Selasa, 13 November 2018

khusus anekdot kelas XII AK 3


 Wenehana aksara A, B, C, D, E, utawa F pilihen paling apik lan wenehana tanggapan apa sebabe apik sing mbok karepna teks anekdot ing ngisor iki !!

A

“GAMBARANE PAIJO”

            Dino seloso jam terakhirkelas IX-H pelajarane yaiku pelajaran senibudaya. Pak Eko ngakon murid-murid nggambar. Murid-murid podo sibuk nggambar ,nanging Paijo murid duableek dewe sakkelas , asik dolanan dewe. Pak Eko marani lan nakoni Paijo:

Pak Eko           :Apa nggambar mu wes bar jo ??

Paijo                :(Paijo kaet mau gurung gambar blas karo suantain jawab ) sampun pak !!

Pak Eko           :lhoo koe nggambar opo??

Paijo                :Kelinci mangan suket pak !

Pak Eko           :Ndi sukete jo kok ra nek ??

Paijo                :Dipangan kelinci pak !!

Pak Eko           :Lhoo la genten kelinci ne ndi jo kok ra nek ??

Paijo                :Sampun mlayu pak , la pak Eko mrene sehh!!

Pak Eko           :(karo bengong pak Eko ngingeti Paijo lankertas e seng seko kosong blong urung

                        digambari) pinter banget ko jo….. jo…..??

B

MINYAK PIJET

Ing sawijining dina ibu sing arep mijet anake ning kamar sak durunge ngedusi, amarga anak e pirang – pirang dina ora bisa turu. Sak wise teka kamar anake ibuk iku lali nggowo minyak sing dinggo mijet anake,banjur ngana ibu ngakon anake njupuk minyak pijet ning pawon.”le, tulung jupukna minyake ibuk neng pawon”, “nggeh bu” jawab anake karo langsung mlaku menyang pawon.

“niki bu minyake”. Karo nyodorke minyak sing dicekel neng tangane. Ibuk iku kaget karo ndelok anake sing malah nggowo minyak goreng  udu nggowo minyak pijet. “kowe kok njupuk minyak iki to le?”“ibu mau ngutus kula mundhut minyak wonten pawon to ?” jawab anake karo ekspresi polos.

C

SULAP PENGHAPUS

          Nalika salah sawijining sekolah ing kutha cilik ing isore gunung lawu lagi ngadakake ulangan akhir semester, ana bocah loro sing lungguh sesandingan bocah loro iku nduweni jeneng Arya lan Ardi. Sak wise bel muni kang dadi tanda yen ulangan arep diwiwiti Arya lan Ardi mlaku bareng menyang ruang ulangan. Kabeh siswa pada ngadep soal sing wis dibagekake dening pengawas.

                Nanging, kaya biasane Arya ora nggowo penghapus. Arya “Di.... Ardi, nyileh penghapusmu aku lali ora nggowo penghapus maneh”. Ardi “iki penghapusku anyar ojo kok ilangne maneh, ohh iyo penghapusku sing kok silih dek wingi ndi?”. “ohhh.....penghapusmu sing wingi disilih Vanya”. “ yoo kowe kudune tanggung jawab amarga kowe sing nyilih”.  Arya meneng, amarga kasunyatane dheweke lali nagih penghapuse Ardi sing disilih Vanya. Sak banjure ujian rampung,  Arya lan Ardi mlaku menyang kantin ing sekolahane. Ing kantin wis ana Adit lan dheweke nyeluk Arya lan Ardi supaya gabung karo dheweke.

                Adit “Di jaremu arep belajar sulap, sido pora?” pitakone Adit marang Ardi. “ rasido Dit, aku tak belajar sulap karo Arya wae” jawabe Ardi lan dheweke karo nyindir Arya, lan di jawab menyang Arya “lhooo... sak jok kapan aku iso, aku wae durung belajar sulap”. Ardi “iso, saben dino kowe wis nyulap penghapusku dadi ilang”

Adit lan Ardi meneng wae, nanging Arya bingung arep pie amarga dheweke isin, lan banjur ngomog marang Ardi “iyo....ngko tak gantine penghapusmu sing wis tak ilangne”. Masalahe wis bar lan cah 3 kuwi mau mbalek ngomongake keahlian sulap sing diduweni Adit

D

“AntaraneLautlan Kali”

            Ing wayah isuk, nalika uget-uget kademen, manuk emprit menclok ning wit pelem, Pak Yayan maca Koran ing ngarep omah disambi nyruput kopi cap Buntut Sapi. Nalika lagi serius-seriuse, tanggane ngrumpi Pak Yayan yaiuku Pak Wawan mampiri ngomahe karepe nerusake bab ngrumpi dek ingi sing urung buyar.

            “Yo koyo ngene iki contone warga-warga sing ora merdulekne kemajuan bangsa” kandane Pak Wawan.

            “Lho, Wan, ojo kliru awakmu iki, akumaca Koran lho iki” Pak Yayan mangsuli katon tegas.

            “Maca Koran kok kuwalik, isine wae ora bab berita, malah Lambene Lamis (gossip-gosip sing isine berita sing lagi anget diomongne kayata kucing e Pak Lurah digugat cerai, terwelu sing keranta-ranta dipoligami, utawa pitik babon lali bojone).

            “Hehehehe iyo…..,wes bosen aku macani berita-berita sing isi ne ora ngaleh saka perkara korupsi.” Jawab e Pak Yayan.

            “Malah yen kowe maca ngono kui, koe bakal e eruh tindak-tanduke para pejabat, cino ro barang, para pejabat kuilaute, lan awakedewe rakyat cilik iki kaline. Laut wes kakehan banyu tapi sik njaluk banyu ning kali, apa laut iku kurang nerimo? Apa ora mikir neu ri pe iwak kuthuk ? Yen motone klilipan kepriye?” jelas e pakWawan.

            “Apa ya ngono yo, Wan?” jawab e Pak Yayan karo plengah-plengeh mergo ora mudeng opo sing diomongne Pak Wawan. Pak Wawan banjur mulih ngono wae.

E

                                                      "Gurune Sopo?"

Nalika bocah-bocah rame, guru naminipun Pak Jojon mlebet dhateng kelas.

"assalamualaikum", Pak Jojon lenggah ing kursi.

"waalaikumsalam, Pak", bocah-bocah saderenge kocar-kacir malih lungguh ana ing bangkune dhewe-dhewe.

''Cah, materi terakhir opo?", Pak jojon molak-malik buku.

" sampun kesupen pak", jawabe bocah-bocah.

" Piye to, sekolah kok kesupen, jane sing dieling-eling ki opo?", Pak Jojon balik takon.

Bocah bocah sing maune lungguh anteng, balik rame lan malah jadukan dhewe-dhewe.

"yowes cah, dilanjutne materi ae yo", Pak Jojon ngomong ing bocah-bocah.

"inggih pak", jawab bocah-bocah.

10 menit sabanjure meruhi bocah-bocah ingkang rame dhewe, Pak Jojon emosi amarga materi sing diterangne ora digatekne.

"Cahhhh!!!!", Pak Jojok nggebrak bangku.

"Cahhh!!! Yowes, lek rame wae salah siji maju ngganteni aku dadi guru ", Pak Jojon tambah emosi.

Kahanan malih hening, tapi ana bocah lanang maju ana ngarep kelas.

"oke, merga dino iki aku dadi guru, saiki adewe mulih esuk", omonge bocah lanang mau.

Bocah-bocah mlongo langsung muni.

F

  ""DIAPUSI BAKUL KEONG""

     Ing dino Rebu, Mimin karo Sugento mangan tahu karo soto ing warunge Mbok Cempluk.

Nalika mangan, Sugento slalapen kacang ijo, amergo krungu critone Mimin, yen dheweke arep dolan menyang Paris lan Jerman karo Limbuk. Pas ono ing warung, Limbuk kewektu lewat. Banjur Sugento nakoni Limbuk.

Sugento : Mbuk Limbuk!Gayamu saiki ora umun!Mimin arep kok ajak dolan nyang Paris?

Limbuk   : Oooo..ya mesti to!Londo anyaran sabane kudu turus Paris,turut Jerman.

Sugento :  Duitmu akehe opo wis raumum, dolanmu teko manca ke?Mimin arep kok warah dolan e?

Limbuk   : Dolan kui pancen kebutuhan To Sugento. Dolan kok warah warahan kok pikir matematika po piye?

Mimin      : Ra usah nggatekne Sugento Mbuk!Dheweke pancen iri amergo ra ono sing ngajak dolan.

Sugento   : Pancen iyo, aku luwung penak ning omah. Tur dhuwitku eman eman dinggo menyang Paris utowo Jerman. Ngentekne dhuwit.

Limbuk     : Wong menyang Paris karo Jerman e kok ngentekne dhuwit akeh To Sugento. Satus ewu e wis iso budal.

Sugento    : La opo ra butuh nunpak motor mabur?Satus ewu ke opo aku kok kon numpak ban e motor mabur?

Limbuk      : Sopo sing omong nyang Paris karo Jerman kui ndadak numpak motor mabur?

Sugento     : La pora iyo?

Limbuk       : Bocah kok polos men ta ya ya!Paris kui Parangtritis , yen Jerman kui Jejere omae Mbah Parman.Saiki tak takoni omahe Mbah Parman apane omahmu?

Sugento       : Mburi omahku.

Limbuk         : Laiyoo.Garek mlangkah wae wis tekan ra usah numpak motor mabur.

Sugento lan Mimin : Mbuk Sulimbuk, bocah kok ngapusi e! (Sajak pegel)

Limbuk          : Diapusi wae kenek

13 komentar:

  1. C. Amarga teks anekdot kasebut lucu lan sesuai karo kasunyatan ing dunia pendidikan.

    BalasHapus
  2. E
    Amarga cerita nyeritakne cah sekolah lan lucu

    BalasHapus
  3. A
    Amarga ceritane lucu lan gampang dipahami lan biso nggawe ngguyu sing moco

    BalasHapus
  4. D, amarga nyritakne kedadean saben dino, lan ngemu kalimat kritik sing kuat

    BalasHapus
  5. F
    Amarga cerkake iku gampang dipahami bosone. Lan migunaake basa kang trep.

    BalasHapus
  6. F.Anekdot "Diapusi Bakul Keong", crito ing anekdot iku pancen lucu, lan marai kemekel.Lan menehi pesen moral supaya dadi pawongan ojo polos polos supaya ora kapusan.

    BalasHapus
  7. F. Crito Iki lucu amargi wong seng gak pahamkplpaham kalian singkatan lan ora paham mbi seng dikarepne, banjur plonga-plongo mergo diapusi bakul keong��

    BalasHapus
  8. F. Amarga crito anekdot kasebut lucu, gampang dipahami kaliyan wong sing maca

    BalasHapus
  9. F. Amarga crito kui lucu Lan bisa ngewehi pesen yen dadi wong kui aja ndeso-ndeso nemen lan dadi wong kui sing rodok modern ben ra di gawe guyonan marang wong lio 😂

    BalasHapus
  10. F. Amarga crito kasebut lucu,menarik,lan saged gawe para pamaca kehibur. Dalan critone uga gampang dipahami lan ana pesen morale

    BalasHapus
  11. F. Amarga crito kasebut lucu, lan menghibur. Nggarai pamaca guyu lan ceritane sing apik.

    BalasHapus
  12. F. Amarga crita kasebut menghibur pamaca, nggae guyu, lan nggae cekakakan. Crita kasebut menarik lan gampang dipahami dening pamaca.

    BalasHapus
  13. F.
    Amargi Crito kasebut saget gawe kulo guyu, naminipun limbok niku mawon nggih lucu :v

    BalasHapus