Kelompok 3
Nama Anggota :
- Agistin Isti Q (
02 )
- Agustina Arie D (
03 )
- Anggi Yanuarika (
13 )
- Arnisa Apriliana (
24 )
- Deta Amelia (
32 )
- Devi Sariati (
34 )
TEROR AYAM
Oleh Fitrianingsih
Saat itu tengah malam Suprapti tidak bisa tidur. Meskipun semakin malam suasananya semakin
dingin, tetapi tetap saja tidak bisa membuat Suprapti tidur dengan nyenyak.
Lain dengan suaminya, Pardi sudah
tidur sejak jam sepuluh tadi. Entah
apa yang dipikirkan Suprapti sehingga tidak bisa membuat dia tidur sampai
jam dua pagi. Entah apa itu tidak tahu.
Sekitar pukul setengah tiga pagi, Pardi merasa terganggu
dengan tingkahnya Suprapti yang tidak bisa tidur tadi, lalu Pardi bangun
dan menanyai pelan-pelan dengan mata yang masih mengantuk. Kenapa Suprapti
tidak bisa tidur sampai jam segini. Tetapi anehnya, Suprapti tidak bisa
menjawab dan tidak tahu apa sebabnya dia tidak bisa tidur sampai jam segini.
Sebenarnya hati dia pun tidak tenang. Seperti akan ada suatu hal buruk yang
terjadi. Tetapi apa itu Suprapti tidak tahu. Dengan teliti Pardi mendengarkan prasangka istrinya, lalu Pardi menyuruh
istrinya menenangkan pikirannya dan segera tidur.
Besoknya, tepat jam setengah lima pagi Suprapti tiba-tiba bangun dari tempat tidur akan menyapu lantai seperti biasanya.
“Aaaaaaaaaa..........Pak Bapak.........” Teriak Suprapti
setelah melihat ada ayam mati berlumuran darah di depan pintu rumahnya.
Pardi yang masih malas-malasan ada di tempat tidur langsung bergegas bangun menghampiri
suara istrinya yang berteriak tadi. Sayup-sayup matanya tidak diperhatikan oleh
Pardi.
“Ada apa Bu? Pagi-pagi sudah berteriak seperti itu?
Membuat orang kaget saja!.” Ujar Pardi yang kaget.
“Itu lo , Pak...ada ayam. Hiii...itu Pak, ada ayam mati
berlumuran darah di depan rumah. Hiii....” Jawab Suprapti dengan gemetar
menunjuk luar rumah.
Sesudah mengubur ayam tadi, Pardi menjemput istrinya dan
berkata
“Bu,
tenangkan pikiranmu. Tidak perlu dipikir terlalu dalam itu hanya ayam mati
kok.”
“Kenapa bisa Pak, ayam mati tepat ada di depan rumah
kita. Jika tidak ada yang mengirim tidak mungkin ada di depan rumah seperti
itu, Pak. Dia kan senang berbuat curiga dengan keluarga kita.” Jawab Suprapti
dengan perasaan curiga.
“Hussst..... Jangan buat prasangka seperti itu! Tidak
baik, Bu. Orang tidak ada apa-apa. Bisa saja ayam tadi asalnya dari ketabrak
motor, lalu sempoyongan. Celakanya, matinya itu tetap ada di depan rumah kita.”
Jawab Pardi dengan meyakinkan istrinya.
***
Pardi pusing karena kejadian ayam mati itu tidak hanya
membuat ayam yang mati tanpa sebab ada di depan rumahnya, tetapi matinya ayam
itu sudah bisa dikatakan teror karena dalam tiga hari keluarganya Pardi
dikirimi ayam mati yang wujudnya mirip seperti itu. Tidak tahu siapa dan apa
sebabnya kok bisa meneror keluarga itu. Suprapti yang memang mempunyai watak
cerewet, lalu cerita tetangga sebelah keluarganya itu diteror oleh orang sampai
dikirimi ayam mati ada didalam tiga hari ini. Tetangga sebelah yang mendengar
cerita Suprapti lalu menyarankan jika dia harus melaporkan ke polisi. Setelah
itu Suprapti menyuruh suaminya supaya menghubungi polisis saja, tetapi Pardi
tidak punya pendapat seperti itu. Pardi penasaran oleh orang yang meneror
keluarganya. Sehingga Pardi memutuskan jika dia ingin menyelidiki sendiri siapa
yang meneror keluarganya itu.
Sejak pukul
satu pagi, Pardi dan Suprapti sudah bangun, tidak mempunyai niat tidur karena
akan mengintai dari dalam rumah. Penasaran dengan siapa yang sudah meneror
keluarganya dalam tiga hari ini.
Pada pukul tiga ada seseorang yang mengendap-endap
berjalan mendekati rumah Pardi. Dari jauh samar-samar orang tadi terlihat
seperti seorang perempuan. Badannya tinggi, kulit sawo matang, tetapi baju dan
rambutnya berantakan. Pardi memperhatikan dengan teliti. Hancur hatinya pardi terkejut. Perempuan itu
Darsih, janda cantik yang pernah menjadi istri mudanya Pardi tetapi sudah
diceraikan satu tahun yang lalu. Ujung-ujungnya Pardi mengingat kejadian
dahulu. Ketika Pardi diam-diam menyelingkuhi Suprapti menikah dengan Darsih.
Tetapi keadaan itu tidak seperti kenyataannya. Sebenarnya Pardi tidak mempunyai
niat untuk menyelingkuhi Suprapti dan sebenarnya Pardi tidak mempunyai rasa
cinta sama sekali kepada Darsih. Darsih memang sudah terkesima sekali dengan
Pardi tetapi Pardi menolak cintanya karena sudah mempunyai istri Suprapti.
Karna terlalu kecewa, Darsih sampai
memelet Pardi supaya menikah dengan
Darsih,padahal diam-diam tidak ada satu orang yang mengetahui, khususnya Suprapti.
Rumah tangganya Pardi dan Darsih hanya bertahansatu bulan karena Pardi di
sadarkan oleh kyai Sapatula, pelet yang berada di dalam tubuh Pardi dihilangkan
Kyai Sapatula. Tanpa berfikir panjang Pardi men-talak tiga Darsih setelah itu
meninggalkan Darsih dengan perasaan takut kepada perempuan itu. Ketika menjadi
suaminya Darsih tingkah laku Pardi tidak seperti biasanya, maka Suprapti tidak menaruh curiga apapun terhadap
Pardi. Tetapi, terkejutnya Pardi yaitu satu tahun tidak mendengar kabar Darsih
dan tiba-tiba meneror keluarganya seperti ini.
Suprapti yang ikut berjalan dengan Pardi, bertanya kepada
Pardi benar tidaknya behwa yang meneror itu Kak Darsih janda cantik dari desa
sebelah. Setelah Pardi menceritakan perjalanan jaman dahulu waktu bersuami istri
dengan Darsih. Terkejut, seperti disambar petir di siang hari. Lalu Suprapti
berlari keluar menghampiri Darsih wanita yang sudah membuatnya susah. Wanita
licik yang ingin merusak rumah tangganya dengan Pardi.
“Tolooong..... Toolooong.....” Jeritan Suprapti dengan
berlari mencincing dasternya.
“Wanita tidak punya etika! Biadab! Celaka kamu Darsih.
Kamu memelet suamiku, kamu kira suamiku itu bisa tertarik dengan kamu! Biadab
kamu Darsih! Kamu ingin mengganggu suamiku lagi?” Ujar Suprapti dengan sedih.
Suprapti berlari menghampiri darsih yang senyum-senyum
tanpa mempunyai rasa bersalah. Menjangkau rambut Darsih dijambak dan
diucel-ucel. Memukuli tubuh Darsih yang hanya tinggal tulang dan kulit. Lain
dengan Pardi yang melihat istrinya sedang memukul Darsih langsung berlari
menghampiri Suprapti dan memegangnya supaya tidak tambah hilang kendali.
“Sudahlah Bu, ingat jangan seperti itu. Jika kamu timpuki
bisa mati nanti Darsih, lebih baik kita laporkan saja kepada polisi.” Larangan
Pardi dengan memegangi tubuh Suprapti.
TAMAT
Terjemahan
TEROR PITIK
Dening Fitrianingsih
Ana
ing tengah wengi iki Suprapti ora bisa turu. Sinaosa sansaya wengi kuwi hawane
sansaya adhem nyenyet, nanging ya tetep ora bisa gawe Suprapti turu ayem. Dene
bojone, si Pardi wis wiwit turu jam sepuluh mau. Sajake ana sing dipikirake
Suprapti saengga ndadekake dheweke ora bisa turu nganti jam loro esuk iki. Mbuh
apa kuwi ora ana sing ngerti.
Ngancik jam setengah telu esuk, si
Pardi ngrasa keganggu karo polahe Suprapti kang klesak klesik mau, banjur
nggregah tangi lan nakoni lirih kanthi mripat kang isih riyep-riyep. Geneya kok
Suprapti ora bisa turu nganti jam semene kuwi. Nanging anehe, Suprapti ora bisa
mangsuli lan ora ngerti apa sebabe dheweke ora bisa turu nganti jam semene.
Sajake atine ora tenang. Kaya-kaya bakal ana kadadeyan ala kang kelakon.
Nanging apa kuwi ya Suprapti ora ngerti. Kanthi premati Pardi ngrungokake
pangrasane bojone, banjur Pardi ngakon bojone ngademake pikire lan ndang turu.
Sesuke, pas jam setengah lima esuk
Suprapti menyat tangi saka bale arep nyapu latar kayak biasane.
“Aaaaaaaa.....
Pak Pak’e...” jerite Suprapti sak wise ngeti ana pitik mati guprat getih ing
ngarep lawang omahe.
Pardi kang isih aras-arasen ana ing
bale, langsung gumregah menyat tangi nututi suwarane bojone kang njerit mau.
Kriyep-kriyep mripate ora digagas karo Pardi.
“Ana
apa ta bu? Esuk-esuk kok njerit ngono kuwi? Gawe kagete wong wae!” ujare Pardi
kang kaget. “Kuwi
lho, Pak... Ana pitik. Hiiii.... Iku Pak, ana pitik mati guprat getih ning
ngarep omah. Hiiii...” wangsulane Suprapti kanthi gigrik mengkirik nudingi
njaba omah.
Banjur Pardi metu marani tudingane
Suprapti. Sanalika mak tratap atine Pardi nalika ngerti ana pithik mati guprat
getih ning ngarep omah. Sajake iki pitik ora pitik kang mati wajar lan ora
sengaja bisa mati ing ngarep omahe. Nanging yen ngeti kahanan pitik kuwi mau,
Pardi bisa nyimpulake yen pitik mau kirimane wong kang ora sreg karo
kaluwargane.
Ing
bathine, “Dhuh Gusti, kadadeyan apa iki? Sapa kang ngirimi pitik mati iki?”
Banjur
Pardi age-age mlebu ngomah luru pacul kanggo ngubur pitik mau. Dene Suprapti
isih lemes nglempuruk ana ing kursi sudut ruang tamune.
Sawise ngubur pitik mau, Pardi
marani bojone lan matur
“ Bu, ademke pikirmu. Ora susah dipikir
jero-jero kuwi namung pitik mati kok.”
“Hla kok bisa Pak, pitik mati pas
ana ing ngarep omahe dhewe. Yen ora ana sing ngirimi ora bakal bisa ana ing
ngarep omah ngono kuwi, Pak. Iki mesthi Pak Wagino kae sing ngirimi amarga
wonge kan ora tau seneng karo awake dhewe, Pak. Dheweke kan seneng tumindhak
culika marang keluwargane dhewe.” wangsulane Suprapti kanthi ngunus curiga.
“Husssttt...
Aja gawe pandakwa kaya ngono kuwi! Ora apik, bu. Wong ora ana apa-apa kok. Bisa
wae pitik mau asale ketabrak montor, banjur kleyangan. Hla cilakane, matine
kuwi pas ana ing ngarep omahe dhewe.” wangsulane Pardi kanthi ngyakinake
bojone.
***
Pardi budreg amarga kedadeyan
matine pitik kuwi ora amung kebacut pitik kang mati tanpa sebab ana ing ngarep
omahe, nanging matine pitik kuwi wis bisa kebacut teror amarga sajerone telung
dina kaluwargane Pardi dikirimi pitik mati kang wujude persis kaya ngono. Ora
ngerti sapa lan apa sebabe kok bisa neror kaluwargane kuwi. Suprapti kang
pancen nduweni watak cerewet, banjur cerita marang tangga teparone yen
kaluwargane kuwi diteror karo wong kanthi dikirimi pitik mati ana ing sajerone
telung dina iki. Tangga teparo kang krungu cerita Suprapti banjur nyaranake yen
dheweke kudu matur menyang pulisi. Banjur Suprapti ngakon bojone kanggo
ngubungi pulisi wae, nanging Pardi ora duwe panemu kaya ngono. Pardi penasaran
karo wong sing neror kaluwargane. Saengga Pardi mutusake yen dheweke pingin
nyelidiki dhewe sapa kang neror keluwargane kuwi.
Wiwit jam siji esuk, Pardi lan
Suprapti wis melek, ora duwe niatan turu amarga arep ngintik saka njero omah.
Penasaran karo sapa kang wis neror kaluwargane ana ing sajerone telung dina
iki.
Pas
jam telu ana wong kang ngendhep-ngendhep mlaku nyedhaki omahe Pardi. Saka adoh
samar-samar wong mau katon kaya wong wadon. Dedeg dhuwur lencir, kulit sawo
mateng, nanging klambi lan rambute awut-awutan. Pardi namatake kanthi premati.
Mak tratap atine Pardi kaget. Wong wadon kuwi Darsih, randha ayu kang tau dadi
bojo enome Pardi nanging wis dipegat ana ing setaun mbiyene. Ujug-ujug Pardi
kelingan kahanan mbiyene. Nalika Pardi mendhep-mendhep nylingkuhi Suprapti
kawin karo Darsih. Nanging kahanan kuwi ora kaya kasunyatane. Pardi sebenere
ora nduwe niatan kanggo nylingkuhi Suprapti lan Pardi asline ora duwe rasa
tresna babar blas karo Darsih. Darsih pancen wis kesengsem banget karo Pardi
nanging Pardi nampik tresnane amarga wis
duwe bojo Suprapti. Saking cuwane, Darsih nganti melet Pardi supaya gelem kawin
karo Darsih sinaosa mendhep-mendhep tanpa ana wong sijia kang mangerteni,
mligine Suprapti. Omah-omahe Pardi karo Darsih namung kelakon sesasi amarga Si
Pardi disadarake karo Kyai Sapatalu, pelet kang tumemplek ing awake Parto
diilangake Kyai Sapatalu. Tanpa mikir dawa-dawa Pardi nalak 3 Darsih banjur ninggalake
Darsih kanthi rasa wirang marang wong wedok kuwi. Nalika bebojoan karo Darsih
pancen polahe Pardi ora owah saka biyasane, mula Suprapti ora ngunus curiga
babar blas karo Pardi. Nanging, kagete Pardi yaiku setaun ora keprungu kabare
Darsih kok ujug-ujug neror kaluwargane kaya ngene.
Suprapti kang melu ngintik karo
Pardi, takon marang Pardi bener orane sing neror kuwi mbakyu Darsih randha ayu
saka Desa Sisih. Banjur Pardi nyritakake lelampahan njaman mbiyene pas bebojoan
karo Darsih. Mak tratap, kaya-kaya
disambar gludhug ing wayah awan-awan. Banjur Suprapti mlayu metu marani Darsih
wanita kang wis gawe dukane. Wanita culika kang arep ngrusak omah-omahane karo
Pardi.
“Thuluuunggg.... Thuluuuungggg....”
jerite Suprapti karo mlayu nyincing dastere.
“Wanita
ora duwe tata! Biadab! Culika kowe Darsih. Kowe melet bojoku, kok senggoh
bojoku kuwi bisa kepincut karo kowe! Biadab kowe Darsih! Kowe arep ngganggu
bojoku maneh?” ujare Suprapti kanthi duka. Suprapti
mlayu marani Darsih kang ngguya-ngguyu tanpa duwe rasa salah. Ngranggeh rambute
Darsih dijambaki lan diuncit-uncit. Ngaploki awake Darsih kang namung kari
balung lan kulit. Dene Pardi sing ngerti bojone lagi ngamok Darsih langsung
mlayu nututi Suprapti lan nyekeli dheweke supaya ora tambah ilang kendaline.
“Wis ta Bu, eling aja ngono. Yen mbok
antemi bisa mati mengko Darsih, mendhing dilapurake wae menyang pulisi.”
larangane Pardi karo nyekeli awake Suprapti.
Tangga
teparo kang krungu jerite Suprapti banjur gumegrah tangi, mlayu marani jeritane
Suprapti mau. Tangga teparo padha kaget ngeti kahanan Darsih saiki. Sasuwene
iki, Darsih pancen ngilang ora ana sing mangerteni kok malah ujug-ujug marani
omahe Parto lan neror keluwargane. Mbuh merga apa, para tangga teparo ora padha
ngerti. Sing cetha Darsih saiki wis bedha karo Darsih sing mbiyene. Mbiyen
Darsih dadi randha ayu kang ditresnani kabeh wong lanang, saikine Darsih dadi
wong edan gara-gara tresnane karo Pardi kang wis duwe bojo Suprapti. Edan
gara-gara tresnane ditampik karo Pardi.
TAMAT
Tidak ada komentar:
Posting Komentar