Saka walik jendela
Saka walik jendela sing saiki wis ditutupi kandele kabut
keluk, aku nglamun susah. Kabut wis njupuk kesenenganku, bocah umur sepuluh
tahun sing ora bisa maneh dolanan kanthi seneng karo kanca-kanca sabaraan ing
njaba omah.
Katon bapak nyedeki aku. banjur deweke nggandeng aku ngadohi
jendela. Sak klebatan tak sawang bapak katon beda saka biasane. Seragam pemadam
kebakaran sing dienggo lengkap. Ora lali tas ransel gedhe ing pundake.
“Bapak badhe menyang pundi ?”
“Bapak arep ngusir kabut ben ngalih saka kutha iki. Ben kowe
bisa dolanan ing njaba karo kanca-kancamu” bapak mangsuli karo mangku awakku
ing nduwur kursi ruang tamu.
“ Bener iku pak.Ambune keluk wae wis bisa nggawe aku watuk.”
“ Iya nanging ora selawase ambune keluk iku bisa nggawe
watuk, malah ana sing enak ambune”
“ Tenane iku? Ora mungkin Pak, “ aku mbantah omongane Bapak”
“ Opo keluk sate iku ora nggawe enak pas kok ambu?”
Aku banjur ngangguk. Bapak ngelus rambutku karo mesem
“ Banjur ambu sing keluk opo maneh Pak?”
Bapak meneng sedela. Banjur pirang-pirang menit seteruse
mbukak lambe. Nerusake omongane
“ Ana keluk sing ambune wangi”
“ Ora mungkin keluk iso wangi. “ aku mbalek mbantah omongane
bapak”
Bapak ngedunke saka pangkuane bajnur ngalih menyang lemari
pawon njukok barang.
Banjur bapak ngewehi
aku barang serupa watu putih pipih cilik sing takruhi iku kemenyan lan kotak
cilik korek kayu.
“ jajal bongen iki”
Aku cepet-cepet njukok siji korek kayu, banjur mbakar ing
nduwur tekel
“ saiki ambunen keluke”
“ iya, wangi. Bener – bener wangi pak”
Aku bola bali ngambu keluk kemenyan . wangine awet sui tenan. Banjur kemenyane entek nanging ujug-ujug
uluku dadi mengkirik.
“ pak aku wedi”
Bapak ngekep awakku kenceng, “isih pengen ngrungokske
terusane?”
Aku ora nyauri. mung ngangguk alon. Bapak mbalek lungguh ing
kursi. Sawentara aku milih lungguh sila ing tekel. Banjur bapak mbalek nerusake
omongane.
“keluk sing ambune ora enak.”
“contohe pak? “ aku tekok pengen weruh”
“ koe weruh bapak seneng ngrokok.”
“ iya, nganti entek sak adah seben dinone.”
“ saka ngendi koe weruh iku, ndok?” bapak mbalek takon. Aku
ora nyauri, langsung nudingi puluhan adah sing jejer apik ing rak lemari ruang
tama sisih nduwur.
Ketok bapak mesem. Aku dadi ora enak ati.
“ tibake koe weroh
tenan kulinane bapak, ya”
Aku ndingkluk. Ora wani ngingeti bapak
“ Bapak ora nesu. Bapak ya ora bakal ngelarang utawa ngolehi
koe ngrokok yen wis gedhe mengko. Bapak mung pengen koe weroh yen saben pilihan
arep bakal ana loro akibat sing kudu kok trima, iku apik utawa elek.”
Aku ngangguk alon.
Bapak mbalek nerusake omongane
“ keluk sing ambune ora enak.”
“ iku keluk kobongan sampah to, pak”
Aku langsung iso nebak. Bapak ngangguk
“ soko ngendi koe weruh?”
“ mergo saben sore, aku ngewangi pakde budi mbakar sampah
ing kebon mburi omah.”
Bapak katon nggelengake sirah bola bali.
“ awit saiki ojo koe
nglakoni iku maneh.”
“ iku ora apik kanggo kesehatan. Iku ambune keluk mengko
ngganggu tonggone awake dhewe.”
aku nggangguk alon.
“sampah iku kudune digunakake maneh utawa didadekake rabuk
udu dibakar sak senenge.”
Aku njajal ngerteni dalan pikirane bapak. Tanah ora gampang.
Nanging aku ngerti kui ora salah lan migunani kanggo ku mbesok.
“iki sing keri dhewe “ jare bapak karo ndelok jam tangane.
Aku masang rai tenanan
“ keluk sing ambune ora seger”
“ iku koyo keluk sing ana ing njobo omah to, pak?”
Aku njajal nebak. Bapak ngangguk
“ saiki keluk wes soyo kandel dadi ojo nganggo masker, yo “
jare bapak karo nganggokake masker menyang aku. sakdurunge, aku ora gelem
nganggo. Aku pengen koyo bapak, ora wedi karo keluk.
Bapak mbalek ndelok jam tangane banjur ngadek saka kursi
“bapak lungo disek yo,” bapak ngambung bathuk ku banjur
mlaku menyang njobo omah
“bapak ojo lali nganggo masker”
Bapak mung ngangguk. Tak delok, awake bapake ilang ing kandele
keluk .cepet- cepet, tak tutup, wedi keluk bakal mlebu.
Sakwise iku, ora tau ndelok bapak ketok mbalek ning ngarep
lawang omah. Koyo-koyo dheweke ngilang ing walik kandele kelu. Embuh menyang
endi keluk nggowo dheweke lungo. Aku mung ngarep kedadean sing apik-apik kanggo bapak
Nanging nyatane sakwalike. Rong ndino sakwise kui, keluk
koyoto menehi kabar elek nalika lawang di dodoki. Wong loro koncone bapak
ngadek ing ngarep lawang. Ibu sing nyetuki katon tak delok dleweran eluh.
Dheweke banjur ngekep awakku kenceng. Karo omong alon ing antarane tangisane
sing diempet, “ bapakmu lungo saklawase, nak”
Cerito ibu karo nangis, bapak sedo pas nekat nerobos
kobongan ing njeru alas kanggo nylametake nyowo kidang sing dikepung geni. Aku
ora pengen nangis, mung meneng cep. Mergo aku isih percoyo bapak mesti bakal
teko nyetuki aku kapan-kapan. Lan nalika pas iku dino kui, awake wong loro
bakal mbalek nglanjutake omongan perkoro ambu keluk sing durung rampung.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar