Kamis, 08 November 2018

nelayan segara


Nelayan Segara
Ambu amise kali nganti tekan omah – omah panggung neng pucuk kali sing ngadep langsung karo segara.Lampu kelap kelip ing segara  wiwit peteng ing wayahe wengi kaya - kaya rebutan nyebar kaendahan peteng lan cahya. Sampeyan bakal nemokake bocah - bocah sing lagi pada ngaji,sampeyan bakal nemokake para wong lanang mlumpuk ing mushola sabubare isya’, wengi iki wong – wong  milih meneng ing ndeso ketimbang nglaut ing segara.
Wong – wong pada kuwatir sawise  pirang – pirang sasi iki iwak kaya – kaya ilang saka segara nganti pinggir segara, pirang – pirang kilometer ing segara, uga ora nemui iwak. Nalika saya nengah, dheweke kaget karo gedine ombak. Ombak sing bisa ngoyak kapal.
“ Piye iki ? awake dhewe wis nglaporake marang aparat, nanging ora ana asile.” Lao Ode nyawang  ning arah segara kanthi nelangsa. Keluke rokok ngebaki mushola.                “Paling para aparat uwis oleh sogokan. Banjur, awake dhewe bisa apa ?Arep tarung ing darat ?Apa awake dhewe bisa ?Wiwit biyen takdire awake dhewe dadi nelayan.Ora mungkin awake dhewe bisa langsung dadi bakul kanthi modal sak anane lan pengalaman nol.”Hasan gremeng pegel.Jotosane ngarah ning rusuke mushola sing digawe soko kayu. Ono keder sedelo.”sepurane”, omonge isin – isin karo ngusep gegeman tangane sing rodok loro.
Rebutan lemah sing isik nyisokne iwak, kerep nyebabake musuhan para nelayan.Durung maneh gegeran ing omah sebab keluk pawon ora iso ngebul.Bocah -  bocah kekurangan gizi.Panganan sing eneng adoh soko tembung sampurna.Malah mangan ping telu sedino amung dicukup – cukupi karo telo, durung maneh sekolah, durung maneh piknik menyang ngendi.Kabeh keganggu, kabeh goro – goro pukat harimau sing kurang ajar kae.Sawetara kapal penjarah sing ganas ngubengi segara.Ora peduli iwak sing gedi nganti sing lagi netes dibabat kabeh.
Sawetara nelayan demo ing kantor kelurahan, kantor kecamatan, kantor DPRD.Nanging kabeh kaya – kaya ora nduwe kuping, ora mripatan opo maneh batin e ketutup karo tumpukan duit.Ngejarne nelayan segoro guyu ing tangis, tangis ing jerite loro.
Umpomo eneng kuasane para nelayan, dheweke pengen kapal – kapal kui didelepne kaya sing kerep didelok ing televisi.Kapal – kapal sing ora mung benderanan Indonesia, uga saka negara liya.Nelayan segara awit lali unine lagu bukan lautan hanya kolam susu, nanging sing mesti dielengi hutan lautan hanya membunuhmu.
Lao Ode ngingeti langit kanthi nelangsa. Anakke awit mau binung amarga seragame suwek. Bojone sing ora mandek ngeluhake beras neng gentong mung siso sedino rong dino. Lao Ode uwis jajal ngadu nasib neng pelabuhan, dadi buruh angkut. Nanging, dheweke kudu narimo sirah sing tatu amarga rebutan jatah angkut karo buruh kasar sing uwis suwe kerja ing kono. Lao Ode uga natih tuku bahan – bahan garing kaperluan pawon. Salmiah, bojone, bakulan ing lapak sakeneke ing ngarep omah. Pancen akeh tonggo sing tuku, nanging ameh kabeh ngutang. Saiki sing kasusun ing rak mung siji – loro kotak mi instan, lan pirang –pirang adah kopi. Samiah mandek bukak toko amarga kurangan modal. Sawetara kabeh bahan – bahan garing kaperluan pawon, saiki ora di dol maneh.
“Engko bengi aku arep jajal nglaut maneh “, gremeng wong lanang kui karo ngingeti Salmiah.
“Masio bapak ngerti yen ora bakal oleh opo – opo  ?”
“Mung gusti allah sing weruh apa aku bakal oleh utawa ora.Aku mung usaha.Sia – sia ngarep marang para penguasa sing nutup lambe, nutup polahe, keganjel duit.”
Salmiah mlaku menyang pawon. Lao Ode mudun menyang perahu. Dheweke nglakokne perahu menyang omahe Hasan, banjur menyang omahe para konco lanange. Ana wong papat ing njero perahu.Mlaku emboh menyang endi parane, pas awan awit mancik surup, lan gerimis mudun saktetes – saktetes.
Wong – wong kuwi mandek ing salah siji panggon, banjur ngenteni uwong sing metu saka kebonan, nggawa barang ing njero bagor sing ketoke abot.Sakwise uwong kui lan bagor e mlebu ing perahu, dheweke mlaku ing sak pinggire segara, ngadoh saka nggon sing rame.Ngewati gerumbulan bakau lan ngilang saka seberang tanjung.
Gerimis mandek.Mancik isya’, para warga nglereni gaweane.Para wong lanang, cah cilik, ibu – ibu setengah tuwa mara ing mushola. Pas kui ana kembang api ketok saka adoh. Kayane saka pelabuhan. Keprungu swara mbledos ping okeh, kabeh warga kaget. Kaya – kaya ndelok acara sing rame. Nanging adzan isya’ nggawe para warga ngrungne niat ndelok geni sing saya gedi, banjur menyang mushola.
Uripe geni lagek e mati meh jam 10 bengi, nyisani keluk sing ngebul – ngebul ireng.Krungu kabar saka lambe nyang lambe, mboh bener apa salah sak pira – pirane perahu sing ngerampok iwake nelayan, mbledos kabeh.Para awak perahu, rata – rata menyang kutho.Mlencer menyang panggon pariwisata.Nambani kangen marang guyu sing sumringah, lan musik – musik sing ngoyak, lan trenyuh sing nggawe ambruk.
Amung sitik penjaga sing ana ing njero perahu, milih nyemplung menyang segara lan nglangi menyang pinggire segara, nalika perahu di emplok geni sing kerep ora kekancan yen gedhi.Para awak sing lagi seneng banget emboh neng ngendi, ujug – ujug kayata kesedot menyang pelabuhan.Ngematne ganase geni sing tega ngambruke adahe sego wong – wong kui. Nggawe dheweke mung ngempet tangis. Nggawe sing nduwe kapal ngremes rambut lan jantungan.Tibakno ora menak yen adah sego njeblok. Pada karo ora menak e nelayan segara sing kelangan iwak, sawetara jok mbiyen iwak turah – turah sak durung tekane perahu lan pukat harimau sing luwih ganas lan kasar di bandingake karo macan sing tenanan.
Nalika sengenge lagek metu, cuwilan perahu mocar – macir tekan pantai.Para nelayan ngingeti menyang tengah segara karo ambekan sing lega.Ora ana maneh cerita perahu – perahu gedhi lan pukat harimau sing njengkelke kuwi. Para nelayan ngguyu sumringah amarga alam mbalek menyang dheweke.
Sak pira – pira aparat pucet raine. Sak pira – pira tauke di playokake menyang rumah sakit amarga ora sanggup ngempet nelangsa kerugian sing di rasakne.Sak pira – pira awak perahu bali menyang deso asale ora iso ngguyu. Salah siji aparat ngomong, “kayane iki udu kobongan sing normal. Iki sabotase.Sapa sing njalarake !”Dheweke nyadari bakal kelangan ladang duit. Dheweke ngingeti sakiwa tengene, wong – wong sing ora kabeh nyureng, malahan akeh sing ngetokake guyu.Ing deso nelayan segara. Bocah – bocah nyanyi kesenengen,”Hutan lautan hanya kolam susu.kail dan jala kembali menghidupimu.tiada topan,tiada badai...”
Lan srengenge saya duwur manggang sakiwa tengene pantai.

Anggota Kelompok :
1.     Raihan Nisa Dewi                  (06)
2.     Sindi Astutik                          (18)
3.     Sri Wahyuni                           (22)
4.     Wahyu Kurnia Sari               (31)
5.     Windya Oktaviara Santi       (34)
XII APK 4

Tidak ada komentar:

Posting Komentar