Senin, 12 November 2018

teks anekdot khusus XII APK 1

Wenehana aksara A, B, C, D, E, F utawa G pilihen paling apik lan wenehana tanggapan apa sebabe apik sing mbok karepna teks anekdot ing ngisor iki !!

A

UTS

Akbar          : “Dam, sok Senen ki wes lekas UTS lo”.

Adam          : “Lha terus ngapo nek wes lekas?”

Akbar          : “Gayamu sok santai wae, angel lo dam soale uraian ki ra iso ngawur”.

Adam          : “Koe ne wae si kurang cerdas”. ( lagake adam sok keminter )

Akbar : “Heleh-heleh modelmu dam dam keminter we, la wong biasane    nek   ulangan yo nurun aku wae kok”.

Adam : “Tenang bar, sok senen koe ora usah bingung ora usah sinau, nuruno aku wae”.

Akbar : “Kok iso ra sinau wi lo, iki ki ora ulangan biasa iki UTS dam adam anake pak solaiman?”. ( akbar wes gregeten karo adam si sok keminter lan sok santai)

Adam : “ Wow… santai bro, ojo galak-galak to, wedi aku. UTS iku Ulangan Tulis Sak-sak e. Genah durung?

Akbar : “wooooo tarah kampret weke dam”. ( banjur akbar ngiter adam arep di keplaki saking gregetene ).

B

GURU( DIGUGU LAN GITU)



Ing wayah ngaso, Sukini karo Supini mlaku arep menyang kantin. Bocah loro kui menyang kantin lewat ngarep ruang guru. Ananging pas mlaku lewat ngarep ruang guru, bocah loro kui ngerungokne obrolan e bu Painem ambi  bu Lasminah. “Aduh  bu Painem iki dandan wae” kandhane bu Lasminah ambi mesam mesem. “Iya bu iki ben ketok seger kan ameh mulang maneh” wangsulan e bu Painem mennyang bu Lasminah. Kui sekilas obrolan antara bu Painem lan bu Lasminah sing dirungokake Sukini ambi Supini. Bocah loro kui pikiran e langsung berkembang sakwise ngerungokne obrolan e bu Lasminah lan bu Painem. “Ni Ni kowe mau ngerungone ta omongan e bu Lasminah ambi bu Painem?” Supine takon menyang Sukini. “Iya Sup aku krungu mau. Tibak e dandan kui menurut e ibu ibu guru bisa gawe seger nek mulang ya?” wangsulan e Sukini. “iya Ni, ananging kui kan nek kanggone ibu ibu guru. Berarti nek kanggone murid murid koyo awak e ngeneki bisa gae seger wektu pelajaran” Supini   ngomong ambi mesam mesem pertanda yen esemane ana artine. “Wah bisa dicoba iki sup, kan guru iku digugu lan ditiru” jawab e Sukini dengan PD nya.

Sesuk e pas wayah ngaso Sukini ambi Suoini dandan dengan landasan omongan e bu Painem. Jelalah sak bubar e ngaso kuin sing mulang bu Painem. Bu Painem kaget weruh murid e loro dandanan e kaya ondel ondel. Bu Painem wis nesu  “Sukini ambi Supini mrenea maju!”. “Inggih bu wonten napa?” jawab e supini polos. “Kowe kui cah loro ora weruh salah e apa?” bu Painem nyentak. “Mboten bu, kula kaliyab Supini ngerjakaken tugas bu,kula nggih mboten mbolos.” Jawab e Supini. “Kowe cah loro kui tak celuk maju amarga dandananmu wis kaya udu cah sekolah wae, apa arep nyinden?” Takon e bu Painem. “Mboten bu kula kaliyan Supini niku niru bu Painem Marga bu Painem ngendika yen dandan niku saged ndamel seger malih, kan guru niku digugu lan ditiru bu.” Jawab e Sukini. Bu Painem among nutup wajah nagnggo tangan lan mbatin “Ngimpi apa aku sewengi.”

C

“Murid telat mlebu kelas”

Ning salah siji sekolahan kutha banjar,wektu kui nunjukake jam 07.00 yaitu wektune jam pelajaran diawiti.Pak Guru lan murid-murid wis rampung ndedonga.Banjur murid-murid lungguh kanthi rapi lan pas wektu kui ana salah siji murid sing telat masuk kelas.Murid iku banjur mlebu kelas lan ugi salaman kalian pak guru.

Pak guru Takon “ Le jam pira Iki? Kena ngapa jam sakmene lagi teka?”kanthi suara banter.Banjur murid iku njawab “ ngapunten pak,Kula telat”.Pak guru Takon maneh “ la ngopo kok iso telat?”.Kanthi kendel banget murid iku njawab “sak ngertos Kulo Sinau utawi Pados ilmu niku mboten wonten Tembung telat utawi kasep Pak,dados pripun sakniki Kula angsal lungguh nggeh pak?” Banjur Pak guru iku langsung meneng Lan ora iso omong opo-opo maneh bisa uga diarani diam seribu bahasa.

Pungkase murid iku langsung lungguh ing panggone lan tetep Melu kegiatan pelajaran koyo murid-murid liane.

D

“Goro-goro Latihan Kosok Balen Guru Mumet”

Ing jam ke pitu lan wolu ing kelas pitu A lagi pelajaran boso jowo lan materine tembung kosok balen.

Guru mlebu ing kelas pitu A.

Guru                : “Sugeng isuk bocah-bocah”

Bocah-bocah   : “Sugeng enjing pak”

Guru                : “Piye kabare?”

Bocah-bocah   : “Alhamdulillah, sae pak”

Guru                : “Yo wes. Saiki pelajarane yaiku tembung kosok balen. Ing basa Indonesia tembung kosok balen yaiku antonim. Wes podo weruh antonim to?”

Bocah-bocah   : “Sampun pak”

Guru                : “Langsung latihan wae yo”

Bocah-bocah   : “Nggeh pak”

Guru                : “Kosok balene adhem?”

Bocah-bocah   : “Panas”

Guru                : “Bagus?”

Bagus              : “Nggeh pak”

Guru                : “Ora nyeluk kowe gus. Maksud e kosok balen e bagus kuwi opo?”

Bagus              : “Oallah ngoten pak. Elek pak”

Guru                : “Kosok balene cedhak?”

Bocah-bocah   : “Adoh”

Guru                : “Biyen?”

Bocah-bocah   : “Saiki”

Guru                : “Turu?”

Bocah-bocah   : “Tangi”

Ujuk-ujuk bel mulih muni.

Guru                : “Bocah-bocah ws wayah e mylih. Ayo podo mulih”

Bocah-bocah   : “Ayo podo budhal”

Guru                : “Wes bar cah pelajarane”

Bocah-bocah   : “Urung bar pak pelajarane”

Guru                : “Uwes-uwes”

Bocah-bocah   : “Urung-urung”

Guru                : “Ndang mulih”

Bocah-bocah   : “Ndang budhal”

Akhire guru mau metu soko kelas pitu A amargo mumet karo kosok balen lan murid-muride. Nanging bocah-bocah mau guyu nganti pingkel-pingkel amarga bisa njarak guru mau.

Bocah-bocah   : “Hahahahahahaa..........

E

“ Pinter Nanging Mendho ”

Opo sing ora diweruhi marang bocah saiki ? Bocah saiki kui bocah kang moderen banget lan pinter-pinter. Nanging pintere ora tenanan, pintere pinter mendho neng kene maksute pinter ing kalangane nanging mendho ing sopan santune.

Mulo didikan awit cilik iku penteng, awit didikan saka wong tuane. Kayata conto kejadian ing ngisor iki :

Ibu      : “ Ndok koe opo wis sinau ? ”

Anak   : “ Dereng buk ”

Ibu      : “ Nak no ndang sinau ben pinter ! ”

Anak   : “ Mboten purun buk, enjing-enjing prei mawon ”

Ibu      : “ Anak kok nak dikongkon wong tuwek kok njawali e ”

Anak   : “ Nyuwon pangapunten ngeh buk, kula sampon mangsuli panjenengan”

Ibu      : “ iyo, sok ojo dibaleni eneh yo, anak kui kudu hormat marang wong tuwek “

Anak   : “ ingguh buk ” ( anake karo meragakake hormat )

Ibu      : “ Loh ndok koe nyapo kok hormat ? ”

Anak   : “ Panjenengan wau ngutus kula yen anak niku kedah hormat marang wong tuwa, kula ngeh hormat ”

Ibu      : ( ibuke nguyu ) “ maksutku hormat karo wong tuwa kui, hormat sing tindak tanduk e apik, sopan santun ngono, ora kok malah hormat ”

Anak   : “ Oooo, ngoten to buk ” ( anake kisinan karo nguya nguyu )

Ibu      : “ Yo wis kono ndang sinau ”

Anak   : “ Inggih buk, laksanaaken ” ( anake budal sinau )



“MOP ON”



Dina iki wayahe pelajaran sejarah. Minggu wingi pak guru ngendika menawa dina iki arep ulangan.

Nalika pak guru rawuh,

Pak guru          : “Ulangan to cah?”

Murid-murid   : “Inggih pak.”

Pak guru          : “ Yowis, ndang dilebokne bukune terus iki digarap.”

                         (Karo menehi kertas isine soal)

F

Setengah jam kepungkur pak guru ngawasi karo munyer, supaya ora ana murid sing nyonto. Tekan bangkune Joko, pak guru digawe bingung.

Pak guru          : “Joko, kowe apa wis bar, kok wis nglamun wae?”

Joko                 : “Hehehe, sampun pak.” (Karo ngelungake lembar jawabane)

Pak guru          : “La endi sek resik ne kertase ora ana coretan blas?”

Joko                 : “Ngapunten pak, kula niki mboten remen kaliyan pelajaran                                     sejarah.”

Pak guru          : “La nyapo?”             

Joko                 : “Amargi kula mboten seneng ngeling-ngeling                                                          kedadean ingkang sampun kepungkur pak. Menawi ingkang                              mbiyen nggeh mpun mbiyen   pak, mboten kula eling-eling maneh                             mengke mumetaken mustaka. Kula pengen mop on pak.

Pak guru          : “ Wo tanah  bocah jaman saiki.” (Karo batuke mengkerut lan                                ngukuri sirahe sing ora gatel)

G



ULANGAN HARIAN





Dino iki Senin tanggal 5 November 2018,Rina koyok biasane budal menyang sekolah,Dewek e sekolah ing SMA 2 Ponorogo isuk iku Rina budal kawanen amarga deweke wingi sinau nganti bengi, deweke lagi kelingan yen sesuk iku ana ulangan harian Bahasa Jawa,makane deweke tangi bengi lan sinau buku bahasa jawa.Tekan sekolahan deweke rodok menggeh-menggeh amarga deweke songko parkiran nganti kealas mlayu,wedi yen deweke telat,amarga iki dino senin lan upacara bendera.

Tekan kelas

Serly : ‘Tumben Rin awak mu lagi teko? Biasane tekamu isuk, dak kiro kowe absen dini iki “

Rina : “ Iya Ser,aku wingi sinau nganti bengi “

Serly : “ wihhh,nekno aku mengko nyontek kowe yo Rin “

Rina : “ Iyo nek iso nyontek,yo tak conteki mengko. “

Serly : “ Siapp Rin,suwun yo “



Sak wise iku bel upacara Bendera muni,Serly karo Rina mlaku bareng menyang Lapangan.Sak suwine upacara  Rina terus ngileng-ngileng Pelajaran sing deweke sinau wingi kanggo ulangan engko,Sak wise Upacara Kabeh murid-murid bali menyang kelas e dewe dewe.

Serly lan Rina iku konco sak bangku, sak wise tteko kelas lan lungguh ing bangku,Rina ngetokake buku bahasa jawa,deweke sinau aksara Jawa amarga deweke wingi gung mudeng karo pasangan aksara jawa,deweke njajal takkon marang Serly

Rina : “ Ser, Pasangan iki kanggo aksara opo? “

Sely : “ Oh iku to,kanggo aksara Dha “

Rina : “Owallah iyo iyo “

Deweke nerusne sinau,tapi deweke rodok bingung amarga Serly ogak sinau Bahasa Jawa,tapi malah sinau pelajaran Matematika.

Rina : “ Loh Ser,awakmu kok malah sinauMatematika? “

Ssely : “ La karepmu sinau opo Rin?”

Rina : “ Yo Bahasa Jawa lah Ser,kan dino iki ulangan harian Bahasa Jawa “

Serly : “ We ki nglindur ta Rin? Iki mengko iku ulangan Matematika duduk bahasa jawa,ulangan bahasa jawane iku sek sesuk. “

Rina : “ Hah?! Matematika ? Mati aku Ser,aku durung sinau Matematika piye  iki Serrr?? “

Serly : “ Hoallah Rina,rina mesti kowe wingi ora ngrungokne nganti bar,wingi   kan pak guru ngomong dino iki sek dijelasne Bab pasangan disek,mari ngono sesuk lagi Ulangan Harian “

Rina lagi kelingan yen wingi iku deweke tanah yo ogak ngrungokne nganti bar,deweke wingi malah hedset an ngrungokne lagu,amarga deweke wes mulai ngantuk lan bosen karo pelajaran e.

Rina : “ La terus iki piye ser? Aku durung sinau bok blas matematika,aku nyontek kowe yo “

Serly : “ Ogak iso ser amarga mau ana pengumuman sngko ketua kelas,mengko ulangan e separo separo,lan urut absen,dadi garap dewe-dewe. “

Rina : “ Haduh piye iki Serlyyyyy ‘

Serly amung nggeleng nggelengne sirah ngingeti Rina koyok ngono,ogak let suwi Bu guru mebu kelas,lan njelalah e Rina ulangan sing grup pertama,lan dewekelungguh ning ngarep dewe.

Dino sesuk e ulangan Harian e di bagi,lan Rina oleh nilai 55,deweke ngroso pantes oleh nilai sak mono,amarga deweke wingi tanah yo durung sinau Matematika,Sak bar  e kedadean iku Rina maleh dadi bocah sing sregep,lan ngrungoknne penjelasan e guru nganti bar,deweke kapok lan janji marang awake dewe ora bakal ngulang kesalahan e iku maneh.

12 komentar:

  1. E amargi ceritane ngandhut amanat yen anak kudhu hormat marang wong tuwa.

    BalasHapus
  2. G "ulangan harian" amargi ceritanipun lucu, basanipun inggih kapenak dimangertos lan ugi ing anekdhot kasebut menehi piwulang menawi dados murid kedah mirengake ngendikanipun guru supados mboten salah ngecakake kekarepanipun guru kasebut.

    BalasHapus
  3. F "Mop On" amargi critanipun ndamel gumuyu, basanipun kapenak dipahami lan uga ngandhut wewarah dados murid ora kena nglaliaken kawruh/ilmu ingkang sampun dipunwulangaken amargi kawruh/ilmu niku migunani sanget.

    BalasHapus
  4. Miturut kulo anekdot ingkang paling sae wonten aksara "C" amargi menehi pepeleng menawi pados ilmu niku mboten wonten tembung kasep. Senajan ngunu pados ilmu kudu tenanan supados dados ilmu ingkang manfaat kangge bebrayan, sedaya niku saged kawujud kanthi cara disiplin lan sregep sekolah.

    BalasHapus
  5. C " Murid Telat Mlebu Kelas" Amargi basa kang digunakake penak dipahami. Lan nduweni pesan moral yaiku nuntut ilmu niku mboten wonten istilah telat, tuwa lan mudha saged nuntut ilmu. Niku aweh piwulang kangge kita sedaya kangge nuntut ilmu kanthi akhir hayat.

    BalasHapus
  6. Aprilia Anita Sari
    C " Murid telat mlebu kelas". Amargi ceritanipun saget ndadosaken utawi saget menehi semangat anggone nuntut ilmu kangge murid-murid sakniki, yen nuntut ilmu utawi ngangsu kawruh niku mboten wonten tembung telatipun.Saklentunipun basa ingkang dipun gunakaken ing teks anekdot niku saget dipun pahami kanthi gamblang,senajan ceritanipun singkat ,teks anekdot kasebut nggadahi pitutur ingkang becik khususipun kangge murid-murid ingkang ngangsu kawruh.

    BalasHapus
  7. C. Amargi bisa mebehi semangat anggone nuntut ilmu

    BalasHapus
  8. E.Amargi ing Bagian E niki ngandhut amanat kang beciK lan maringi patuladan, supados dados anak mboten njawali nopo ingkang di pun kandhani dening wong tuwo.Kaliyan basa ingkang di migunakaken sampun lucu.

    BalasHapus
  9. Teks anekdot ingkang paling sae wonten aksara "C" amargi ngandut amanat utawi pesen moral kang becik yaiku nuntut ilmu mboten wonten tembung telat

    BalasHapus
  10. Teks anekdot ingkang paling sae wonten aksara "C" amargi ngandut amanat utawi pesen moral kang becik yaiku nuntut ilmu mboten wonten tembung telat

    BalasHapus
  11. Teks anekdot C : amargi leres. Nuntut ilmu niku mboten wonten tembung telat, nuntut ilmu niku sakwanci-wanci.

    BalasHapus
  12. Teks Anekdot G : Ceritane leres amargi nuntut ilmu iku penting lan dadi siswa iku kudu sregep sinau supaya entuk ilmu sing luas

    BalasHapus