Ojo dadi wong
gumedhe
Ceritane awan mau ing sekolahan imama entuk
undangan ulang tahun ririn kang arek di rayaake sesok minggu. Imama seneng
banget, imama pancen seneng banget pesta amarga ing pesta deweke biso mamerake
sayake kang apik lan larang.
Bapake imama pancen sugih, imama sing jenenge
dawarara utama surya negara iku anake juragan batik kang sugih. Bapake, pak
surya negara kerep tindak luar negeri. Imama kerep ditukokake barang sing
larang saka luar negeri awujud sepatu, tas, jam tangan lan uga dolanan.
Barang-barang kuwi mau banjur di pamerake
kanca-kancane ing sekolahan. Awan iki sakwise muleh sekolah, imama banjur melbu
ing kamare, kabeh isi lemarine di obrak-abrik, sayak, tas, lan macem-macem
panggonan liyane, kayata : anting-anting, kalung, gelang, ali-ali, di tokake
kabeh, senadyan imama durung ganti seragam.
Mbok nah rewange imama seng kawet mau ngakon
imama mangan awan mau ora digagas. Akhire, imama kekeselen banjur keturon.
Naliko turu, imama ngimpi nekani pesta, imama nganggo sayak warna abang branang
lan uga sepatu abang ing pesta kuwi, imama dadi kembang pesta, kabeh undangan
sing teko kesengsem marang ayune imama.
Dumadaken, tok tok tok !! ana sing dodok kamare
imama. Imama mak jenggilak tangi karo bingung.amat-lamat imama krungu swarane ibune.
“Imama imama, ayo buka lawange, kowe urung mangan awan lho”
Imama kaget banjur bukak lawang kamare. Ibune
imama domblong pirso kamare imama sing kaya kapal pecah. “Imama imama, ana apa
iki? Kok sayak, sepatu, katon awut-awutan ing ngendi-ngendi? Kok durung ganti
seragam barang?”
Imama kepekso cerito ibune ngenani undangan pesta
soko ririn. “Bu rencangi imama milih sayak kangge pesta dinten minggu menika
sampun dinten jum’at lho…” mbenjing sabtu dados Kantun kaleh dinten
pestanipun.”
“Iya mengko ibu pilihke. Saiki ganti klambimu
disik terus mangan awan”. Dawuhe ibune imama. “Inggih bos” wangsulane imama.
Mbok arepo ibune wes milihke sayak kanggo imama,
nanging imama isih durung ayem atine. Saben bengi, dheweke ngilu karo
matuk-matukke awake kanggo sayak pesta. Imama mlaku wira-wiri megal-megol kaya
pragawati nganti tengah wengi, nganti rong dina iki dheweke tangi kawanen
terus. Akhire, wis tekan malem minggu. Sesok isuk iku dino sing di enten-enteni
imama bengi iku imama ora bias turu. Imama terus mbayangake ramene pesta ulang
tahun neng omahe ririn. “Ah, aku mesti dadi tamu sing paling ayu.” Bathine
imama
“Dandane sari, lia, dini mesti biasa-biasa wae
sayake yo mesti yo ora apik koyo sayaku.” Imama nglamun terus, nganti ora kroso
wis jam 1 bengi. Nanging, akhire imama keturon dewe. Imama angkler nganti ngipi
apik banget. Dumadakan, kukuruyuk-kukuruyuk swara jago kluruk wis muni
bola-bali nanging nganti srengengene dhuwur, imama durung tangi.
Ora ana sing nangeake imama. Mbok nah wis mangkat
menyang pasar lan bapak ibuke imama uga uwis tindak mlayu-mlayu esuk, kaya
biasane yen dino minggu esuk. Imama njenggelek tangi nalika krungu jam tembok
muni ping sanga.
“Oh wis jam sanga ! aku telat teka ing pesta !”
imama mbingungi dhewe. Imama banjur mlayu menyang kolah, adus byar byur byar
byur. Bubar adus, imama langsung nyaut sayak pesta sing wis dipilihke ibuke.
Banjur sat set sat set dandan lan pupuran, ora lali nganggo bando,
anting-anting, kalung, lan gelang.
Ora kroso jam Winnie The Pooh ing dhuwur mejo
riase imama pandome ana ing angka sepuluh. “Waduh!!!” imama saya kemrungsung.
Imama nyaut sepatune sing ditata ing rak sepatu.
Sepatune imama akeh banget, pirang-pirang pasang imama kesusu banget. Imama
langsung ngakon supire, pak pardi ngeterake menyang omahe ririn.
Nalika tekan omahe ririn, pesta ulang tahun wis
dimulai. Imama mlangkah mlaku katon yakin eseme marang tamu-tamu sing kabeh
kanca sekolahe dhewe. Imama banjur mlaku menyang panggonane ririn, arep menehke
kado.
Pas mlaku kuwi kabeh kanca-kancane padha ngulati
imama karo mesem-mesem. Kanca-kanca liyane bisik-bisik banjur padha ngilirik
imama. Saya sue saya akeh kancane sing nyawang dheweke karo nahan guyu.
Imama dadi curiga, “ana apata, kok kabeh podho
ndelengi aku?” nalika imama iseh bingung, dumadaken adi ngomong seru “wah
ratune pesta nganggo sepatu model anyar!”
“sepatu anyar?” batine imama “wooooooow, mung
amarga sepatu anyarku to konco-konco pada rebut.”
Hmmmm, imama bungah banget, ora sia-sia
ditumbaske sepatu anyar bapake. Ora bisa nahan bungahe imama, banjur ngulati
sepatune. Mak jegagik !!! imama njandil kaya kestrum listrik. Sepatu sing
dienggo tibake selen! Kiwa tengene beda warnane, sing kiwo abang lan sing
tengen warna ijo !!!
“oh oh oh sepatuku selen ! aku salah jupuk
sepatu.” Imama isin banget. Kepiye iki, lagi tekan ing pesta sepatune selen.
Yen pamit mulih saiki mesthi kanca-kancane padha ngulati sepatune. Yen ora
mulih mengko soyo dadi guyonan kanca-kancane.
Akhire imama mlayu metu saka ruang pesta karo
nutupi raine. Imama nyopot sepatune nalika wis ana ing jero mobil. Atine imama
nggrondok banget. Kabeh kayalane imama ora dadi nyata. Sadina imama ora metu
soko kamare, imama nangis nanggung isin
KELOMPOK 3
ANGGGOTA :
1.LUTFI KUSUMA WARDANI (14)
2. NOSHY ARFINANDA (16)
3. NUR AINI (18)
4. RIRIN TYA ARVIANA (23)
5. RISKI BAGUS SETYO
UTOMO (24)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar