Selasa, 05 November 2019

Kekancan


Kelompok 5
Jeneng anggota kelompok:
1.  Alfina Damayanti          (08)
2.  Ani Fitriyani                   (15)
3.  Astri Wulandari              (25)
4.  Azzahra Saputri             (27)
5.  Bayu Waskitho              (28)
“Kekancan”

Ing kuto Magetan ana sawijining sekolahan kang kalebu sekolah favorit,mang kono ana 5 bocah sing kekancan.Saben dinane bebarengan awet saka kelas 1 nganti seprene.5 bocah kui mau ana sing pinter, ana sing ndableg,ana sing sugeh lan ana sing anake wong ra ndue,ananging kabeh kui ora dadi masalah ing kekancane.5 bocah kui yaiku Bayu,Ani,Zahra,Pina lan Astri kang nduweni sifat bedo” nanging kabeh pada saling nglengkapi siji karo liane.
(Bel wes muni tiba wayahe ngaso,bocah 5 kui bebarengan ing kantin sekolahan).
Pina     :”Cah piye tugase Bahasa Jawa wes tekan ngendi lah nggarap?”.
Astri    :”Njajal tekonono Ani,ndek mbien kae tugase diterusake Ani!”.
Ani      :”Durung rampung,kurang halaman terakhir cah dek wingi aku wes kesel banget”.
Bayu    :”Lha Zahra Ngendi?”.
Pina     :Mboh sak jare mau pamite ning WC tapi kok ra mbalek-mbalek”.
(Ra let sui Zahra teko)
Zahra   :”Cah sepurane ya aku lagi teko,pas lagi ng WC cahayane apik banget aku selfi disek       hahaha”.
Astri    :”Kulino wong kui”. (karo mecucu guyon)
Zahra   :”hehe yo maap cah,Iki mau wes mbahas opo wae?”.
Bayu    :”Mbahas aku karo koe”.
Ani      :”Wes-wes ayo ndang diterosne!”.
(Akhire bocah 5 kui nerosne tugase mau,ra let sui bel masuk muni cah 5 kui mbalek menyang kelas.Sak wise pelajaran rampung,kabeh murid mulih menyang omahe dewe-dewe).
(Bayu lan Ani ora sengojo ketemu ning dalan).
Ani      :”Eh yu piye tugase mau durung rampung”.
Bayu    :”Iyo,Sing tenang engko tak omongane bocah-bocah yen sesok sinau menyang omah mu jam 10.00 isuk.Yowes ayo balek Ni!”.
Ani      :”oke Yu ayo!:.
(Cah 2 kui balek bebarengan.Sak tekane ning omah bayu banjur WA bocah-bocah liane nek sesok nggarap tugas menyang omahe Ani jam 10.00 isuk).
(Esuke Bayu tekan omahe Ani disek dewe).
Bayu    :”Ni lha cah-cah podo durung teko ye?”.
Ani      :”Durung yu,sek ntenono aku tak jupuk wedang dingo koe karo cah-cah!”.
(Ra let sui Pina karo Astri teko bareng amargo wong 2 kui goncengan)
Pina&Astri:”Assalamualaikum”.
Bayu    :”Waalaikumsalam,sui men to cah jane jek podo nyapo wae?”.
Pina     :”Jenenge wong wedok gaean ning omah yo okeh to yu”.
Bayu    :”Zahra nyangndi maneh iki?”.
Ani      :”Zahra terus sing digoleki”.
(Karo metu saka Pawon nggowo wedang).
Astri    :”koyo ora ngerti Zahra wae nu weke”.
Ani      :”Wes ayo nggarap disek wae ngenteni Zahra ngko bakal ora sido sinau!”.
Pina     :”Ayo ayo”
(Banjur wong 4 kui sinau,lan pas wes arep bar Zahra lagek teko).
Zahra   :”Assalamualaikum”.
Bocah-bocah:”Waalaikumsalam”.
Zahra   :”Maap yo cah dek mau aku keturon”.(karo ngguya ngguyu).
Astri    :”Biyuh penak men urep mu kok turu wae”.
Ani      :”Wes arep bar lagek teko”.
Zahra   :”Sepurane cah hahaha”.
Bayu    :”Ojo kok seneni ae to!”.
Zahra   :”Ni nak e aku nyileh bukumu yo”.
Ani      :”Iyo nyo gowonen”.
Bayu    :” Yawes Ni awake dewe kabeh pamit ya amarga wes sore”.
Ani      :”Iyo cah ngati-ngati neng dalan!”.
Bocah-bocah:”wassalamualaikum”.
Ani      :”Waalaikumsalam”.
(Bayu,Zahra,Pina lan Astri banjur muleh menyang omahe dewe-dewe).
(Esuk e Ani wes teko kelas disek dewe,ra sue Pina lan Astri teko).
Pina     :”Ni,awakmu wes sarapan durung?”.
Ani      :”Uwes Pin,Lha koe wes durung?”.
Pina     :”Aku yo uwes nu”.
Ani      :”Eh Tri we awan Zahra karo Bayu kok durung teko-teko yo?”.
Astri    :”Zahra paling yo telat”.
Ani      :”Yuh gek piye atakno wonge telat gek bukuku Bahasa Jawa digowo deke pisan”. (karo wajah bingung,saking bingunge Ani nganti nunggu ngadek ning anding lawang kaya cah ilang,Nanging sing teko malah Bayu uduk Zahra).
Bayu    :”Lho Ni ginio weke?”
Ani      :”nunggu Zahra yu,awakmu mau cetuk wonge pora?”.
Bayu    :”Telat paling kaya ora weruh Zahra wae,aku mlebu sik yo”.
Ani      :”Iyo yu”.
(Ani ijik bingung wae sampek bel mlebu muni.Deweke soyo bingung amarga Pak Guru dilute ngkas mesti ndang rawuh menyang kelas).
(Pak Guru teko Ani bingung banjur lungguh ning bangkune,Pak Guru Bahasa Jawa iki terkenal saking galake ).
Pak Guru         :”Sugeng enjing bocah-bocah”.
Bocah-bocah   :”Enjing Pak Guru”.
(Liane podo nyambut,Ani mung bingung wae mikirne buku sing digowo Zahra).
Pak Guru         :”Dek mbien Pak Guru ngewehi tugas to?sak iki ayo maju siji-siji! Karo tak nilai tugase”.
(Banjur bocah-bocah maju siji-siji’Ra let sui Zahra teko.Ani sing maune murung langsung ngguyu.Zahra banjur nyuwon ngapuro menyang Pak Guru yen deweke telat,Ra let sui jenenge Ani ditimbali Pak Guru banjur Ani maju).
Pak Guru:”Lho ndi bukumu Ni?”.
Ani      :”Nggeh Pak riyen,kulo suwunke teng Zahra,amarga buku kulo dek wingi dibeto Zahra”.
Pak Guru:”Yo ndang gagi!”.
Ani      :”Ra bukuku ngendi?”.(Karo wajah rodok sepaneng).
Zahra   :”Sek Ni!”.(Deweke bingung karo nggledahi nggoleki bukune Ani ning njero tas).
Ani      :”Enek pora to Ra?”.
Zahra   :”Yuh Ni keri iki piye?sepurane ya ni”.
Ani      :”Piye to weke Ra wes disilihi buku nggarap yo ora tau,sinau bareng mesti telat terus jane aku kurang apik piye ngeawangi koe? Tak piker koe bakal berubah jebule malah sak iki bukuku kok tinggal ning omah”.(Ngamuk-ngamuk ning kelas,bocah-bocah podo meneng kabeh).
Bayu    :”Heh uwes-uwes Ni!”.
Ani      :”Nyapo?koe ijek wae mbelo Zahra neh?sak iki aku ora sudi gelem sinau bareng neh karo koe kabeh”.(Karo arep nangis).
Pak Guru:”Ani piye bukumu endi?”.
Ani      :”Niku Pak buku kulo klintun”.
(Pak Guru ngamuk-ngamuk amarga seprene Ani kui bocah disiplin,Sakbare kejadian iku Pak Guru wes ora sepercaya koyo sakdurunge neng Ani).
(Bel ngaso muni,Ani banjur moro ning bangkune Pina lan astri).
Ani      :”Ayo cah menyang kantin!”.
Astri    :”Ayo sek tak jak e Zahra karo Bayu”.
Ani      :”Ora sido wae aku tak menyang dewe”.(Ngaleh karo mrengut).
Astri&Pina:”Heh Ni pye nu?”.
(Sedino kui Ani ora takonan karo Zahra awet isuk ngasi wayah balek.Sesukane Zahra teko sekolahan nyedaki Ani lan ngewehake buku Bahasa Jawa sing disilih).
Zahra:”Ni iki aku mbalekne bukumu,sepurane jan Ni”.
Ani      :”Pek’en Ra wes ra kanggo”.(ngaleh soko bangku).
(Ora sengojo Bayu,Pina lan Astri weruh yen bocah 2 kui padu nanging meneng wae,wes 2 dino bocah-bocah kui ora bebarengan).
(Wayahe ngaso Pina lan Bayu menyang kantin wong 2).
Bayu    :”Pin piye wong 2 kae nganti kapan lah ora takoan?”.
Pina:”Mbuh Yu aku dewe yo bingung”.
(Sesok isuke ning kelas mung ana Bayu,Pina lan Astri.Ora biasane Ani durung teko).
Astri    :”Lho kok Ani dengaren durung teko yo cah?”.
Pina     :”Iyo iki tak tunggune ning njobo yo”.
Bayu&Astri:”Iyo kono Pin tunggunen”.
(Pina menyang ngarepan sing teko malah Zahra,bocah-bocah podo ngengen-ngengen  Ani wae,tibake Ani ora melbu sekolah amarga loro.Pas mulih sekolah bocah 4 iku ngendangi ani menyang omahe).
(Sak wise tekan omahe Ani bocah-bocah banjur cepet-cepet nyeluk Ani amarga kawatir karo koncone siji kui).
Bocah-bocah:”Assalamualaikum”.
Ani      :”Waalaikumsalam,ehh cah ayo podo mlebu!”.
Pina     :”Weke loro opo Ni kok sampek ora mlebu sekolah?”.
Ani      :”Awakku ora menak sirah ku mumet banget iki”.
(Senajan Zahra melu ngendangi Ani tapi bocah 2 kui tetep wae meneng wae lan Zahra mung dolanan HP dewe).
Bayu    :”Ra,Ni wes to ojo meneng-menengan terus mosok amarga masalah sepele kekancanne rusak?ora eman-eman to critone awake bebarengan iki mosok mung kok dadekne kenangan?”.
Pina     :”Lha iyo kok mosok kekancan ora omong-omongan blas ngene iki opo yo menak?”.
Astri    :”Wes ndang podo salaman ora apik musuhan lueh soko 3 dino”.
(Ani lan Zahra meneng sedilut,banjur Zahra moro nyedaki Ani).
Zahra   :”Ni aku njalok sepuro ya aku salah,aku janji bakal dadi wong seng lueh apik maneh,sregep sinau lan bakal njogo amanah”.
Ani      :”Iyo ra gak popo aku yo salah,sak jane aku yo gak oleh egois amarga lali kui manusiawi.Alhamdulillah nek koe gelem berusaha dadi wong seng lueh apik maneh”.
(Bocah 2 kui salaman lan bocah-bocah kabeh kui rangkulan.Ani lan Zahra wes sadar nek kekancan kyui segalane dibandengke kesenengan lan urusane dewe.sak wise kejadian kui Zahra dadi wong sregep lan ora pernah telat maneh amarga iling pesen saka kanca-kancane mau).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar