Kamis, 08 November 2018

tawon jati

TUGAS BASA JAWA
CERKAK (CERITA CEKAK)
“KUMBANG JATI”



Description: D:\3.-LOGO-SMKN-1-MAGETAN-2-Copy.png



KELOMPOK 5 :
1.    DWI APRILIA INTAN F              (05)
2.    ENI LESTARI                                (13)
3.    FINA SETIA N                               (21)
4.    HASTIN ULFA NAYUNDA S     (28)
5.    ILMA NURUL K                            (35)
6.    INDAH TRI S                                 (38)



PEMERINTAH PROVINSI JAWA TIMUR
SMK NEGERI 1 MAGETAN
2018
KUMBANG JATI
Tau gak awakmu krungu ceritane kumbang sing mabur saka watu?
Watu kuwi jarene Edy ijo Kristal. Gedhene sak tangane wong tuwa, abote kurang luwih sak kilolan kandhele 7 cm. Yen watu kuwi dicoloki saka permukaan, dadi  cahyane senter bakal tembus neng njerone nganti permukaan liyane. Ing wektu kuwi, adine Edy, ngaku weruh sosok makhluk neng njerone sing ora liya yaiku kumbang.
“Totol ijo kandhel sing digabung karo Kristal ijom motife. Apik,tho?“ujare edy.
Aku seneng kaya aku ora pracaya.
Apa ya mungkin kumbang iso ana ing jerone watu? Apa dheweke kejebak mati, mbuh sebabe apa, banjur dadi fosil, sawise iku dadi atos banjur malih dadi watu? Yen mengkono, wis pirang abad?
“nggletak ing antarane watu-watu biasa, aku nemokne kumbang iku rong dino kepungkur. Iki watu sing paling beda”, ujare Edy kanthi marem.
Nanging aneh e, wong-wong Lepau iki setitik wae ora rumangsa nggumun.
Apa sing dimaremake iku malah oleh tanggepan sing biasa-biasa wae.
“wong-wong sing tuku paling kesemsem ingg rego mung 20.000 utawa 30.000 wae”, ujare Uwan.
“Oooo….iki dudu pucuke gedhang, Uwan”.
Wong ning desaku urip saka upah nambang emas, panggonan nambange cedhak Bukit Kandih ing pedalaman. Lemahe ora subur. Dadi, ngumbara yaiu siji-sijine pilihan sakliyane nambang emas. Aku luweh milih yen ngumbara, ngaleh adoh saka desaku. Nambang kanggoku yaiku urip dina-dina in nggon tambang, sing jarake 3 jam saka desaku. Ademe pelosok. Penyakit sing mateni siap nyerang. Turu ning tarub sakeneke. Seminggu sakwise balik. Bengine, sawetara wong lungguh ing Lepau. Kayata saiki.
Watu iku, ujare Edy, diolehne pas sawise bali saka tambang emas. Deweke nemokake ing cedake Bukit Kandih. Aku dadi kepengen weruh. Apa watu berkumbang iku bener eneke? Apa mung kui watu pucuk gedhang sing biasane akeh ditemokne ora sengaja ditemokake penambang? Dijenengi pucuk gedhang amarga rupane kaya ijo pucuk gedhang. “ watu pucuk gedhang iku,“ ujare Edy,” mung separo kristal. Nalika disenter banjur cahya ora jeru. Nanging deloken iki....”
Edy jupuk tas cilike. Mbukak slerekan lan jupuk samubarang. Nalika metu, ning tangane wes enek sabongkah watu. Deweke nyilih senter ning sing duwe Lepau. Watu iku ketok saitik rupane ijo saurunge disenteri. Tanah ora apik banget. Nanging, nalikane Edy ngurepne senter lan cahyane nembus nyebar ning jero watu, banjur ijo kristal seijo-ijo ne ketangkep sorot mripatku.
“Iki udu pucuk,” tembung iku langsung metu saka lambeku.
Aku weruh, pucuk gedhang ora kaya kui. Sanadyan wes suwi banget aku ora ndelok pucuk gedhang, nanging aku isek iso ngenali. Mbiyen nalika mbantu Bapak nambang emas, pucuk gedhang mesti aku nemokne cedhake Bukit Kandih. Inggih, watu-watu jenis iku akeh ana ing kono. Kaya penambang liyane, mesti muleh ngliwati sikil Bukit Kandih, aku arep golek-golek pucuk gedhang.
“Lha iki,“ ujare Edy.
“Deloken tembus cahyane kanthi cetho. “
Edy banjur mindahne sentere ing permukaan sisihe, lan cahya iku yo nembus ning njero watu. Saka permukaan duwur kethok sosok makhluk iku saka aku.
“Kumbang Jati,” ujare Edy.
Aku saya nyedakne wajahku, ndelok. Totol-totol iku ketangkep mripatku.
“Apik tenan.” Ujug-ujug aku pengen nduweni, nuku,saengga ngomong,” piro? “
“200 ewu”
“larang men!” ujare Sarul saka sisi meja.
Aku nggerakne tangan ing arahe Edy, arep njaluk ben aku langsung sing nyenteri. Edy ngerti,watu lan senter iku pindah ing tanganku. Senter ku tak urepne. Aku ngarahne. Cahyane nembus nyebar, ing njero watu. Ijo kristal. Saknalika, sorot mripatku nangkep punggung kumbang sing totol ijo banget sing nggabung karo ijo kristal iku. Ya iki, kumbang iku.
Aku ndelok kumbang iku. Mandelengi punggunge lan........Eh, apa bener iku kumbang? Totol kui.....
Ujug-ujug ana sing kelebatan ing pikiranku.
Kumbang iku. Kumbang iku, kaya obah ing mripatku. Obah-obah. Urep lan.....
“Kumbang iku miber”.
“Nyang endi? Takone Edy ing obrolane liwat telepon sawetara wulan kepungkur, sakwise aku muleh ing kutha Padang.
“Saka sakdriji ing driji liyane”.
Ing wayah awan, ing koran lokal, Edy nemokne kabar sing iso gawe mripate kaya sudut paningalan. Kumbang iku kayake tanah miber. Miber saka Gamawan Fauzi ning Susilo Bambang Yudhoyono, banjur, banjur.......
Iki sing gawe Edy kanthi nggumun : kumbang iku saiki mencok ing drijine Bara Obama.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar