Rabu, 09 Januari 2019

sinopsi cerkak XII akuntansi 2


pilihen sing paling mbok senenge banjur wenehana alesan !!!
A
Irah – irahan : BOA
Jen lan Boa lagi wae rabi.Sawijining dino Jen krasa yen sikape Boa maleh bedo.Nanging Boa malah nuduh yen Jen sing bedo marang Boa.Boa luwih milih meneng,ketimbang ngrampungake masalah kui.Akhire Jen milih lungo soko omah lan ngebarake panguripane karo Boa.
                                                                                                            -Femina
B
Irah – irahan : Amarga salah paham
Ora kaya biasane Pras lan Pandu meneng-menengan lan wis rong dina uga katon ora guneman. Amarga kuwi, Yudha nyoba nengahi supaya paseduluran ing antarane bocah iku ora pedhot. Banjur Yudha takon menyang Pras opo deweke nduwe masalah karo Pandu. Nanging Pras njawab yen deweke karo Pandu oraa ana apa-apa. Nanging Yudha ora percoyo banjur pras cerita yen deweke karo Pandu wis rong dina ora sapa aruh. Pandu ngomong yen buku diktat sing disilih wis dibalekake naanging Pras urung nampa bukune. Saiki Yudha ngerti yen inti masalahe kuwi. Banjur Yudha karo Pras semayanan sinau bareng ing omahe Pras. Sejam sadurunge iku Yudha wis takon menyang Pandu, lan Pandu njawab yrn bukune wis dibalekake. Nalika sore sianu ing omahe Pras, Pras njaluk sepura marang Pandu, amarga bukune tibake ketlisut ing isor lemari.
                                                                                                            -kompasiana-
C
Irah-irahan: Nalika Ibu Mogok Ngomong
Nyritakake Lukas sing nduweni sifat sembrono lan lalen. Dheweke saben dino Lukas wis dielengne simbok’e, nanging Lukas ora ngatekake ing salah sawijine dino, sak durunge Lukas budhal sekolah, dheweke nggoleki pensil werna nanging ora temu banjur dheweke takok simbok’e nanging meneng wae. Lukas bingung nyapo simbok’e ditakoni meneng wae, banjur dheweke sadar dheweke awit omong simbok crewet ora koyo simbok’e konco-koncone. Simbok e Lukas ora ngelingne maneh amarga kedadean kui. Lukas nrasa seneng ora ngrunggakne bengok ane simbok tapi goro-goro simbok ora crewet maneh, dino-dino Lukas dadi ora karuan, sak kabehe ora mlaku koyo sing dipingini.
                                                                                                            -suara merdeka-
D
Irah-irahan : Layang Kanggo Ibu

Cerkak “Layang Kanggo Ibu” nyritakake keluarga kang isine bapak,ibu lan anak. Nanging ing keluaraga iki ibune wis ora ana,anak e seneng gawe layang kanggo ibune. Bapak lan anak iku ngrasa abot sakwise ditinggal lungo ibu.anake ngungkapne rasa kangen marang ibuk e lewat layang , dene bapak ngungkapne kangen e kanti nglamun ing bangku kang biasane dinggoni ibu. Bapak nduweni rasa marang wong wedok liyo lan nduwe kekarepan arep dirabi. Nanging anak e isik abot yen ana wanita liyo kang dadi penggantine ibune. Suwene suwe anake ngerti yen bapak e lan dhewek e butuh sosok ibu. Akhire anake bisa nrima yen ana penggantine ibune.
-majalah gadis-
E
Irah-irahan : Seragam
Ana nom-noman lanang wadon dadi konco raket wiwit cilik. Nanging wong wadon mau lungo adoh amarga melu bapake dinas mentang kota liyo, tanpa pamit marang konco lan kaluwargane  wong lanang mau. Nanging ing sawijining dina, bocah wadon mau bali mentang kota asale sakwise lungo selawe taun kanggo nemoni cah lanang lan kaluwargane mau.Flashback nalika jaman biyen sakdurunge pindah, akeh geguyonan ing kaluwargane wong lanang mau kanthi girang, baline wong wadon mau nggawe kaget kaluwargane wong lanang mau amarga semana suwine lungo selawe taun ora ana angin ora ana udan juk-ujuk deweke moro mentang omahe wong lanang mau.Wong wadon mau ngingeti wit-witan seng jejer neng ngarep omahe kaya barisan murid kaya upacara, ngelengake jaman semana dheweke lan koncone mau rengket banget kayata susah seneng berbareng karo mikir sawijine prastawa nalika dheweke melu golek jangkrik neng sawah ing wayah wengi pas jaman SD ing mongso ketiga. Ana kadadean lucu klambine cah wadon  banjur ditulungi konco lanange mau nganggo seragam kang digepuk-gepuke neng awake wong wadon mau. Saka kadadean mau, dheweke nelongso amarga seragam dinas seng dinggo iku bakal nggusur omah panggonan koncone mau.
-kompas-
F
Lumpang dan alu
Aku lan ibu arep pindah menyang omah anyar sing luwih layak di sebut omah. Aku noto barang seng sekirane iseh iso di gunakake, ngroso susah banget miih barang kanggo di guwak mesti ana kenangan neng njerone. Ngepasi aku menyang pawon aku nemokne lumpang tuo sing di gawe saka kayu nangka kang biasane digunakake alm. Eyang ndisik. Lumpang lan alu makili ndonyo lawas kekuasaan eyan seng biasane bedo pendapat karo kepinginan e ibu kang pengen nyulap koyo pawon pawon modern ing acara televisi.  Ibu lungguh karo mripat bengep, om maruli yaiku cinta pertama nipun.  Ibu ngusap bola bali banyu matane.  Aku awet ora kuoso nahan netes e banyu moto koyo nasehat e alm. Eyang perkoro lumpang lan alu sing mesti jodo karo alu.  Saiki mboh ngopo aku ngroso aluku wes ilang saka lambe lumpangku.
-Kartini-

G
Tangan Ibu
Anak kang nyeritakake sepiro sempurnane Ibu. Ibu kang nduweni sipat, ikhlas,  sabar lan tulus kasih sayang ibu ora ana tandingane. Tangan ibu sing ngrawat kelima anake kanthi urip kang pas-pasan. Ing salah sawijining anake ana salah siji anak kang ora wani ngambung tangan ibu, amarga kanggo dheweke tangan ibu suci banget. Sawijining dina nalika anak iku arep menehi hadiah kanggo ibu,  ibune ora ana. Sawisé iku teka warga kang mbopong ibune lan tibak e ibune sampun seda.
JAWA POS




Tidak ada komentar:

Posting Komentar