Selasa, 05 November 2019

Resik Desa

Nama Kelompok:
1.      Adisa Dinda S                          (01)
2.      Agustina Dwi A                        (04)
3.      Anis Aprilia R                          (17)
4.      Anis Fitria                                (18)
5.      Anisa puryaningsih                  (19)
6.      Deninda Malasari                   (30)
RESIK DESA
Ing salah sijine desa ning Magetan,nduweni program kang dilaksanakake saben dino minggu yaiku resiki desa.Tujuane kanggo nyadarake masyarakat pentinge jogo  karesikan lingkungan.Parra masyarakat ugo podo seneng marang program iki amarga bias nambah silaturahmi lan roso gotong royong antar warga.
Pak RT siaran ngumumake marang warga
Pak RT             : "Assalamualikum,pengumuman pengumuman kula aturaken dumateng desa Tulung RT 01 RW 01,benjeng enjing dinten minggu sautawis jam 08.00 kasuwun makepal wonten pos ronda guno di wontenaken kerja bakti,lan beto alat karesikan piyambak-piyambak,maturuwun wassalamualaikum "
Sesok para warga wis ngumpul ing pos ronda karo goo alate dewe-dewe ananging salah sijine warga eneng sing ora teko yaiku Pak Kusron deweke gawe alesan loro ananging sing asli deweke males karo kagiyatan desa.
Pak RT ngabsen wargane
Pak RT             : "Assalamualaikum wr wb,matur suwon sampun makempal wonten mriki.Sak derengipun kegiatan diawiti niki sinten nggeh sing dereng dugi?"
Pak Rahmat ngeceki siji-siji lan ngomong yen Pak Kusron during teko
Pak Rahmat     : "niki sing dereng dugi Pak Kusron

Pak RT             : "Nggeh mpun niki kerja baktine dipun diwiwiti mawon mangke selak siang"
Para warga     : "nggeh pak"
Karo resik-resik Pak RT ngontrol kegiatan para wargane
Pak RT             : "Pak Wardi nyuwon tulung niki sampeyan ngresiki pinggire dalan mriki nggeh?"
Pak Wardi       : "nggeh pak"
Pak Sutris        : "kula bagean ngresiki selokan nggeh pak?"
Pak RT             : "nggeh mboten nopo-nopo sampeyan kaleh pak Guntur,Pak Warno,kaleh pak Jono nggeh pak
Pak Sutris        : "nggeh pak"
Pak Sutris ngendikani Pak Gunur,Pak Warno,kaleh Pak Jono ngngken ngresiki selokan bebarengan.
Ibu-ibu nyiapne sarapan nang omahe Bu RT kanggo saran para warga kang nindakake kerja bakti.Bu RT ngendikani Pak RT supaya ngomongi para wargane ben sarapan disek.
Bu RT               : "Pak,niki sarapane sampun siap."
Pak RT             : "nggeh bu"
Sak wise lingkungan resik pak RT ngendika marang warga supados makempal ing omahe Pak RT
Pak RT             : "bapak-bapak ibu-ibu monggo sedoyo mawon makempal wonten griyo kulo badhe sarapan rumiyen"
Para warga     : "nggeh pak"
Pak Asma        : "Pak RT kulo ijin mboten tumut sarapan amargi enten urusan wonten dalem"
Pak RT             : "nggeh pak mboten napa-napa"
Para warga wis tekan omahe pak RT mbanjur padha sarapan
Pak Kasman     : "Wah masakane enak tenan iki "
Bu RT               : "oalah enggeh pak matur suwun"
Pak RT             : "niki sampun sarapan sedoyo?
Para warga     : "sampun pak"

Pak RT             : "nggeh cekap sementen anggene ngresiki lingkungan matur suwun sedoyo ingkan sampun tumut.Bapak-bapak ibu-ibu ojo kessupen minggu ngajeng ngresiki desa maleh nggeh?"
Para warga     : "nggeh pak"
Pak Surat         : "pak niki para warga badhe wangsul rumiyen,matur suwun sarapanipun."
Pak RT             : "nggeh pak sami-sami"
Para warga banjur mulih neng oamhe dewe-dewe 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar