka omah dadi
dheweke ora tau jajan.
“Ayo Ma Jajan neng kantin “ Ajak e Ferry “Dishik o wae aku gak jajan”Rama Nyauri karo
ngguyu “Lha Nyapo?” Ferry tetep kekeh ngajak i Rama Neng kantin,
”Gakpopo duitku tak
celengi nggo tuku sepatu Bal-balan”
“Santai wae Ma tak bayari.....”
Pancen dasar e Ferry iku bature Rama paling Sugih sak kelas
Dheweke ora pernah mbedak-bedakne kanca lan dermawan.
3 tahun neng sekolah Rama sakbendino Awor Ferry terus amarga
mung Ferry sing iso ngerteni Rama,Susah seneng dilewati bareng
“Ma bar iki we arep nerusne kuliah opo kerjo?” Takone Ferry
“ Pengenku Daftar Angkatan,aku pengen banggakne wong tuaku”
saurane Rama
“Yo Amin mugo-mugo kelakon ikhtiar lan donga sing tenanan ya
Ma”
“Kui Pasti bos”saurane Rama semangat
Ra keroso wektu wes nunjukne jam 3 berarti wayahe mulih
sekolah
“Ma Ayo mulih” Ajak e Ferry “Iyo Fer Dishik o,Aku seng arep
nemoni pelatihku bal-bal an”
“Yowes Ati-ati neng ndalan” banjur Ferry muleh dhisik.
Sakbare nemoni pelatihe bal-bal an Rama mulih pikiran ne
pengen ndang teko omah ndang ngewangi wong tuane,Tapi tekan ndalan moro-moro
motore olik tibak e ban e bocor,Kepriye Rama ora tau gelem sangu sekolah duite
mesti dicelengi ditinggal neng omah
“Duh kepiye ban ku bocor,arep nambal ora nggowo duet” Rama
omong Dewe karo nuntun motor.Moro- moro enek bocah wadon ayu banget bedo
sekolah mandek neng andeng e Rama “Nyapo motore mas?” masio ora kenal bocah
wadon kui katon khawatir marang Rama
“MasyaAllah ayu ne”Batin e Rama ,Sadar teko lamunan e Rama
nyauri “Ban ku bocor”
“Lha ngopo kok gak ndang ditambal?” Takone maneh “Aku gak
sangu” Saurane Rama karo lesu. “Ayo neng bengkel,aku sing mbayari”
“Ojo aku sungkan ngeneki,wes gakpopo tak nuntun ae”
“Gakpopo ayo,”peksone Shinta
“yowes suwun yaaa,ngko tak ijoli”
“Halah omong opo”
“Oo iyo jenengmu sopo?”
Takon e Rama marang Shinta
“Shinta,Lha kowe?” Shinta takon balek “Aku Rama” wong loro
kui jabatan tangan “we kelas piro Ma?” “kelas 3 SMK Penerbangan kui lo,lha
kowe?” “Podo aku yo kelas 3 sekolah neng SMA 1 Maospati”
“Wah cedhak nek no,oleh nyuwun nomer HP mu gak?sewaktu waktu
nek aku meh ngijoli iki” Saurane Rama bungah.
Sakbare saka bengkel mau tekan omah Rama cerito marang bapak
ibuk e yen ditulungi bocah wadon ayu,Rasane Rama mulai tresno Marang Shinta
tapi piye maneh dheweke sadar diri yen kui sesuatu sing ora mungkin terjadi
amarga Rama ngerti Shinta bocah apik lan anak e wong sugih.
“Ibuk kula dekwau ditulungi tiang pas ban kulo bocor”
“MasyaAllah baik tenan to le lanang opo wadon?” kaget ibune
“Wadon bu ayu tenan lo”Saurane Rama semangat
“Yowis le ojo mikir cewek dishik ya sekolah sing pinter ya”
Sakbare kui rama langsung ngubungi Shinta ngejak ketemu
mbalekne duit sing disilih mau,amarga
Rama ngeroso utang marang Shinta.Wong loro kui ketemuan neng Terminal
Maospati.Shinta teko numpak motor,Rama langsung Batin Ayu tenan Shin,apik atimu
mugo-mugo oleh wong apik.
Shinta Ayu,Putih,Manis,lan atine apik mulane akeh sing seneng
dee tapi wong tuane Shinta Ora seneng nek Shinta bergaul karo wong lanang opo
maneh Rama sing lair saka wong biasa.
Saklakune wektu Rama lan Shinta sansoyo.Rama ngomong Tresna
marang Shinta lan tibak e Shinta yo nyimpen rasa marang Rama Akhire wong 2 kui
podo tresnane lan pacaran.
Rama ngeroso bersalah marang wong tuane amarga wes
meneng-meneng nduwe pacar Cepet lambat suwe-suwe wong tuane podo bakal
ngertine,Rama sadar wong tuane Shinta ora sembarangan milihne Sisihan kanggo
Shinta,Tapi piye maneh jenenge rasa ora enek sg bisa menggak,mekso opo maneh
misahne kajaba kekuatane gusti Allah.
Tiba wektune wisuda SMK,Rama mangkat ing Graha Dewanto
digandeng wong tuane
Nganggo jas katon Bagus,gagah lan wes cocok menawa dadi
Angkatan.Wong tuane nganggo busana biasa,ora berlebihan amarga nduwene kuwi.
“Alhamdulillah ya Le
ra keroso wes lulus”
“Inggih pak bu dongakne lolos tes TNI nggih” Rama nyuwun
donga
“Iyo le bapak lan ibu mesti dongakne”
Sakbare Acara wisuda Shinta telpon Rama ngucapne selamat
lulus,Pas telponan Shinta ketauan wong tuane amarga ingkar janji ora pacaran
jebule malah ingkar.Rama diparani wong tuane Shinta lan dikandhani ora oleh
neruske hubungane amarga Shinta iku anak
e wong sugih ora sebanding derajat e.
Karo telpon Rama omong marang
Shinta
Rama Cerito
“Shin sampek sakmene ae ya
awakdewe,aku wes gak iso nerusne” Ucap e Rama
“Opo merga bapakku we dadi koyo
ngene,yowes gakpopo semangat tes ya mugo-mugo lolos trus pendidikan”
“Sepurane ya nek aku akeh salah,
Pancen dalane ngene nek tanah ora ketemu maneh berarti ora jodoh”
Saiki Rama wes dadi TNI AU tugas
neng Lanud Iswahyudi,6 tahun pisah karo Shinta,sampek saiki Rama durung iso
lali marang Shinta dhewek e isih tresna kepiye kabare Shinta ora ngerti....
Nama kelompok :
1. Richa Duwi
P (25)
2. Ridha
Oktaviana (26)
3. Rinta Riski (27)
4. Riris M (28)
5. Riz’ki Nur (29)
Rizky
A (30)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar