Nama kelompok
1. Erlis Febrianti 7
Erly Kurnia P. 8
Erni Anjula 9
Evita Prahana 10
Fadilla Putri R. 11
Fajar Dwi v. 12
Aku lan Pit
Onthele Bapakku
Jenengku Yusuf bin
Ronie, aku lair tanggal 14 Mei 2000. Saiki umurku 16 taun. Bapakku jenenge
Supratman bin Ronie lan ibukku jenenge Yirum Setiowati binti Ribka. Bapak lan
ibukku rabi tanggal 18 Juli 1998. Bapakku kerja dadi petani sing manggon ing
desa pelosok, bayarane pas-pasan kanggo nguripi aku lan ibukku. Awak e mesti
seneng, bapakku mesti cerita menyang aku yen sepeda sing mesti ditumpaki
bapakku yaiku pit onthel nggone sesepuhku mbiyen.
Bapakku ngendiko
menyang aku karo mbungkukne awak e lan ngelus-ngelus sirahku kanthi kepenak
“ngko nek we wes gedi le...! bapak arep nguwehi pit onthel iki kanggo kowe, iki
saka mbah buyutmu iki pit onthel paling antik ing desa iki lan regone paling
larang, iki warisan wiwit jaman londho mengko yen bapakmu iki uwes mangkat
ndisiki kowe rawten sing apik ojo nganti diwehne utawa didol menyang wong liyo,
opo meneh menyang dulur, ojo! Pit onthel iki perjuangan mbah buyutmu nalika
ngelawan kolonial londho karo jepang!”
Bapak lan ibukku wong tuwa
sing apik kanggo aku, bapak mesti nggendong lan ngrangkul aku kanthi anget,
ibuk mesti menehi perhatian marang aku lan menehi anget batin yen atiku krasa
lara. Wiwit cilik uripku seneng banget senajan kahanan ngomong liya, watesane
ekonomi iki ora dadi masalah sing abot kanggo aku lan keluarga. Ing wulan Mei
persise tanggal 4 Desember 2008 ibukku meteng calon adikku. Aku ngrasa seneng
banget lan bungah ing atiku, senajan keluargaku uripe pas-pasan, nanging
tentrem lan anget mesthi teka ing omah lan ati kita, senajan iku mung gubuk
cilik lan peot sing awak e panggoni mung kanggo ngiyup sak suwene uripku.
Penghasilan bapak sing ora nentu ora dadi beban sing abot kanggo keluargaku,
nanging sing penting saka keluargaku yaiku kesatuan lan katentreman sing tansah
ono lan njogo ing anget senajan badhe masalah mesthi gemeter, kekarepan iku
bakal awak e cekel kanggo nambah esem kanggo jiwa lan roh iki.
Nanging kesenengan iku
ora suwe ing omahku, nalika ibukku keguguran aku sedih banget, muka ibuk sing
biasane seneng, saiki murung lan arang tandang gawe. Awak e sak nalika nggawa
ibuk menyang Puskesmas sing cedak nganggo pit onthel bapak, nanging awak e
diwenehi rujukan menyang RS ing kutha supaya oleh perawatan medis sing luweh
cepet, efesian lan kualitas tanpa kudu mbayar akeh, amarga RS pemerintah menehi
perawatan sing luweh canggih. Aku mesthi ngancani ibuk karo cinta lan kasih
kaya ibuk ngrawat aku mbiyen wiwit aku isek ning njero garbane ibuk sak suwene
9 sasi. Ibuk mesthi siaga, ati-ati, apik banget lan ikhlas saka njero ati,
methi kepengin sing paling apik kanggo masa depanku. Dheweke mulang lan menehi
nasehat marang aku pirang-pirang perkara lan nggawa aku kanggo ngerteni luweh
amba jagat sung digawe gusti allah, nanging saiki ibukku lagi lara. Amarga pendarahan
sing dialami ibukku, nalika adus dhewekke keplese sikat klambi. Bapak bingung
golek silihan dhuwit amarga tabungan sing diklumpukake bapak, inuk, lan aku
isih kurang kanggo mbayar biaya RS ibuk. Bapak ngenteni ing njaba ruangan
ibukku dirawat bapak mesthi ndingklukake sirah lan nangis ing njero atine.
Pas jam 18.00 bapak
lunga karo nitip pesen kanggo suster sing lagi njaga sing pesene “anakku Yusuf,
njaganen ibukmu sing apik! Bapakmu balek ing desa kanggo golek kerja tambahan
lan silihan dhuwit yen kerja tambahan ora cukup kanggo mbayar perawatane
ibukmu, sing tenang ya suf aja kuwatir. Salam saka bapak!”. Sawijining jam wes
teka, suster sing njaga nggawa surat titipan saka bapak kanggo aku “dok..!
dok...! nuwun sewu..! aku langsung mbuka lawang lan suster menehi aku surat.
Aku balek lungguh ing sandinge ambene ibukku lan cepet-cepet mbuka surat sing
ana tanganku, aku macak ing njero ati supaya ibuk ora krungu amarga ibuk lagi
turu. Nanging nalika arep mbuka surat ibuk tangi lan nahan tanganku kanthi ngomong
“nak..! apa sing kok cekel kui, kanda karo ibukmu” aku mangsuli “iki surat buk”
ibuk mangsuli kanthi muka pucet lan njaluk banyu segelas. “tulung wacanen”.
Aku uga maca surat sing diwenehake saka suster
njaga saka bapak kanggoa aku. Sawise aku maca surat sing ditulis kanggo aku
sing digawakne suster ekspresine tambah sedih lan pucet, jarum infus ing tangan
tengene tambah nyeri marang jiwane lan elektrodegrafi piranti pengukur jantung
ibuk nuduhake yen saya ringkih, ibuk dadi sesak napas lan mripate alon-alon
ketutup lan ora sadar. Aku langsung mbuks lawang lan aku langsung mlayu golek
dokter sing nangani ibukku. Aku terus golek i dokter Doni lan aku ora ketemu,
nanging aku weruh suster sing menehi aku surat saka bapakku.
Sawise iku aku nyedaki lan takon kanthi muka panik
lan tegang “suster, apa dokter Doni enek ing RS iki utawa dheweke wes balek?” sustre
mangsuli nalika nggawa tas ransel “ohh.. dokter Doni? Dokter doni wes balek ana
apa ya dek?” “tulung suster ibukku ora sadar, saiki dheweke ana ing kamar
melati nomor 22 lantai 3” suster ndekek ransele banjut nggawa hp lan mangsuli
“ohh... ing kamar sing mau, yowes dek ayo langsung mrono”
Aku lan suster langsung kesusu menyang ruangane
ibuk, suster mriksa ibukku kira-kira nganthi setengah jam. Aku ngenteni ing
njaba ruangan. Sawise suster bar aku diijinke mlebu lan suster nelpon dokter
Doni “sugeng dalu dok, iki sustre rita pasien kamar melati nomor 22 lantai 3
kondisine tambah buruk tulung langsung rene, dok!” dokter Doni mangsuli saka
telpon “yowes ing waktu 15 menit aku bakal langsung teka njaluk tulung suster
nenangne keluarga pasien lan ngenteni aku ing njaba RS, yen aku wes tekan RS
aku bakal nelpon suster maneh” suster mangsuli “nggeh dokter” waktu ana 21.30.
Sawise nelpon dokter Doni suster tuku 2 roti isi
lan segelas susu anget saka kantin RS lan ngajak aku mangan bareng lan lalekake
masalah sing anan “dek jenengmu sapa ya?” mangsuliku ing suster rita “jenengku
Yusuf bin Ronie suster, umurku 8 taun” suster rita mangsuli “ohh... dadi
jenenge bapakmu sing nitipke surat iku jenenge pak ronie” aku mangsuli karo
maem roti isi sing ana tangan kiwo ku “nggeh ronie iku jeneng marga ing
keluarga kula”
Pas wayahe jam 21.40 telepon nggone suster rita
muni “kring... kring... kring” suster rita iku muni “suster rita langsung
ngecek telpone sing ana ing tangan kiwone kanggo mastekne dokter Doni sing
nelpon. “halo dokter, dokter sampun teka?
Dokter doni mangsuli karo mlaku metu saka mobil kanggo cepet-cepet
nemoni suster rita “nggeh.. suster ana ing ngendi?” suster rita mangsuli karo
nyekel tas koper sing isine perlengkapan dokter lan menyang kantor sing digawe
dhweke tugas “nggeh, matur nuwun suster rita tulung mengko baturi aku kanthi
mriksa kandisi lan keadaane pasien ing kamar melati” suster rita mangsuli “nggeh
dokter, kula ora bakal muleh ndisik, aku bakal ngewangi dokter nganti bar”
Dokter Doni menyang ruang kerjane lan langsung
ganti klambi karo seragam tugas dokter lan ngisi daftar absen pas dheweke kudu
nindhakake tugas utawa tugas tambahan kaya sing dialami Dokter Doni
saiki.Sawise ganti klambi,Dokter Doni langsung numpak elevator lan cepet cepet
menyang lantai 3 ing kamar melati nomer 22.Suster Rita lan aku cepet ngetekake
roti isi laan susu anget lang lansungb jemput Dokter Doni,awake ngenteni ing
ngarep kamar sing digawe ngrawat ibuku ing rumah sakit.
Sawise 2 menit pungkasane,teka saka kadohan Dokter
Doni mlaku kanthi cepet. Awake banjur ngelmbaikne tangan supaya Dokter Doni
ngerti panggone awake “matur nuwun dokter gelem teka selarut iki kanggo meriksa
utawa ngerawat pasien dokter” Dokter Doni mangsuli ”iki wis kewajibanku
suster,ayo awake cepet cepet mlebu kanggo mriksa keadaan pasien sus, oh ya dek
mkowe kudu ngenteni ing njaba sak suwene awake dewe kerja!” dheweke cepet cepet
mlebu ing njero kamar rumah sakit lan mriksa keadaan ibu.
Sawise 3 menit sabanjure Dokter Doni mbukak lawang
lan suster Rita ngalehake ibi yusuf menyang ruang ICU amarga ibu yusuf lagi
koma, kanthi ekspresi sedih lan nangis yusuf takon marang dokter lan suster
Rita”Suster!,Dokter! arep digawa menyang ngendi
ibuku apa apik apik wae?” jawab suster rita kanthi nyurung panggon turu
seng dipanggoni ibu yusuf” Ibumu kudu digawa menyang ruang Icu, keadaane tambah
parah dheweke lagi koma lan kritis yen ora cepet-cepet ditandangi.
Awake langsung mlebu ing ruang ICU, nalikane
dokter lan suster lagi ngrawat ibu. Aku nangis dewekan ing tengah udan deres
ing lapangan guri rumah sakit, aku
mikirake keadaan bapak lan ibuk”duh gusti, ngapa sampeyan menehi masalah
lan ujian sak kede iku, bapak kudu golek gawean tambahan lan golek utangan
dhuwit. Ibu kudu sengsara amarga pendarahan lan ngapa kebahagiaan keluargaku
sampeyan jupuk, rasane luwih apik mati ketimbang uripku dadi beban lan ora
gunane kanggo apa-apa, ngapa gusti wis nindake kuwi kabeh marang kita? Aku
nangis banter niat arep mungkasi uripku nanging aku mikir kepriye nasib bapak
lan ibu yen aku ra ana, akhire aku balek ing rumah sakit lan ngresiki awak. Sakiki
arep menyang ngendi bapak, aku pingin weruh kepriye keadaane bapak “bapak ndang
baleko lan gawakno awake dewe kebahagiaan seng biyen nateh ilang saka
keluargane awake, pak!”
“Gusti menyang ngendi aku golek gawean kanggo
mbayar kabeh perawatane bojoku lan nafkahi keluargaku?” bapak mlaku terus medun
kutha niat balek ing desa nitih pit onthel iku kantho ekspresi mukak sedih lan
awak teles amarga udan. Bapak golek gawean ing setiap pojok kutha tapi ra ana
gawean apa-apa sing ditemoni. Jam 23:45 bapak mlaku nglewati perumahaan karo
nitih pit onthele, ing kono bapak ngerti ana segerombolan maling sing niat
bobol omah mewah” ketoke iku omahe wong sugih, tapi mesakake wong iku omahe
dimaling mendeng aku ngewangi, mesakake yen dhuwite lan hartane dicolong” bapak
mbatin.
Tanpa mikir dawa bapak weruh ana bata ing sandinge
lan ana wong-wong sing ngronda wengi bapak langsung nguncalne bata iku knthi
kena kaca omah wong sing kemalingan iku”hei delok iku ana sing ribut-ribut?”
jerit salah sawijine tim ronda “rampok...rampok...rampok...” jerite pakku
sakbanter-bantere. Tim ronda langsung cepet-cepet mlayu lan 2 maling kasebut
kaget lan ora iso apa-apa, sing duwe omah tangi lan cepet nelpon polisi. Bapak
langsung ngandhani tim ronda supaya para warga liyane tangi, dheweke waspada
yen maling mau bisa metu saka omah dheweke langsung nguncalake bata marang maling
kasebut. Ke 2 maling kasebut mau bisa metu saka omah wong sugih mau, lan bapak
alon-alon mara menyang sisih pinggir mobil pick-up kang digawa kanggo ngrampok
wong sugih mau. ”Drub...!Brak....!Krek...!” bapak langsung ngantem bata ing
sirahe maling kasebut jebule maling sijine gawa bedhel lan bapak ora weruh. Ujug-ujug
bapak dicekel saka buri karo gawa bedhel ing sirahe bapak.Bapak negesake
perlawanan kanthi munyerake tangane maling sing gawa bedhel kasebut lan nyakot
tangane.bedhel maling kui jeglok lan bapak langsung jukuk bedhel kuwi, bapak
balekake serangan kanthi ngadepake bedhel menyang kelara maling kasebut.
Tim ronda lan warga sing tangi turu arep mbantu
kanggo ngamanake daerah iku saka rampok, nganti kabeh kagum, jantunge wong wong nganti di gawe meh cepot anggone
aksi heroik sing dilakoni bapakku. Sakwise iku polisi teko lan langsung nangkep
wong 2 peroampok kui,bapak disuwun melu menyang kantor polisi kanggo dadi saksi
ing dino sesok. Sabanjure iku sing nduwe omah iku langsung lungo nemoni bapak, dheweke matur suwun ing bapak amarga bapak uwes nylametne harta
lan omahe.
“Matur suwun bapak
anggone bantuan
saking bapak,
niki enten sekedik oleh oleh, tulung ditampa lan dibuka wonten griya mawon,mboten
sah sakniki, menawi perlu kula celukake taksi
kangge ngeterake bapak wangsul, nopo angsal
kula weruh alamate bapak teng pundi?”
mangsuli bapakku lan nerima bingkisan karo ati sing
sumringah. "matursuwun bapak, kula wau namung mboten sengaja
lewat kangge nggolek penggawean lan nenangne ati amargi katah masalah sing kula
adep, mboten sengaja wau kula ningali
griya bapak dijebol maling, mula kula
langsung ngante watu ning jendela griyane bapak, griya kula ing desa, ananging sakniki kula kalian keluarga manggon ing
rumah sakit Bugar ing dalan delima No.10, amargi istri lagi gerah, bapak namine sinten nggeh?” mangsuli sing nduwe
omah iku "nami kula Robi Sulaiman, benjing bapak kula parani jam 10 enjing, kula suwun
bapak nunggu ing gerbng rumah sakit, kula lan istri badhe nggunakake mobil ing
sanding tengene
bapak, nami bapak
sinten?” mangsuli bapakku "nami kula Supratman bin Ronie, matur suwun niki kewajiban kula sesama manungsa silih
tulung, pak” mangsuli sing nduwe omah iku “Leres pak Roni, niku taksine sampun dugi!" mangsuli bapakku karo nggowo bingkisan kanthi ati sing
sumringah ngawe ngawe ing pak robi karo njaluk supaya pit e di unggahne ning
nduwur taksi lan ditali supaya ora jiblok lan sacepete mbukak lawang taksi
"matursuwun pak robi,matur suwun sing katah!"
Sopir taksi takon ing bapak "pak alamate sing
arep di tekani ing pundi nggeh?” mangsuli bapakku "Dalan delima no.10 pas ing rumah sakit bugar" mangsuli sopir taksi karo nyetir "nggeh pak, matursuwun
sampun mesen layanan kita"
Sakwise teka bapak menehne duit saka njero
dompete, untunge duite ora teles "niki pak ongkose" mangsuli sopir taksi karo geleng geleng" mboten perlu repot
repot, bapak sampun
dibayar kalian rencang bapak wau!” mangsuli bapakuk karo nglebokne duit ing njero dompet
"nggeh pak matursuwun" sopir taksi iku mbukakne
lawang ln nglonggarne iketan kanggo ngiket pit tuo ne bapak. "monggo pak" mangsuli bapak "matursuwun sing katah sampun purun mbeta pit kula" mangsuli sopir taksi saka njero mobil karo awe awe lan
ngguyu "sami-sami pak!"
Bapak langsung
markirne pit onthel e lan langsung mlebu neng Rumah Sakit banjur menyang
panggone ibu dirawat. Nalika Bapak uwes teka ing kamar melati nomer 22 lantai 3
Bapak krasa bingung amarga ora enek sitok e wong ng kamar kui, "Nyandi kabeh anak lan bojoku,
lagek ditinggal 8 jam uwes ilang saka panggon turune?” Bapak bingung lan
langsung medhun kanggo nemoni suster lhobi "Nuwun sewu suster, pasien ing
kamar melati nomer 22 lantai 3, saiki dipindahne nek endi ya?” Suster e mangsuli
"Ya, saiki pasien ing kamar nomer 22 lantai 3 dipindah ing kamar ICU
amargo pasien lagi koma, kamar ICU ana ing lantai 3 ing nomer 10, pak."
Bapak mangsuli kanthi prihatin lan sedih amargo kahanane ibu saiki "Matur
suwun suster". Suster mangsuli, "Ya pak, sing sabar nggeh!"
Bapak langsung munggah ing elevator lan langsung menyang ing kamar
ICU ing lantai 3 nomer kamar 10. Aku weruh Bapak kanthi mukak pucet lan klambi
sing setengah garing lan awak sing setengah bengkak lan nggowo bingkisan saka
pemilik omah sing dirampok. "Bapak...! Bapak...! Bapak saka ngendi wae,
aku khawatir karo kahanane Bapak!” Bapak mangsuli karo menehi bingkisan marang Yusuf lan putrane iku
"Iki nak! Bapak iki nduwe tujuan mbalik menyang Desa, nanging nalika Bapak
nglewati omahan ana 2 maling sing mbobol omah e wong sugih jenenge Pak Robi lan keluwargane. Bapak mbengok
banter, Rampok...! Rampok...! lan Bapak weruh ana wong akeh sing lagi rondha
ing wayah wengi, dheweke langsung ngunekne kentongan lan ngomongi warga liyane.
Pak Robi ngerti babagan iki lan langsung lapor karo pihak bwrwajib. Bapak mikir
cepet ing jejere Bapak ana batu bata sing nduwe ukuran sedeng, Bapak langsung
nguncalake batu bata kui, nanging meleset lan ngenek i jendela lantai 2 omah e
Pak Robi, sawise sawetara menit polisi teka lan langsung nyekel perampok
kasebut, lan Pak Robi langsung medhun lan nemoni Bapak. Bapak meh dijupuk
tebusan lan ditodong gawe bedhil, nanging Bapak kasil mbalekake serangan lan
langsung nodongake bedhil iku mbalek ing perampok sing nodongake bedhil marang
Bapak. Sesok Bapak dikongkon teko kantor polisi kanggo saksi prastawa
kasebut." Aku mangsuli karo seneng banget amarga Bapak dadi pahlawan lan
ndeleng isi bingkisan lan ngrangkul Bapak "Bapak hebat, Bapakku dadi
pahlawan. Bapak bingkisan iki isine 5 batang emas lan duit gedhene 10 yuta
Bapak!" Bapak banjur mangsuli lan ngrangkul Yusuf anak e, "Iki kanggo
perawatan ibumu nak lan kanggo urip sampeyan. Terus kepriye kahanane ibumu Suf?” Bapakku mangsuli karo
khawatir "Ibu lagi kritis saiki ibu koma Pak, iku Suster lan Dokter lagi
mriksa kahanane ibu lan usaha gawe nyadarake ibu mbalek karo pirang-pirang
suntikan obat".
Sakwise Dokter Doni lan Suster Rita rampung mriksa kahanane ibu,
dheweke metu saka ruangan karo khawatir banget lan ujare Dokter Doni "Yen
kahanane ibu Yirum ora cepet tangi, jabang bayi ing njero garbane pasien bakal mati
dewe, nanging awake dewe ora ngerti pola pikir saka Gusti Kang Maha Kuwasa,
dadi Bapak lan Dek Yusuf kudu terus ngarep-ngarep lan njalok marang sing kuwasa” Bapakku kaget banget lan
trenyuh sawise apa diomongake dening Dokter Doni supaya tampilan ing rai Bapak
sing asline bungah dadi ora bosen lan ora semangat. Ibuku uwes meteng calon
adikku suwene 6 setengah wulan, Aku rumangsa sedih nak calon adikku mbesok bakal ninggalake
aku lan keluarga.
Esuke sawise tangi turu jam 05.00 Bapak langsung cepet-cepet sholat
subuh lan langsung tuku sarapan ing kantin Rumah Sakit kanggo aku lan Bapak.
Bapak crita babagan tresnane wiwit lulus sekolah SMA, lan pungkasane ketemu
karo pujaan atine, kekarepan jiwa lan apa sing dadi uripe, Bapak tresna marang
ibu sahingga Bapak ora kuat nahan tangis nalika ndelok ibu lara. Jam 09.00
Bapak langsung cepet-cepet medhun lan sadurung e medhun Bapak ngrasuk ibu sing
lagi turu ing amben lan Bapak ngambung bathuk lan ujar nganggo tangis ing mripate.
"Bu, Bapak mangkat ndhisik!” Kaya biyen Bapak sadurung e kerja ing sawah.
Bapak cepet mudhun lan
nunggu jemputan saka pak Robi neng gerbang rumah sakit Bugar. sakwise 11 menit
bapak nunggu akhire mobil pak Robi teka uga lan bapak cepet munggahi mobil e lan mengucapkan
slamet esuk marang pak Robi karo bojone. Bapak lan Pak Robi karo bojone padha guyon wektu neng mobil nyeritake masa SMA jebulna dheweke kabeh tau sekolah neng SMA sing padha, ning beda kelas bapak kelas 11 lan pak
Robi ana ing kelas 10.
Karo nyetir Pak Robi takon marang
bapak “saiki Bapak tandhang gawe apa?” mangsuli bapak karo sethithik isin “aku mung
sawong petani, lha Bapak?” mangsuli
Pak Robi karo nyetir
“aku anggota Interpol sing ditugaske menyang daerah iki kabeneran kuwi omah
dinas, sabenere kuwi dudu omah awake dhewe, menawa bapak ora maca plang utawa tanda sing kepasang neng buri pagar omah
kuwi, emas lan dhuwit 10 yuta kuwi anyar asli duwe kami sak keluarga, aku ana misi
penting yaiku mbukak kedok penggelapan karo penyuapan dana sing ngrugikake negara sagedhe 10
triliun, lan
dokumen-dokumen rahasia negara RI arep didol menyang njaba negeri kanggo meruhi kabeh sing ora dhewekw kabeh ngerteni, nek dokumen rahasia kuwi tiba menyang
tangan dheweke
kabeh, Indonesia arep gawat lan dadi terpecah sigar amarga kabar HOAX sing arep
dheweke kabeh
sebar, amarga dokumen rahasia kuwi yaiku dokumen-dokumen sing wis disita saka peredaran masyarakat, lan kabeh
dokumen-dokumen kuwi palsu dadine kito nyito. Ning ana pihak sing ora dhemen lan pengen nggulingake kursi kepresidenan
dadine aku bareng 2 kanca aku ditugaske menyang daerah iki kanggo menyelidiki khasus
kesebut, lan kabeneran iki yaiku panggon kelairan aku lan bojo dadine kami sisan
mulih desa, ngono pak critane!” mangsuli bapakku karo kagum banget “O, ngono ya
pak nduwe arti Bapak dudu sembarangan wong, kaya wong biyasa utawa wong awam.”
Mobil Pak Robi mlaku ora adoh saka rumah sakit lan memoni lampu abang neng
pratelon dalan, ujuk-ujuk ban ngarep lan mburi mobil Pak Robi kempes, ning untunge ana tambal ban neng sisih lampu abang. Bapak ngomong marang pak Robi “Pak Robi aku pamit kanggo
njupuk pit onthel neng rumah sakit supaya cepet nganti menyang kantor polisi.” mangsuli Pak Robi “nggeh, pak Ronie ayo!”
Bapak bali menyang rumah
sakit untunge ning lampu abang karo
rumah sakit cedhak, bapak cepet njupuk pit onthele lan cepet-cepet kanggo bali menyang lampu abang
kesebut. Wektu
bapak wis cedhak karo tambal ban neng samping lampu abang bapak ndeleng ana
sawong bertopeng arep mbedhil pak Robi, bapak cepet mengayuh pit onthele sing cepet arep murungake wong bertopeng kuwi.
Dorr…! Dorr…!
Untunge bedhilan kuwi meleset
lan ngenani jantung pak Robi, wong bertopeng kuwi teras mlayu lan bojo pak Robi
njaluk bantuan tukang ojek kanggo nggawa
Pak Robi menyang
rumah sakit bugar cedhak karo tambal ban kuwi nalika bojone njaga mobil sing lagi ditambal bane kuwi.
Bapak terus ngayuh pedal pit onthele kencang banget
lan cepet kanggo mbisakne sang pambedhil yaiku wong bertopeng. Bapak ngejar lan wong bertopeng
kuwi bersembunyi lan nglakoke perlawanan karo mbedhilake senjatanya, untunge bedhilan kuwi meleset lan ora ngenani bapakku
utawa wong liya.
Sakwise 10 menit bapak ngejar wong
bertopeng kuwi bapak tiba nang siji palemahan kosong
neng endi wong bertopeng kesebut ndelik. Bapak cepet markirne pit onthele karo ndelik untunge bapak nggawa Handphone
duwe pak Robi sing disilihake saka bojo pak Robi lan bojo pak Robi wis ngomongi
cara nggunakne lan cara merekam, memotret video utawa gambar supaya ora
kawruhan saka wong liya, amarga ancen Handphone kuwi didesain kanggo mata-matani uwong.
Ana siji dalan rahasia lan siji ruangan
ngisor lemah, bapakku ngetutne
wong bertopeng saka mburi kaya aksi-aksi neng
televisi, lan
njupuk video wektu bapak nemu dalan kesebut, ora lali bapak motret panggon
utawa lokasi persembunyian, jantung bapak berdegub kencang banget amarga hal
iki anyar-anyar bapak alami. Bapak ngetutne wong bertopeng kesebut kaya detektif-detektif profesional, sakwise
bapak meruhi spesifikasi panggon kesebut bapak ndeleng menyang handphone kuwi
jero mode GPS lan ngirim sinyal marang 2 kanca Pak Robi, sak nalika
2 kanca Pak Robi nelpon Polisi lan
cepet teka menyang panggon sing bapak kirimake saka GPS.
Banjur 2 kanca pak Robi teka lan
Polisi, kanggo meruhi neng endi markas utawa panggon persembunyian rahasia para mungsuh
negara. Bapak
dadi komandan pasukan jero nglakokake misi iki, bapak mung bermodal pit ontelee sing diwariske
saka mbah buyute. Bakat bapakku jero bidang intelegent anyar kedelok lan cekatan
banget jero ngadhepi alang rintang sing muncul wektu penyerbuan neng markas
persembunyiaan ngisor lemah kesebut, senajan mung karo bermodal handphone lan pit onthel bapak pinter
banget nyusun strategi ngomong marangku “Menyusun strategi kaya hale nandur pari, nek ora urut, runtut lan kapikir
karo matang mula kabeh parine arep wurung jero pemanenan, mangkono menyusun
siji strategi, strategi kudu disusun karo cepet ning tepat banget sasaran jero
ngadhepi siji peramasalahan”. “Angkat tangan…!” Bapak ngadepake handphone duwe pak Robi lan neng sekelilinge yaiku polisi lan 2 kancane dadi benteng
kanggo bapak, bedhilan pisan dilayangkan amarga ana salah siji mungsuh sing
kabur lan tangkep, bapak njupuk kabeh bukti lan harddisk jero komputer sing
berjumlah 500 GB, lan motret
lan ngrekam
video arepa suwara, dadi bukti sing kuwat jero persidangan mengko. Jebulna dudu mung
penyuapan malingan dokumen, penggelapan, Korupsi, pelanggaran IT, karo
pelanggaran HAM abot kaya mengeksploitasi utawa adol manusia beserta
organ-organnya menyang njaba negeri.
Bapakku berjasa banget
marang pemerintah Indonesia lan bapak
diangkat dadi agen mata-mata rahasia, ekspresi bapak kaget banget lan bingung wektu kabeh masalah wis
terpecahkan. Mung karo bermodal pit
onthel lan handphone duwe pak Robi masalah sing ngono
gedhea bisa ditangani gampang banget. Akhir crita pak Robi mari lan dadi sahabat karib karo bapak lan bali nugas, lan ibukku eling tepat nang wulan sing menyang-9 lan
calon adhiku lair, bapak menehi jeneng marang Addiku Yabes Imanuel Hartanto bin
Ronie sing nduwe arti Yabes yaiku kerekasan Imanuel yaiku Allah mawani umate lan Hartanto nduwe arti
berlimpah banda. Anyak wektu kuwi urip kami bermula saka omah sing peot dadi omah sing mewah
lan bapak mbangun desa panggon bapak lan ibuk dilairke karo dadi pak Kades utawa kepala desa, desa sing mbangun bapak saka kumuh
dadi desa sing maju banget jero bidang pertanian, kesregepan, kebudayaan,
sosial, lan liya liya. Urip kita sak keluarga bahagia banget.
Kel
Tidak ada komentar:
Posting Komentar