Selasa, 05 November 2019

Kewirangan

Anggota Kelompok :
Ø  Isma Dyah W                             (25)
Ø  Ita Lia Saputri                 (26)
Ø  Jeni Rahmanto                  (27)
Ø  Jeshinta Fithria A             (28)
Ø  Joko Siswandi                   (29)
Ø  Lilik Iswahyuni                  (30)

                                                                                                                                    
TEMA: KEKANCAN MURID SEKOLAH

 Kewirangan
Semburat srengenge lan pedhut esuk sing adem isih nutupi sekolah pas aku tekan gapura sekolahan. Kelas-kelas uga isih sepi. Daklirik jam tangan cilik abang enom ing tangan tengenku, hemmm… lumayan, isih ana wektu limalas menit sadurunge bel mlebu muni. Tas dakselehake ing laci meja banjur mlayu metu kelas menyang taman sekolah. Isma, Lilik, Jeni, lan Joko  jebul wis padha lungguh ing kursi taman.  Ngerti aku teka, Isma langsung ngawe.
“Ta, lungguh kene wae, sida titip tuku buku Bahasa Indonesia 6A ing toko bukune kancaku, ta?” Takone Isma karo nggeser lungguhe, menehi panggon kanggo aku lungguh.
“Sida no, aja lali diskone.” Ita nyauri pitakone Isma
“Oke, Friend. Aja lali diskone kanggo nraktir aku lho. Apa maneh yen Lilik, Jenii lan Joko sisan titip,” wangsulane Isma karo mesem.
Durung kateg anggone gojegan, wis krungu swara banter saka ruang guru. Swara sing paling ora ditunggu murid-murid sasekolah. Yap! Swara bel mlebu kelas, swara sing kaya duwe tangan kuat banget narik murid-murid supaya mlebu kelas.
Nalika aku lan kanca-kanca mlebu kelas, Jeshinta  sing biasane melu ngumpul ing taman wus lungguh ing kursine.
“Hai, Jes,” Isma ngluruhi Jeshinta, “Kadingaren mau ora ketok ing taman.”
“Ho-o, bar sarapan mau wetengku banjur lara. Arep kumpul ing taman dadi males,” wangsulane Jeshinta Iirih.
Bubar luruh-luruh Jeshinta, aku karo Isma banjur lungguh kursi. Isma sing lungguh ing sandhingku wis mulai nyiapake buku pelajarane. Aku banjur kelingan arep titip dhuwit ing Isma kanggo tuku buku.
Daktarik tasku saka laci, kantongan tas ngarep dakbukak slerekane. Nanging dhuwit mau ora ana. Aku yakin banget yen dhuwitku mau daklebokake kantongan tas. Dakcoba nggoleki maneh. Kantong tas dakrogoh-rogoh alon-alon, nanging tetep wae dhuwit mau ora ana. Aku mulai wedi. Duh, ing ngendi dhuwitku?
“Ana apa, Ta?” pitakone Isma. “Kawit mau kok mung rogoh-rogoh tas wae.”
“Dhuwitku ing tas ora ana,” wangsulanku. “Coba gawanen rene tasmu, ben dakewangi nggoleki dhuwitmu. Sapa ngerti nyelip ing bukumu.”
Banjur ita mlengo marang Jeshinta sing lungguh ono ing andinge ita karo wajah curiga ita kandha marang isma “ Ma, ketok e sing jupuk duitku mau Jeshinta soale mau sing neng kelas kan jeshinta dewe ga onok cah liyane”

“Coba takonono jeshinta ta” Saure isma
Ita moro menyang kursine jeshinta karo wajah nesu “ Jes koe mau weruh duitku neng tas ora? Soale mau sing neng njero kelas awakmu dewe dadi aku yakin yen sing njupuk awakmu.”

“Ora taaa ora aku ora jupuk sumpah demi Allah” sauté jeshinta.

“Halah jujuro wae jes, terus koe mau ngopo neng njero kelas ora melu metu?” pitakone ita marang jeshinta.

“ Mau wetengku loro dadi aku gak melu neng taman, aku gak jupuk duitmu sumpah” saure Jeshinta.
Banjur Ita ngalih ninggalake Jeshinta karo ngomong “ Bocahh ora gelem jujur, nyolongannnnnnn”

Ita, Jeshinta, Isma, Lilik, Joko lan jeni sing sakdurunge konco kenthel , sakwise kedadean isuk mau, bocah-bocah podo musuhi jeshinta sing ora salah.

Banjur bu Arum (guru mapel wayah iku) teko pelajaran di lekasi. Bu Arum menehi tugas marang bocah-bocah  gawe mbentuk kelompok, sing biasane ita lan sakgeng e dadi sakkelompok nanging iki itaa lan kanca-kanca ora gelem kelompokan karo jeshinta amarga masalah mau.
Banjur jeshinta ora oleh kanca gawe kelompokan.
           
Ing kelas Jeshinta dewe ora ono kancane, dheweke namung meneng ora omong sakkecap wae.

3 dino Bocah-bocah kancane jeshinta podo ora nakoni (satru) marang jeshinta. Jeshinta disindiri wae marang kanca-kancane.
 Jeshinta bingung kudu pie maneh amarga kanca-kancane ora  percoyo marang dheweke , masio di sindiri jeshinta ora pernah nesu utawa dendam marang kanca-kancane.

Bu Arum “ Lhaaa kelompokmu sopo nduk kok gak melu gabung kancane” ( karo  mlaku nyedaki Jeshinta)

 “Kula dereng asal kelompok bu” Saute jeshintaa

Bu Arum “la  nyapo jes ?” jeshinta meneng wae
 banjur ana salah siji bocah sing nyaut
 “ Jeshinta mendet artane Ita bu” sauté Joko
“Kula mboten mendet bu” Jeshinta mbantah tuduhane Joko
“ Iki piye ta enek opo?” Bu arum bingung

 banjur Lilik jlentrehake masalahe Ita lan Jeshinta  “Ngeten lo bu artanipun Ita ical, dek wau enjing pas rencang-rencang mlempak ing taman Jeshinta ing kelas piyambak mboten tumut dateng taman sajare madaranipun Jeshinta sakit” jlentrehe lilik
“ Oalah ngono to masalahe, yowis ngene wae coba kabeh buka I tas e konco sebangkune”
Isma sing konco sebangkune Ita ngerti-ngrti omong banter karo nada kaget
“ La iki opo taa iki pora duetmu neng tasmu nylempit neng jero buku  b.indonesia”
Ita melu kaget  “Oiyo alhamdulillah duetku ketemu gak sido ilang”
banjur Bu Arum nyedak neng bangkune Ita  “ La kui nduk duitmu itungen genep apa ora?”
“Tasih bu !” Saure Ita
“Wis saiki awakmu kudu njaluk sepuro marang Jeshinta mergo awakmu wis nuduh jeshinta jupuk duetmu” bu Arum ngomong karo ulate rodok ora penak
Ita moro neng bangkune Jeshinta  “ Jes sepurane sing gede yen aku wis nuduh awakmu sing ora-ora”
“Iyo taa, sok maneh ojo nuduh sing ora-ora yen ra ono buktine” Saure jeshinta
Kanca-kanca pada njaluk sepuro marang Jeshinta

Banjur Ita Lan Jeshinta rangkulan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar