Kamis, 01 November 2018

Nol

NOL
Dening  Uri Pradanasari
 






















Mati. Kabeh mesthi bali. Adoh ngluwihi galaksi. Ayem, kabeh mumbul. Dadi siji mata kanggo ewunan mata. Ora perlu ngalih panggonan, mung saka siji titik. Kabeh katon. Kowe, dekne, lan wong-wong liya.
Ora perlu ngliwati dalan sing curam nalika arep ndeleng Pantai Sundak. Ora perlu angel-angel ngliwati dalan setapak kanggo ndeleng pemandangan saka puncak Mahameru. Amarga kabeh panggonan ora bakal katon.

Aku bisa ndeleng eseme bapakku nalika nonton kaendahan Raja Ampat ing sawijining wektu. Ora perlu ngalih panggonan. Cukup mumbul. Karo bintang, sanajan ora katon.

Dewean. Nalika wayah bengi wis sepi. Mbangkitake kenangan sing wis kependem. Omah cet ireng lan mbah kakung. Ninggalake lara lan beban sing jeru. Tatu sing aku durung nemu obate. Jahanam.
"Disa, mreneo!" Swara iki tansah keprungu ing kupingku awit limang taun nalika wayah sore. Esem manis saka mbah kakung sing wis uwanen. Awake kuru. Kumise  putih lan kulite keriput, kanthi mripate mbukak amba. Urip dewean. Tansah, aku tansah diwenehi permen lollipop, permen kasenenganku. Lan sampeyan ngerti, mbah kakung uga ngedol balon. Balon? Ya, aku seneng banget. Ing pojok kamarku mesti ana balon. Abang. Balon si tak tokne nyunduli pian kamarku kanthi tali dawa sing ditali menyang watu. Aku seneng. Yen balon iku wis kempes, bapak bakal tuku kanggo aku. Ora ana sing liya, ing pnggone mbah kakun iku.

"Disa, mreneo!". Mbahkung nduwe permen kanggo kowe. "Swara iki uga ngganggu kupingku sore iku. Pit ontelku tak deleh. Aku mlayu. Nyebrang dalan, nyedhaki permen saka mbahkung iku.
Pim, pim, pim! Brak! Langsung peteng.

Saka wayah iku, aku mlaku nganggo alat bantu. Ayem, sepi. Nelangsa. Detik dadi menit, menyang jam, dadi dina lan nuntun bulan. Taun iki isih ana. Ing kene, ing kamar 5 x 5 meter aku ngliwati wektu ing uripku. Aku ora percoyo kabeh. Ibuku wis ora ana. Bapak makarya. Nalika aku kekancan karo polpen, kertas lan tembok. Siji sing aku ora tau kelalen: balon. Sanajan aku ngerti balon iku saka mbahkung. Nanging, piye wae, aku ora bisa pegel balon. Iku kanca-kancaku.

Srengenge ora grapyak awan iki. Angin nyebul godhong si ucul saka carang lan mumbul. Awan mundhak. Klakson montor isih saut-sautan. Diiringi swara mangkuk sing ditutuk karo sendok. Ting, ting, ting, ting! Tandha saka bakul bakso si mandhek ing ngarep omah. Bakul bakso langganan bapakku. Langsung aku njupuk alat bantu mlaku.

"Bakso setunggal pak. Sami biasanipun, tanpa micin lan saos, tuturku karo ngewehake rantang. "Bakul bakso ngracik bakso. Aku ngadeg nganggo alat bantu, banjur mlebu omah. Aku lali ngunci lawang. Bakso tak weh meja. Nalika aku arep mangan, krik! Lawang kebukak. Ing ngarep lawang, pas ing ngarepe mripatku, mbah kakung sing seneng menehi permen.

"Ngaleh o tekan kene! " bengok ku karo nuding  nggawe driji telunjukku sing tengen
Mbah kakung mung mesem. "Koe ora pengen permen maneh soko aku? Apa kowe ora seneng? "Omonge mbah kakung iku  nyedhaki aku, nggawa lollipop.

"Ngaleh o ngaleh o! "mbengokku soyo dadi.

Mbah kakung iku nyedak. Banjur ana udan.

"Ngalih o!"mbengokku, nyuntak bakso ing ngarepe mbah kakung mau.

Dheweke ngguyu. Soyo ndadi.

"A-ha-ha-ha. Saiki koe ora bisa lunga saka aku! Dina iki dina sing tak ngenteni, Cah ayu. Ha ha ha, "omonge mbah kakung iku soyo cedak

"Ngalih o! Sampeyan wis gawe aku cacat ngalih o soko ngarepku! "

"Ha-ha-ha. Apa mung awakmu sing lara? Koe  lagi ana ning tanganku. Ha-ha-ha-ha. Salahno ibumu! "

"Menengo! Ngaleh! "

Mbah kakung iku nyekel tanganku kanthi kenceng. Lan kurang ajar! Dheweke njupuk keprawananku ing udan deres lan bledeg sing pisan-pisan nyamber. Aku mung bisa nangis.

"Akhiri e mari loro atiku, cah ayu. Ha-ha-ha. Salahno ibumu! Dheweke wis gawe aku koyo ngene! Dheweke rasido rabi karo aku merga aku dadi mantan pecandu lan dheweke seneng karo bapakmu. "

Banjur dheweke ngetokake kothak cilik soko saku tengen. Kothak iku isine cincine warna kuning.

"cincin iki! Cincin iki! Kudune ibumu sing gawe! Nanging dheweke ninggalake aku lan pindhah ning kutha iki. Luweh loro endi, Disa? Luwih loro endi! Welasan taun aku ngenteni, nganti saiki, "kandane mbah kakung, banjur metu.

"Ngaleh o!" Aku mbengok karo nangis.

Aku ambruk. Lara. Perih. Apa salahku neng  mbah kakung iku? Salah apa!

Wiwit dina kuwi, aku tansoyo ngurung diri ning kamar, ora kepengin metu omah. Apa ibu kaya bener kaya sing diomongne mbah kakung iku? Kenangan awan iku gawe awakku soyo ambruk. Meneng. Ora wani crito marang bapak. Pengen rasane nguncali omahe mbah kakung iku gawe endog bosok utawa meriam.

Ora ana sing bisa tak ajak crito, kajaba tembok kamar lan kertas putih. Aku ngempet. Nggambar sing tak angen-angen ing tembok. Ngenani angen-angen sing wes diilangne ambi kahanan. Kahanan sing kudu  tak tanggung tanpa ngerti apa salahku. Utamané ngenani mbah kakung sing kurang ajar iku.

Tak baretne pangangen angenku. Dina saben dina. Aku nggambar ing tembok kamarku. Mesti, ana sketsa wajahku, bapak lan ibu. Ana angen angen lan urip sing tak pengen. Kaendahan bulan purnama ing Ara-ara amba. Ya, nalika rembulan sempurna karo cahyane. Lan nalika bintang-bintang sing kasebar lan dikemuli hawa adem pagunungan, kandane uwong. Aku ora ngerti. Aku ngimpi. Nyoba ngelipur awakku dewe sadurunge aku bali. Amarga ora ana sing bisa nggawe aku netep.

Ing tembok kamar akeh sketsa. Ewonan kertas  sing wis tak isi karo sketsa sing podo. Sing ana petelot kari separo. Ora ana kanca liyane, kajaba balon sing etok-etok e bengok, "gowonen aku muleh!"

"Wektu, katresnan lan kasangsaran. Campuran rasa sing ra iso tak empet maneh. Saiki aku bakal bali. Ing wektu sing tak temtokake dewe. ~ nol ~ "

Tulisan iku kacoret ing kertas sing tak gulung, banjur tak tali karo balon. Sadurunge tak iberake , aku donga, mugo tekan nggon sing katuju. Suasana sing ayem. Songolas. Pitu. Rongewulimalas. Pas umurku songolas taun.

Kontrolku wis ilang. Aku miber. Mungkasi kasengsaran. Lan nglunasi kabeh sing ra kelakon. Opo sing tak delok neng ngarepku, awak sing saiki lagi lara. Tangan kiwoku sing getihen. Lan aku tenang. Ora ana rasa wedi maneh. Nembus tembok wektu lan ngerti neng ndi balon iku gowo tulisanku. Nol. Ilang.

Tak rampunngake rasa lara lan kasangsaran. Aku nyedhaki mbah kakung iku. Tak tutuk wak e. tak tendang sikil e. Tak sikso sak pungkasane. Nanging kabeh sio-sio. Tutukan ku ora kenek awak e tendanganku ora kena sikil e. Jangkrik.

Gerah lan kepengin ngguyu, amarga aku wani ngadhepi dhewek e. Aku seneng, deleng  dhewek e ora nduwe doyo. Soyo tuek lan lara.

Aku mumbul maneh. Ndeleng lintang lan kaindahan. Kadhangkala, leren ing wit-witan. Kadhangkala ngadeg ing pucuk menara lan dolanan karo bledheg. Ayem. Tentrem. Nol. Aku bali.

"Tangi!" Alon-alon ibu ngelus bathukku. Aku turu ing imajinasiku. Tak ciwel pipi tengen lan kiwo ku. Aku isih urip. Lan Ibu isih ana ing andhingku. Aku cepet-cepet ngekep ibuk. Tak delok kertas ing duwur meja belajarku. Kabentuk peta saka ilerku, sing katulis "nol". Aku guyu ing kekepane Ibuku. "Mesthi aku bakal bali."







Anggota :
1.  Selina Riandani
2.  Venita Restu Al’amin
3.  Widisa Tris Santiana
4.  Widya Dwi Rosiana

5.  Yuna Fitri Romawati 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar