Kamis, 07 November 2019

Sinem


Sinem

Mbahku duwe jeneng mbah Sinem karo mbah Suradji, ning karo wong sekitar omahe simbahku dheweke luwih sering diceluk Mbok No karo Mak No. Omahe mbahku manggon ing dukuh metegal desa Sumberdodol. Mbahku pegaweanne marung dodol wedang kopi, telo goreng,gedang goreng, tempe goreng,tahu goreng,onde-onde,ondong-ondong, lan rangin. Mbahku yo dodol sego pecel, sego rawon, sego pecel lawuhe iwak wader.Panggonane marung simbahku ning pinggir dalan, cedeke sumber sendang karo pasar sendang. Wong-wong sing tuku podo ngantri, roto-roto sing tuku iku wong balik soko pasar soko sawah lan wong andong montor, jaman biyen montor andong nyang tapak lewatngarepan  warunge mbahku akeh, saenggo akeh sopire si mampir jajan neng warunge simbahku. Warunge yo cedek pasar dadi nek butuh sayur, opo bahan masak si diperlokne kanggo marung wes enek neng pasar kuwi dadi ra adoh-adoh leh tuku barang, sing lumayan adoh yo tuku daging sapi ning Pasar Sayur Magetan.
            Mbahku  ikuduwe anak 4 si kepisan Suparno, kepindo Sutoyo, ketelu Sumilah lan si ragil jenenge Suratmi. Anak e si kesiji manggon ing Ponorogo, keloro ning Cibubur, ketelu iki si paling cedek karo mbahku yaiku ning Ngablak Sumberdodol lan si ragil manggon ning Pondok Aren. Mbahku iku watake kalem, sabar, unggah ungguh lan sopan santun.  Mbahku wonge grapyak ora tau mbedo karo sopo wae, mbahku yo nduwe sifat ora tegonan karo wong sakiwa tengene dadi nek enek opo-opo mbahku mesti melu ngewangi lan ora jaluk balas jasa utawa pamrih. Putu si paling cedek karo mbahku iku yo aku si paling akeh jajane yo aku mulane aku tresna banget karo mbahku. Dhewekke ora tau nyeneni aku de’e mesti ngomongi aku si apik-apik ben aku mbesok dadi bocah sregep, pinter lan dunung marang wong tua.
Pas SD aku ndisik di daftarne karo ibukku neng SD Sumberdodol 2, la sekolahanku kui cedek karo gone warung mbahku, kapan mulih sekolah aku mesti diceluk mak ku kon mampir kon maem, tapi aku jarang maem aku mesti jaluk jajan koyo gedang  goreng utawa telo goreng. Sakbibare maem jajan kuwi aku mulih bareng konco-koncoku mlaku aku mesti diwei duet karo simbahku diwenei rong ewu, jaman aku cilik duet rong ewu iku wes akeh wes iso go jajan opo-opo si pengen tak tuku. Simbahku kadang nyeluk aku iku yo salah bocah si diceluk udu aku, amergo bocah sd nek mulih sekolah bareng dadi mbahku kadang bingung goleki putune si endi.
 Mbahku yo tau njupuk ne raportku sd nek umpamane ibukku gak iso njupukkne terus nek si jupukne raport mbahku nek aku oleh peringkat aku mesti di wei hadiah mbuh kuwi sandangan, dolanan opo duet, kadang aku nek mulih sekolah males balik nyang omah aku nunggu dijipuk ibukku ning warunge simbahku.
Aku nek tanah ora dijipuk ibukku aku melu turu ning warung karo simbahku, dadi aku gak dadak balik njupuk salin mergo aku sering ninggal salinku dolan neng warung simbah terus nek aku turu neng warunge simbah mesti sesoke pas dino prei dadi ora perlu nyiapne go barang sekolah sesoke. Ngono kui aku adus neng sumber sendang, banyune jan adem mergo banyu sumber si disek dewe si paling resik nek adus neng sumber sendang kui ibarate adus karo renang mergakne gonne adus nyekungkung koyo blumbangan ning banyune jan bening lan resik, aku nek adus karo dolanan disik golek iwak cempluk kadang sampek diseneni mbahku mergo adussku sing suwi.
            Jaman semono warunge mbahku iku termasuk warung sing paling rame, silah silih uwong gonta-ganti ngantri jajan neng warunge simbahku. Aku pas sekolah SD karo bapak ibu guru sering diceluk putune bakul rawon, tapi aku ngerti bapak ibu guru kui nyeluk aku ngono kui guyonan amarga bapak ibu guru kuwi sering jajan neng warunge simbahku lan simbahku mesti nyeritakne nek aku iku putune mbah. Aku pas SD yo nek luwe opo sangu sidiwenehi ibukku wes entek gek aku isih luwe aku pas ngaso moro neng warunge simbah terus jaluk maem. Pas aku njaluk maem aku ditekoni simbah “ nduk koe maem opo?” terus aku ngomong nyang simbah “ aku nyuwun sego pecel mbok e, ditambahi suwiran iwak pitik” terus mbahku nyauri karo moro nyang pawon “ awakmu iku nek jaluk maem kok ratau ganti to nduk-nduk “ “la tanah aku seneng karo sego pecel lo mbok” bar iku mbahku menehi aku maem karo ngomong “ ndang di entekne ngko  nek selak masok kelas” bibar maem aku ngomong nyang mbahku “ mbok e aku wis bar maem aku meh nyang sekolahan maneh.” Mbahku nyauri “ iyo ndang mangkat nduk” aku nek nyeluk mbahku iku mbok dadi ojo kaget yo hehehe.
            Ndisik aku karo masku iku sering banget neng warunge simbah aku karo masku yo ngewangi ngedoli jajannan uwong si tuku,kapan bar ngewangi mbah aku  karo masku diampiri ibuk opo bapak terus dijak mulih mlaku bareng amergo dek disik pas aku cilik neng desoku iku akeh si ngomong enek penculikan, mulo soko kui bpk ibukku nek aku mulih dewe diwanti-wanti kon ngati ngati tapi luwih sering nek aku balik sekolah opo balik soko ngendi ngono dijipuk utowo diampiri bapak ibukku. Mbahku yo sering nitipne aku ning uwong si dikenal si omahe sak arah karo aku amergo mbahku yo wedi neka ku balik dewe ngko nek culik soale wes enek bocah si nate meh keculik tapi bocah kui untunge langsung bengok lan langsung mblayu dadi gak sido keculik.
            Taun nyelot taun aku mundak gede, simbah yo mundak tuek deweke karo anak-anak e dikongkon leren leh marung terus diganteni karo mbakku si kesiji, tapi mbahku yo tetep ngeyel wonge ora gelem nek dikon leren leh marung.Alesane mergo deweke nek neng omah kidul iku sepi bedo karo neng warung si rame uwong, wonge iku nek neng panggonan sepi binggung mergo ora ana kancane. Nanging nyelot sue mbahku yo gelem balik neng omah kidul si mbedakne panggonanne warunge mbahku karo omah e kidulmbahku yoiku mung warunge neng lor kali terus omah kidule iku kidul kali dadi sing nugel omahe mbahku karo warung iku yo kali klegung kuwi ning jarak e soko kali klegung nyang warung utowo nyang omahe simbah iku yo lumayan adoh.  Nek neng omah kidul iku tanah sepi jarang uwong si liwat paling akeh liwat yo mung mangkat utowo balik tekan sawah, dadi mbahku cerito nyang anak-anak e yo lumayan kajok amergo biasane rame enek si ngajak omong-omongan oleh cepet informasi terus saiki malah meneng neng omah e.  Omahe mbahku iku yo jane cedek karo omahe mbak-mbake ning sarano mbak-mbake podo kerjo bakulan neng pasar dadi mbahku yo ngroso sepi nek ketemu karo mba-mbake kui e yo pas sore opo pas awan ngeteri jajane soko pasar.
            Nalika mbahku pindah neng omahe si kidul, aku jarang ketemu karo simbah. Aku pas dolan neng omahe simbah diomongi karo wonge “ nduk nek malem minggu ngonokae mbok yo turu neng omahe mbah, terus minggu awanne ben dijipuk masmu.” Terus kapan malem minggu aku mesti turu omahe mbahku si ngakon  ibukku, ben embah ku nduwe batur.  Sak dilalahe aku kui yo nduwe konco sak kelas si omahe cedek karo omahe mbahku, dadi nek setu awan balik ko sekolahan aku karo kancaku mlaku bareng mulih nyang omahku, aku nyiapne klambi go salin kui dino jumat bengi karo nata buku pelajaran dadi ben ogak keri. Aku yo cedek banget karo koncoku dadi nek mulih sekolah dino setu opo minggu isuk sak gurunge dijipuk masku dolananku karo koncoku iku. Dolanan jaman bien yoiku engklek, nekeran, pit-pitan, dakon ,bekel lan sak panunggalanipun.
            Aku yo nduwe ponakan lanang lan wedok dheweke iku mas karo adine,  nek aku malem minggu turu omahe mbahku bocah loro kui mau mesti melu turu neng omahe mbahku yoan. Bocah kui mau meskio adek karo mase neng ora tau akur mesti kerah wae, masse nggawe adine nangis la adine adine laporan nyang mbahku saenggo podo rusuhan lan ponaanku si lanang diomongi karo embah ben ora ngganggu adeke terus-terusan.
            Mbahku iku seneng banget yen putu karo buyute podo neng omahe mbah, jare rasane koyo nduwe anak cilik maneh.Terus mbahku iku nek putu buyute kumpul dhewekke bingung e ngakon maem, ngakon ndang adus, ngakon neng iki kuwi amergo mbahku iku pengene putune awor terus. Pas dino minggu awan utowo sore aku dijipuk masku mergo senen e aku yo mlebu sekolah nek aku dijupuk masku ngono kae mbahku iku rasane koyo nggondelli aku ben aku turu e neng omahe simbah, ning karo bapak ibukku nek ben minggu awan utowo sore mesti ngakon masku kon jupuk.
            Pagaweanne simbahku sak bibare pindah omah ning omah kidul yaiku resik-resik, masak pokok eora kerjo si abot- abot. Mbahku nggo ngisi wektu sing kosong karo mbak-mbake diteri pandan kon ngrajangne dadi mbahku iku yo pinter ngrajang pandan. Terus nek sore ngono kae rajangane pandan diterne makku neng omahe mbake terus opahe yo kadang diwenehi duwit kadang yo diwenehi jajan.Mbahku ngrajaang pandan iku yo iso cepet, mbahku cerito neng aku nek ngrajang pandan kadang iku dhwekke ngantuk tapi kadang nek ora nyambut gawe opo ngono yo bingung dadi mbahku milih ngewangi mbak e ngrajang pandan terus didol nyang pasar magetan.
          Pandongaku mbahku iku semogo seger waras ora tau loro saenggo iso panjang umur lan iso ngemong putu buyutte supoyo dadi bocah pinter. Mbahku iku nduwe loro sikile iku gatel-gatelen, terus digolekne obat nyang dokter, nyang wong tuwo iku kadang seminggu garing bar kui abuh meneh, tapi perlu dicontoh ya cah mbahku iku ngrasakne loro tapi ora diketarani maksute loro ning wonge ora tau sambat….Obate mbahku iku yo kadang slaep, blonyohan bahan-bahan alami, obat pokok esembarang obat si soko dokter opo ko sopo wae si ngomongi dilakoni tapi yo iku mau balik maneh seminggu graing seminggu maneh abuh, ninh sing terakhir iki kae dhewekke periksa lan ditukokne obat soko dokter kulit akire cocok lan sikile si abuh malih kisep lan garing.
            Iki cerito cerkak ku karo simbahku, matur suwun sing wes moco, tindakan si apik-apik monggo ditiru lan si elek-elek ojo ditiru, nek enek ucapan si salah kulo nyuwun ngapuro.
Nama Anggota:
1.      Nadia savitri
2.      Naomy febianty
3.      Neny pebriana
4.      Niken rahmawati
5.      Niken yuliana
6.      Nikmatur rosidah

Tidak ada komentar:

Posting Komentar