Kamis, 08 November 2018

Sepi wayah ing sore


Anggota kelompok :
1.      Purborini Diah Wulan R. (04)
2.      Renny Elviana P. (08)
3.      Rieke Muqodimmatul J. (10)
4.      Rustin Yulia Dmayanti (13)
5.      Widya Ambar Vika (32)

SEPI WAYAH ING SORE
Dheweke moro-moro teko ing ngarep lawang.awake kuru ing jejere dheweke ngadek bocah enom. Dheweke omong yen iku anake sing ragil.tak sumanggakake lungguh karo mbaten, sopo wong loro iku?.”Awake dhewe konco dolan pas cilik, ing ngisor wit pring ora adoh soko pinggir danau toba, “jarene ngenalake dheweke.
“Waw . . . “jareku ing jero ati, iku sewidak tahun kepungkur. Nalika iku iseh bocah umur patang tahun.”Nalika sekolah sd awakmu tau bali menyang deso lan awake dhewe bebarengan sak kelas, “ujare.aku ngguyu karo manthuk-manthuk.aku you rung iso mbedek sopo dheweke.dheweke kaya-kayaa weruh sopo asline dee.”Rupamu iseh koyo biyen, “ujare.”Opo awakmu ora peduli asal usulmu ?”Pitakone nggawe aku rodok ra penak.biyen tau ana kepinginan muncul neng jero ati kanggo bangun omah maneh ning dhuwur tanah adat si ora tau didol.alon-alon muncul pikiran ning jero atiku.”Omahe awake dhewe biyen adhep-adhepan ya?”, jareku.dheweke manthuk.”Yen ngono awakmu situnggul?”.
“iyo”,ujare karo rupo sumringah.terus deweke ngomong perlune lemah leluhur dipertahankake. “ojo mbok tokne wong liyo ngendeh lemahmu. Sopo weruh mbesuk keturunanmu bakal takon ngenani  negri leluhure dheweke, “ujare kanthi yakin.”awake dhewe wes podo tuwa.mungkin ora suwi maneh awake dhewe bakal  ngaleh.yen awakmu butuh bantuan, awakku bakal nulung awakmu.”
“bakal tak pikerake, “ujarku.”mengko tak omongkake karo sak dulurku.”ujarku. kedadean iku keliwat pirang-pirang taun.omong-omongan antarane sdulur ora teko ning kesimpulan.kabeh sibuk karo  urusane dewe .lan nalika aku nyambangi desa ku, aku nemokne dheweke karo sakwetoro dulurrane liyane.aku ngerti dheweke mlumah neng dhuwur amben neng ruangan cilik 2 x 2 .sak wentoro selang oksigen neng irunge.dee ambekan nganggo oksigen .mripate gilap karo lambene omong, “aku krungu awakmu teko.koyo ngene kahananku.wes sasen-sasen rodok angel kanggone omong dodo ne sesek ambekan .aku ora mungkin omong ngenani lemah iku.tak wenehkake masalah kuwi neng keluarga sing paling cedak.
Ing kesibukan wektu sing ngewehi kabar.salah siji konco cedak pas cetuk neng Jakarta mbisiki aku, “tunggul wes sedo , pas umure 67 “.” Duh gusti “ujarku neng awakku dhewe.awake dhewe lair neng taun sing podo.sakdurunge kabeh terwujud, umure wes dipangan wektu !wayahku ?bisikku neng awakku dhewe .
Rendi mesthi teko neng ngipi. Meneng meneng, ilang. Mbiyen deweke konco sak kantor. Tapi mergo mesthi pingin ngepiki nasib, deweke ngirim bojone menyang Amerika, malah pingin ngedu nasib. Deweke nyusu terus karo ninggalake penggaweane tanpa kabar. Lewat Bali, Hawai, deweke teko nganthi Kalifornia. Ing nregeri sing akeh pangarepan iki deweke  ngawiti penggaweane sing anyar, tangi subuh lan ngindari bagian kuta, nguncal uncalake Koran menyang omah omah. Mboh opo maneh sing dilakokake, kanggo panguripan sing ora kenal welas asih.
Setahun neng kono deweke kelangan bojone, gerah sing nggawekake loro mergo kanker payudara. Sepi teko ing uripe, ing tengah rame rame kuta lan sepine isuk lan sore agawe deweke nelongso. Mbok menowo urip ora kenal kompromi. Kerjo opo wae kudu  dilakoni kanthi manut. Nanging umur sing ing duwur sewidak taun kuwi cukup lungkrahake kanggo kuat nanggung urip. Ora ana konco kanggo ngewangi. Kabeh kuat urip kudu kiter kiteran karo wektu. Saka agen Koran subuh, nganthi omah jompo saka awan nganthi sore, terus mulih menyang apatermen, mlumahake awake dewe, nganthi wektu ngetarakake subuh lan mbaleni ritual siklus urip. Saka sepine atiku, deweke ninggalake tanah air, kanggo golek konco urip ng umur tuek. Nanging saka sepine ing tanah air, deweke angon awake dewe, karo bis lan kereto. Kaya wong turis, ngepasi sore, ora weruh serangan opo sing agawe dodo sesek. Mbok menowo asmane kumat deweke nggeletak ing ruang hajat. Ing stasiun kreto petugas jajal mbukak jading. Nemokake konco kuwi ing kahanan wis ora ono nyawane. Identiase diweruhi ing Los Angeles. Petugas stasiun madosi jeneng sing ana ing Los Angeles. Saka Los Angeles  ana telepon ning alamat Bandung.
Sak teruse, aku oleh sms. Lusiana agi wae seda ing umur 61. Sak wise Lusiana seda aku oleh sms : tan, bu Maria agi wae seda, ngesakne dhweke. Ing njero kitab sucine akeh mata uang asingIbu maria nyusul bojone sing ws seda pirang pirang tahun kepungkur, ing umur 72.
Aku agi wae nrimo telpon saka mbakyuku sing disik dewe. Ing umur e 72 tahun. Krungu suarane seneng. Meski aku ngerti penyakite ora mari mari. Kalimat terakire : tetep sabar, dik. Kowe karo anakmu, kabeh anak putuku lan buyut, supaya kabeh tetep sehat
Lan engke esuk, aku kelingan. Umurku 70 tahun, aku takon ning jero ati , jejak endi sing uwes tak lakoni. Lan kapan giliranku teka
Sedela aku mikir


Tidak ada komentar:

Posting Komentar