KELOMPOK
6
NAMA ANGGOTA KELOMPOK :
1
. LINA HAJAROTUN NADIFA (31)
2
. LUSI APRILIYA PUSPITA (32)
3
. LUTVIA DIANA ASTARI (33)
4
. MIFTAKHUL JANAH DWI T .S (34)
5
. MILA DWI ANI (35)
6
. MUFFI AULIA KINANTI (36)
GUSTI PANGERAN MAHA WELAS
Kira-kira wes wektu jam 7 esuk. Anggota
sak perangakat desa neng desa Mojopurno wes podo teka kabeh, Delalah dino iki
yo arep baka ono rapat ruwat bumi sing bakal arep dilaksanaake wulan ngarep.
Ruwat yo ikutradisi seng diananke saben 3 tahun sepisan. Masyarakat bakal kirap
mubnegi deso ngarak wulu wetuning desa yo ono gunung-gunungan. Sak uwise kui,
diteruske tontonan, yo peragane wong warga Mojopurno kui maneh, yo kanti pentas
seni seng es di siapke. Banjur acar pamungkas yo iku wayangan seng di selenggarakke
neng balai desa.
Nganti
pak lurah iku gumun, pak bejo sengtukang resik latar, noto meja mbek kursi
malah ora mlebu. Gek ono opo yo? Pak wiro seng tukang resek-resek kui biasane
mesti teko gasik. Gawean seng kurang penting disek-sek, Ora suwi we wes rampung
ganti nandangi liyan. Dadi wes perangkat desa teko kabeh rapat yo wes arep
dilekasi pak lurah banjur medal neng pawon nggoleki garwone ngendiko
Buk, mengko nek wes akeh sing rewang
nandangi kanggo nyugoh seng rapat, Mbok kono neng pak bejo diteliki, kok ora
mangkat nyambut gawe?? Langsung sumaguh bu lurah, terus langsung tindak neng
omahe pak bejo.
Basan tekan omahe kok malah tutupan
rapet suwung. Kiro-kiro gek do menyang nendi yo? Anake pak bejo yo ono seng
lanang lan wadon. Dillan lan meli, seng dilan wes kelas 3 SMK, lan si melilagek
kelas 2 SMP. Bocah loro kui pinter-pinter ora tau seng jenenge nunggak kelas.
Yen wes mulih sekolah yo podo pengerten ngrewangi wong tuone. Nalikane libur
dilan kerep ngenteni bapakne, yaiku gawean resik-resik kebon lan nata balai desa
sakwise do muleh. ORA salah yen bapak lurah lan keluargane demen mbek
anak-anake pak bejo seng podo sregep lan bekti kui.
Presa omahe pak bejo suwung bu lurah
banjur neng omah wetane nggone mbokde Yah, pas kebeneran lagi ngresiki sumur,
lan ngendikone
Dhe Yah! kok griyone pak bejo tutupan
yo, kinten-kinten sami kesah teng pundi?? Dhe Yah lan dengengek karo nyedak
mangsuli.
Owalah, Nganu bu, Pak bejo niku nembe
ngeterke garwone teng puskesmas. Mungale sampun 3 dinten sambat mumet, malah kolo
wingi kulo sampun keroki, sanjange pak bejo, saking wau ndalu mboten saged
tilem nggeh badane sedanten sami gemetera. Pramila wau terus dibencengke di
beto teng puskesmas?
bu lurah terus ngendiko
Owalah….Ngoten
nggeh de Yah, suwun nggeh diparingi ngertos, mangkeh kulo aturaken tg pak
lurah?
sak wise ngendiko kui bu lurah langsung
kundur, esuke bare pak bejo nyambut gae koyo biasane. denen pak lurah sak wise
di ngertosi garwone, yo ora sui lanngsung titik marang omahe pak bejo, titik
marang garwone pak bejo seng jarene nembe loro.
Basan tekan omahe pak bejo kabeh
keluarga pak bejo podo nunggoni marang garwone pak bejo. terus pak lurah sak
keluargo langsung mlebu marang seng nggone loro garwone pak bejo. Nalikane
tekan ngarep lawang, teko-teko mireng lagi podo sembahyang pak wiro ingkang
imam. pak lurah banjur ora sida mlebu supoyo ora ganggu
Pak bejo iku wong seng sregep ngibadah
neng masjid. neng masyarakat yo apik, tetangganan yo apik. tansah yo pinter
matur kaleh tyang umum nopo linune. barang es rampung lek solat banjur pak
lurah mlebu.
Assalamualaikum, kepiye bu bejo, alaramu
opo??
Pak lurah bu lurah, matur suwun sampuun
tindak teng nggen kulo, sakit kulo nggeh katah sanget pak lurah naming nggeh pun atah sudanipun? mature kirang jelas
banjur disambung aleh pak bejo matur
Ngendikanipun dokter kolo wingi. katah
pikiran?
Owalah…..mikir nopo sampean niku bu
bejo….nok meli kolo winggi cerios, yen nok meli mboten angsal nderek ujia kaleh
guru kelasipun, bu bejo banjur ora biso nerosake matur amero mrembes mili.
Semono ugo yo nok meli nderek nrocos mripatipun. pak lurah sekalian kepengen
reti opo sebabe.
Banjur
pak lurah ngajak meli metu neng arep omah. terus lungguh marang lincak pak
lurah banjur dangu
Sak jane mbokmu kuwi mikir opo ti li,
yen mengko bisa pak lurah bantu mesti bakal tek entengke li. Banjur meli matur,
Simbok niku sisiah maergi dereng saged bayar SPP 6 wulan. seklian arto damel
ujian ganggsalatos ewu rupiah? ature meli karo sesenggukan.
Wes meli rasah di piker, yen iku seng
nyebabke mbok mu loro sesuk tak cukupi. Sesok mlbeuo tak gawani duite gawe
bayar kekurangan lan SPP mau.
Terus pak lurah sekalian mlbet maleh
teng nggen loronipun bu bejo, banjur matur marang bu bejo. Yu utangmu sek dek
biyen gak usah di saur. aku rila lahir batin. Saikai di gawe lego ben ayem lan
cepet waras maneh. Perlune yen ono kerepotanku, sampean kang bejo mbek
bocah-bocah bisa sami sareng ngrewangi? sak uwise ngendiko banjur pamit kundor
bu lurah lan pak lurah. Nalkane wes bar nguntapke tekan latar pak lurah dan garwone.
Bu bejo wes biso lungguh, weruh anake podo mlebu banjur tangane diantungake
meli.
Meli lan bu bejo rangkulan kang kraket
karo tetangis disekseni marang pak bejo seng lungguh neng wetan amben.
sak wise mrimbik-mrimbik utawa nangis,
bu bejo kanda marang meli
Nok lan kowe bappakmu, syukur-syukurno
olehmu le matur panuwun marang ghusti pangeran allah swt. Syukur marang kabeh
paringe rezeki lan liyane.
iyo mbok, mula yen dadi wong ojo
sumelan, janji eling marang kan nyiptakno alam dunia, ghusti mesti bakal paring
pitulungan marang mahkluke. Meli nyambung
iyo
pak…mbok ….ghusti moho adil lan maringi rezeki lumantar pak lurah lan bu lurah.
Bener nok, ghusti iku maha welas lan
asih? Banjur kui keluarga pak bejo solat isya’ jama’ah.
Unsur intrinsik nya apa ya ?
BalasHapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
Hapus