Minggu, 03 November 2019

Aku, Kowe lan Kae


AKU KOWE LAN KAE
Dening : Shela Hartanti, Sulistya Ananta, Syifa Auliya A, Tina Wati, Titik Wahyuni, Tri Wahyuni lan Yeni Munawaroh
Aku Rachel Putri Dewangga anak tunggal songko keluarga Dewangga. Aku pindahan songko Klaten menyang Surabaya mergo bapakku pindah dinas. Dino iki dino pertamaku mlebu sekolah anyarku  neng salah siji SMA neng Surabaya yaiku SMA Nusa Bangsa. Apese tangiku keawanen, aku tekan sekolahan gerbang uwes ditutup rapet
“Yohh.. telat maneh padahal iki dino pertama aku masuk sekolah” (karo kringet mancur)
“Aku kok gak tau ngerti awakmu, opo awakmu murid anyar neng kene ?”(takone satpam menyang Rachel)
“ Enggeh pak kulo pindahan saking Klaten, niki dinten pertama kulo masuk sekolah teng mriki. Kulo nyuwun tulung di ijin ke mlebet pak.”
Tanpo sadar neng mburine Rachel ana bocah lanang duwur tur bagus sing ora salah kui anak e sing ndue sekolahan iku.
“Bukak en pak gerbang e aku arek mlebu”
“Oh iya den” (karo muka pucet pasi)
Aku mung meneng ngrasakke ciptaan apik Tuhan kasebut.
“Heh kowe ora melu mlebu to gerbange tak kunci maneh lho ngko” (ucape satpam)
“Pak satpam ojo galak-galak,mengko mukane bapak gampang tuwek” (omongku)
Sakbare debat karo satpam aku mlebu neng sekolahan karo ngetutne siswa lanang sing neng ngarep gerbang mau.Tapi sing tak pikirne cah lanang iku karo santaine mlaku tanpo wedi konangan guru,padahal iki wes wayahe mlebu kelas.Tanpo tak sadari cah lanang engke wes ngadek neng ngarepku pas.
“Nyapo ngetutne aku?” (omonge cah lanang mau tegas)
“Ngapurane aku ngetutne kowe,aku lagi nggoleki ruang tata usaha,opo sampean eruh?” (jawabku)
Tanpo ngrungokake omonganku cah lanang mau langsung ngaleh ninggalke aku
“Yee ngganteng seh tapi sombong” (omongku karo nggrundel neng ati)
Sakwise muter-muter nggoleki ruang tata usaha akhire aku nemokake ruangane,aku langsung neng kelasku karo wali kelas.
Ruang kelasku wis enek guru sing mulang sak bare kuwi aku mlebu neng kelas sabanjure aku ditinggal karo wali kelasku.
“Ndang kenalno awakmu” (omong guru mapel ing kelasku)
“Sugeng enjing,kula Rachel Putri Dewangga kula pindahan saking SMA 1 Garuda.Salam kenal.”(kenalku)
“Wes nduwe pacar opo durung?” (omong salah siji siswa lanang sing lungguh ing pojok mburi)
Sak urunge aku jawab,omonganku wis dipotong karo guru mapel sing ngulang neng kelasku.
“Wis ndang balik o neng bangkumu” (ujar guru mapel)
Banjur aku lungguh neng bangku kosong andinge cah wedok ayu
“Kenalno jengku Maudy Pinari” (ucap konco sak bangkuku)
“Jenengku Rachel.Mugo awak e koncoan apik” (omongku)
Sak uwes e ngalami proses pembelajaraan sing dowo lan amat menderitakan .Bel surga kanggo sedoyo siswa muni bagai iringan e lagu endah. Rachel lan melody metu songko langsung menyang kantin nanging sak durung e tekan menyang kantin ana segrombolan cah wadon sing ayu.
Ujug ujug brak....
“Piye sih kowe ke nek mlaku ke ngawe mripat to” (ucap siswi songko salah sawijining geng kasebut )
“Eh njaluk sepuro mbak kula mboten sengaja” ( ucap rachel)
“Kowe gak duwe mripat ye klambiku reget koyok ngene goro-goro kowe” (omong e karo nesu)
“Kowe gak kenal ye karo cah iki” (omong konco sak anding e)
“Ndak mbak amarga kula murid anyar teng mriki” ( omong rachel)
“O... Arek anyar wani neram kowe nabrak aku” (omong e)
“Loh bukan e sing nabrak mau mbak t kok malah nyalah ke rachel” ( ucap maudy)
“Heh..bocah ora usah melu melu kowe ke” ( ucap sing nabrak rachel mau)
“Minggir-minggir” ( mlaku karo nabrak pundak e rachel )
Tanpa tak sadari  dada bidang menopang awak ku pas aku balik ne awak sing ngawe aku kaget nyapo kok cah lanang iki maneh sing nyelametne aku sak dilut tak ingeti dek e.Banjur dek e langsung ngaleh ae ora ngucapne sepatah kata mbok blas
“Eh cah wadon  kae mau sopo no ( ucap rachel)
“Oh cah wadon mau jeneng e clara ketua chress cah wadon paling ayu lan sing berkuasa ing kene.” (ucap maudy )
“Pantes gak ana sing wani karo dek e” ( karo kaget )
“Oh iyo kowe ojo pernah duwe urusan karo cah wedok mau lan konco-konco ne,dek e iku ketua cherees dek kene jeneng e clara kelas 12 IPA 1”  (ucap maudy karo mengebu-gebu)
“Nyapo ya dek e kok gak seneng karo aku? Perasaan aku gak duwe salah karo dek e lan konco-konco ne petuk e lagek mau” ( omong e maudy karo bingung)
“Sanu pas kowe ditolong karo dito mau dek e ngerti amerga clara tau ditolak karo dito hm”
Oo.....dadi jeneng e cah lanang mau dito t
“Nyapo? Kowe seneng karo wong e piye?”
“Emmm....
Urung sempet rachel njawab pertayaan e maudy bel sekolah kadung muni tanda siswa kudu mlebu kelas lan mulai pelajaran maneh.
Dina sesok e 
nalika srengengee mbukak cahyane suara suara manuk ngerusak meneng e isuk
“Rachel dino iki awakmu bareng karo anak e koncone ibu ya amarga ibu ana keperluan ndadak” (sajar ibu kaliyan nyiapne sarapan)
“Sinten to bu yoga ne rencang sampeyan niku?” (takok ku)
“Deloken wae engko ing ngarep omah” ( wangsulan ibu)
“Rasa kepoku soyo gedhi pas ndelok warna sepatune ireng sleret putih pas ning ngarep omahku.”
“Kula budhal rumiyen inggih bu” (kaliyan cium tangan)
“Iyo sayang ati ati ya” ( wejang ibu)
Langkahku mandhek sak nalika
“Eh kok kowe maneh to?” (takonku kaget)
“Kowe lagi ngerti ye lak awak e iku tangganan,padahal aku iki wegah” (wangsulan dito)
“Iki oleh numpak opo ora selak telat maneh aku” ( takonku sewot)
“Yo uwes sanu ndang ojo mulek ae” ( wangsulan e )
Sawetarane semenit awak e dewe uwes tekan sekolahan dumung ana 3 langkah mlaku ing sekolahan kabeh mripat podo ngingeti aku karo dito
“Eh mas dit,ngerasa ndak nek awak e dadi pusat delokan emang e tontonan ya?” (takonku karo penasaran)
Udah sih mereka ke iri karo kowe ( jawab e singkat)
Enak gak kalau ngomong kan aku sing ngerasakne kalau masnya ke uwes kebal (jawabku karo nyindir)
Kringgg kringgg....
Bel mlebu uwes nyaring munine.para siswa pada kesusu mlebu ing kelas e dewe-dewe
"Sugeng enjing maudy?"(sopoku karo mesem)
"Sugeng enjing" (jawab e)
Dino iki aku ngeroso canggung karo sikap e koncoku iki. Aku ngroso sikap e aneh, opo mung perasaan ku tok wae? Wektu rasane mlaku sui menyang jam muleh. Akhire jam nunjukne jam 3.00, aku berusaha takon menyang maudy
"hm. Maudy dino iki ayo mlaku mlaku golek angin"(ajakku neng maudy)
"sepurane aku ra iso" (jawab e maudy)
"koe ki kenek opo sih? Sikap mu neng aku kok ra koyo biasane? Aku nde salah opo neng koe?" (takon ku marang maudy)
"kui uduk urusan mu! " (saut e maudy karo nenteng tas metu kelas)
Sak banjur e teko omah, roso lungkrah durung sempet ilang, suoro gema mbengok nyebut jeneng ku.
"rachel, mama njalok tulong. Tulong tumbasno mama sego padang.mama lagi kepengin banget iki" (kangkon e mama)
"hm. Punopo mama mboten tumbas piyambak" (tolak ku)
"gak usah kakehan protes. Ndang budal"(pekso ne mama)
Sak uwis e tekan warung sego padang Rachel langsung mesen sego padang kanggo ibuk e menyang bakul e.Sak uwis e pesen Rachel ngenteni karo lungguh.
“Mbak rendangang e dibungkus ya!”
“Suara iki koyok gak asing uwesan.” ( omong Rachel ing jero ati)
Tak ndelok mburi ternyata dito maneh sing ing andingku,nyapo kok setiap ning dhi-dhi dek e ae sing tak cetuk i
“Hmmm..... kowe maneh” ( omongku karo sinis )
“Nyapo to kowe iku ngetot ne aku terus “( ucapku karo sewot )
“Aku lo dikongkon ibuku tuku sego padang,kowe dewe nyapo kok ning kene?” ( takok edito )
Sak wis e cah loro kuwi oleh pesenan e dewe dewe banjur podo mulih ing omah e dewe dewe. Nanging Rachel ora ngawe montor lan Dito ngowo montor. Dito nawani Rachel bareng.
“Kowe arep nebeng ora ?omah e awak e cedakkan.”
“Yo uwis gelem ,sekalian irit hehehe..” (candaku)
Tanpa tak sadari, Melody pun ndelok awak e sing numpak montor bebarengan. Melody sing ndelok kejadian iku ngeroso kecewa karo Rachel
                                                                                        .......
“Enjing maudy, dino iki ibuku ngowokne iki kanggo kowe !”
(karo nyerah ake bekal )
“Ndak usah sok baik deh kowe iku” (bentak e )
“Maksud e opo dy” ( omongku karo bingung banget )
“Ndak usah sok gak tau. Dek ingi kowe mlaku karo dito to ? kowe ngerti gak nek aku iku seneng menyang dito” (balas maudy sengit )
“Aku gak ngerti nek kamu seneng karo dito dy . Maafin aku dy !”(bujugku ke maudy )
“Y uwis gak usah cedak-cedak karo aku maneh!” (kongkon dek e)
“Maudy kowe iku salah paham” (teriakku)
Rasane awak iki koyo kesamber bledek. Sahabat sing mbiyen e mbelo aku sak iki ngadoh seko aku. Lan iseh akeh wae wong sing manfaatne keadaan bubrah iki.
"Eh maudy, krungu krungu Rachel jadian ya karo ditho?" (Takon clara)
"awakmu ngerti tekan ngendi kak?" (Jawab maudy) "yo ngerti lah sak iki arek e lagi muleh bareng, nek gak percoyo delok en dewe wae".
Gage gage maudy mlayu menyang lapangan, ketok tekan kono aku di bonceng mesra karo Dito, roso cemburu maudy muncak ngingeti aku karo dito, mben dino budal lan muleh bareng bareng. "Kowe ki sengojo ya pamer ndek aku?" (Takon maudy)
"pamer opo seh? Aku gak paham" (jawabku)
"ya sengojo mben dino awakmu karo dito siyo kelet koyok lem wae"
 "kowe ki salah paham Maudy, aku iso njelasne"
 "sak iki ngene wae, kowe milih persahabatan e aqak e opo kowe milih dito? Nek kowe milih persahabatan e awak e , aku njaluk tulung ngadoh o tekan Dito! (Peksone)
 "awak e iso ngomong apik apik" (jawabku)
"pikiren dewe!" (Jawan maudy sing ketok gak peduli banget).
Mbuh perasaan opo iki, roso sing aneh banget. Dino iki rasane ayem tentrem pas nyawang mata bunder e. Awak ndrodok banget, pas dek e nggegem kenceng tanganku. Duh Gusti roso opo iki. Ndek sisi liyo ana sahabat sing tak sayangi. Aku gak pengen ana ati sing kelaran
Mentari seakan gak sungkan menyinar ake kilau ne. Cuaca adem begitu sangat ngebek i,rasa ne dino iki arep dadi  dino sing dowo
“Hei” ( sapa dito marang aku )
“Hei juga mas dit.” ( mbalesku marang dito)
“Aku arep ngomong penting marang kowe” ( omong dito menyang aku )
“Hem arep omong opo mas dek kene cuaca ne rodok mendung engko selak udan?”
“Omong e engko ae pas ing sekolah mas!” ( omong rachel)
“Ning kene ae aku ngor arep omong nek aku sayang karo kowe chel “( omong e dito karo wajah datar e )
“Hah mas dito iki omong opo t” ( ujar rachel karo bingung lan kaget )
“Kowe gelem gak dadi pacarku chel jok awal ketemu kowe aku uwes seneng kowe” ( ujar dito karo nyekel tanganku )
Mendung pun jeglok ne beban e,banyu bodo medun guyur lapangan lan ngarai becek
Rasa adem ngawe atiku kroso mati rasa.mulut seakan gak iso ngetok e kata mbok blas
“Nek masalah ati aku iyo seneng karo kowe dit,nanging aku gak iso bebarengan karo kowe aku gak pengen enek ati sng loro karo opo sng arep awak e jalani.”(omong e rachel ing dito )
“Hah sopo sng bakal loro karo hubungan iki?” (Takok dito penasaran)
“Maudy seneng karo kowe mas dit,aku gak iso ngorbanin kekoncoanku merga kowe mas dito.” ( ucapku marang rachel )
“Aku ngerteni posisimu saiki aku berdoa mugo siji dino awak e iso bebarenagan tanpa ono sing loro, nanging aku njaluk siji ing kowe”
“Mas dito njaluk apa?”
“Izinkan aku memelukmu kanggo sng pertama iki dan mugo gak dadi sing terakhir.” (ujar dito)
 “Awak adem e nyegrem ragaku,suara detak jatung beriringan karo suara udan.dia berbisik ke kuping ku I Love you chel”
Ya allah kula berharap pengorbananku niki sebanding karo senyum ing bibir koncoku.(omong Rachel ing jero ati ne)
Tamat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar