PASINAON
Kompetensi Dasar dan Indikator:
3.1. Mengidentifikasi, memahami, dan
menganalisis teks drama, prosa atau puisi sesuai kaidah .
3.1.1 Mengidentifikasi struktur teks drama.
3.1.2 Menganalisis struktur teks drama
3.1.3 Menganalisis unsur kebahasaan teks drama
3.1.4 Menganalisis pesan moral teks
drama.
3.1.5 Menganalisis relevansi isi teks
drama dengan kehidupan.
ING PASINAON
TUNTUNAN JRONING TUTUNAN
Pasinaon iki
nyuguhake wacan kanthi tema ”Tuntunan Jroning Tontonan” minangka sarana kanggo
nyinaoni teks drama. Minangka salah sijine asil kasusastran, lumrahe kajaba
kanggo lelipur teks drama uga mujudake
srana kanggo tuntunan. Akeh bab wigati kang bisa kapethik saka teks drama.
Kawontenan: Ing
pasewakan agung Kraton Majapahit, Ratu Kencana Wungu ngrembag kahananing praja
kaliyan Patih Logender lan Minak Koncar.
Antawacana:
Teks
drama
Patih
Logender : Kula, pun Patih
Logender ( kanthi gela - gelo ) ngaturaken
sembah pangabekti Kanjeng Ratu.
Ratu
Kencana Wungu : Iya paman Patih
Logender, daktampa sembah bakti sira,
ora liwat pangestuku tampanana!
Patih
Logender : Matur nuwun Kanjeng
Ratu, Pangestu panjenengan kula pundhi, kula kancing ing gelung minangka
jejimat anggen kula ngabekti ing Majapahit.
Sindhureja : Kula Sindhureja, mentri
mamanca negara ing brang kilen, ngaturaken sembah pangabekti mugi konjuk Gusti
Ratu Kencana Wungu.
Ratu
Kencana Wungu : Dak tampa sembah
bektinira, puja pangestuku tumanduk marang sira.
Minak
Koncar : Semanten ugi, kula inggih ngaturaken sembah
pangabekti Kanjeng Ratu Kencana Wungu.
Ratu
Kencana Wungu : Dhawah sami-sami Paman
Minak Koncar. Panjenengan minangka
sesepuhing praja, kula suwun ampun kendhat paring pitedah lan panyaruwe
dhumateng kula!
Minak
Koncar : Pancen awrat jejibahan
menika, ananging tetep badhe kula sandhang kanthi suka rena, jumbuh kaliyan
kadiwasaning pikir lan kawasisan kula.
Ratu
Kencana Wungu : Sabanjure...,kepriye
kahanan para nayaka lan kawula ing
Majapahit, Paman Patih?
Patih
Logender : Para nayaka sami
gumregut anggenipun makarya, mboten
wonten ingkang nilaraken jejibahanipun. Kahananing para kawula wiwit kutharaja
ngantos karang padesan, sedaya sami sarwi cekap mboten wonten ingkang nandhang
kacingkrangan. Liripun, loh subur kang sarwa tinandur, jinawi murah kang
sami tinumbas, Kanjeng Ratu.
Sindhureja : Menika leres Kanjeng Ratu.
Rumiyin pancen wonten kraman ing tlatah Gelang-Gelang. Ananging samenika sampun
saged kula rampungi. Mila samenika ing brang kilen kahananipun ayem tentrem.
MBoten wonten colong-jupuk, pek pinek barange liyan. Menika sedaya saged
dumados, awit minangka songsong agung ing Majapahit,Panjenengan sampun
njejegaken pusaraning adil, Kanjeng Ratu.
Ratu
Kencana Wungu : Matur nuwun paman Patih
lan Kakang Sindhureja. Lajeng kados pundi pamanggih Paman Minak Koncar?.
Minak
Koncar : Saderengipun kula matur, kula nyuwun gunging
samodra pangaksami, mbok menawi atur kula mangke mboten dados renaning
penggalih Panjenengan.
Ratu
Kencana Wungu : Mboten dados menapa,
sanadyan pait pindha butrawali dhawuh pangandika Panjenengan…tetep badhe kula
dhahar. Awit, Panjenengan sampun kula
anggep minangka tiyang sepuh kula piyambak.
Minak
Koncar : (atos - atos
anggenipun ngendika) . Miturut pamawas kula, pancen leres ing Majapahit
samenika nembe manggihi karaharjan. Ananging…?
Ratu
Kencana Wungu : Ananging menapa paman?
Panjenengan kula aturi blaka mawon! Bab menapa ingkang taksih kirang?
Minak
Koncar : Majapahit samenika
kados dene rembulan ingkang nembe ndadari, sunaripun padhang nukulaken raos
ayem tentrem. Kahanan menika badhe tansaya ngrembaka sae, kalamun kawimbuhan
wontenipun srengenge sumunar, ingkang saged nukulaken raos greget lan
nyuburaken tetuwuhan.
Ratu
Kencana Wungu : Kula ngertos ingkang
Panjenengan kersakaken, ananging srengenge menika medal lan angslupipun mboten
saged dipun age-age lan dipun penggak. Mbok menawi pancen dereng dhawah titi
mangsanipun kula sinandhing priya ingkang saged dados srengenge ing Majapahit
menika…paman.
Minak
Koncar : Lajeng kados pundi
kekancingan panjenengan, bab wontenipun nawala
saking Minak Jingga ing Blambangan ingkang nagih janji Panjenengan.
Patih
Logender : Nuwun sewu Kanjeng
Ratu, kepareng kula sumela atur!
Ratu
Kencana Wungu : Iya dak keparengake,
enggala matur!
Patih
Logender : ( sirahipun gela -
gelo , solahipun nedahaken tiyang culika/ licik ). Menika ingkang dipun
rembag bab srengenge ing Majapahit lho. Manawi Kanjeng Ratu menika
kaparibasakaken rembulan purnamasidi, mila srengenge ingkang nyandhing inggih
kedah srengenge ingkang mboten kenging grahana.
Ratu
Kencana Wungu : Nanging Minak Jingga iku
wis menang sayembara. Panjenengan ingsun wis janji, ”Sok sapa wae sing bisa
numpes Kebo Marcuet sing mbalela, bakal daksuwitani minangka garwaningsun”.
Patih
Logender : Leres,leres, leres,
panjenengan leres. Minak Jingga pancen sampun saged mupu sayembara. Ananging
panjenengan ugi kedah ngertos, wujudipun Minak Jingga utawi Joko Umbaran
samenika kados pundi? Mila kala wau kula umpamakaken kados srengenge ingkang
kenging grahana, awit sasampunipun perang tandhing kaliyan Kebo Marcuet,
raganipun Minak Jingga risak mboten kantenan. Wujudipun nggegirisi, ala tanpa
rupa.
Minak
Koncar : Sabda pandhita ratu
iku ora bisa diselaki.
Patih
Logender : Leres, leres,leres,
panjenengan leres. Ananging, menawi sabda menika badhe nukulaken prahara, sabda
menika inggih kedah dipunjugaraken. Kita kedah migunakaken kawicaksanan, awit
kawicaksanan menika mapanipun sainggiling kaleresan. ( k e n d el s a w a t a
wis ) Panjenengan menapa mboten mesakaken Kanjeng Ratu Kencana Wungu? Menapa
panjenengan mentala mirsani Kanjeng Ratu
ingkang sulistya ing warna sesandhingan kaliyan wewujudan ingkang ala
tanpa rupa? Kados pundi mangke ombyaking para kawula, menawi nyumerapi rajanipun
ingkang nggegirisi, nggilani? Kados pundi mangke kuceming asma Praja Majapahit,
kalamun kayoman srengenge ingkang nandhang grahana?
Ratu
Kencana Wungu : Banjur kepriye panemumu
Paman Patih?
Patih
Logender : Menika gampil,
panagihipun Minak Jingga dipun tampik mawon, Minangka gantosipun … Minak Jingga
dipun paringi mas picis raja brana ingkang kathah. Bab srengenge ing Majapahit,
Panjenengan mboten prelu was sumelang. Awit mboten tebih saking mriki, ing
kepatihan wonten srengenge kembar ingkang siyaga pinilih nyandhing panjenengan
lan madhangi Majapahit manawi panjenengan
kersakaken.
Minak
Koncar : ( kanthi mesem ) Sing
kokkarepake srengenge kembar iku apa Layang Seta lan Layang Kumitir putramu
dhewe?
Patih
Logender : Leres…leres…leres,
Panjenengan leres. Layang Seta lan Layang Kumitir pancen yoga kula piyambak.
Ananging, anggen kula nyadhongaken Layang Seta utawa Layang Kumitir minangka calon
garwa Kanjeng Ratu Kencana Wungu, menika mboten kok lelandhesan awit kula
tiyang sepuhipun Layang Seta utawi Layang
Kumitir. Ananging, jalaran
miturut paningal kula Inggih namung Layang Seta utawa Layang Kumitir ingkang
pantes sesandhingan Kaliyan Ratu Kencana Wungu. Kanjeng Ratu sulistya ing warna
prasasat Bethari Ratih, dene Seta utawi Kumitir prasasat Bethara Kamajaya
mangejawantah.
Minak
Koncar : Babagan rupa pancen
ora nguciwani, nanging ing babagan kadiwasaning pikir, kaweruh, lan kaprigelan
nata praja mbok menawa Layang Seta lan Layang Kumitir isih kurang.
Patih
Logender : Leres, leres, leres,
panjenengan leres. Ananging, kaweruh menika saged dipunundhakaken kanthi sinau.
Benten kaliyan rupa, mboten saged dipunundhakaken malih. (Patih Angkat Buto lan Patih Renggut Muko
mlebet minangka utusan saking Blambangan, sasampunipun lenggah lan nyembah
pakurmatan lajeng matur)
Patih
Logender : Pawongan, kowe iki
sapa? Jalaran aku lagi weruh iki.
Patih
Angkat Buto : Nggih. Tepangaken, nami
kula Angkat Buto.
Patih
Renggut Muko : Nami kula Renggut Muko.
Patih
Angkat Buto : Pangkat Patih saking
Kadhipaten Blambangan.
Patih
Logender : Ana wigati apa?
Patih
Renggut Muko : Sowan kula badhe
pinanggih kaliyan sesembahan ing Majapahit ingkang asmanipun Kanjeng Ratu
Kencana Wungu.
Ratu
Kencana Wungu : Oooo....... Angkat Buta
lan Renggut Muko, patih saka Blambangan, ya aku iki pangayoman ing Majapahit
kang aran Ratu Kencana Wungu.
Patih
Angkat Buto : Ngaturaken sembah
bekti. Patih Renggut Muko : Kula ugi ngaturaken sembah bekti, Kanjeng.
Ratu
Kencana Wungu : Ya, ya,ya dak tampa, ora
liwat puja pangestuku tampanana. Banjur tumekamu ing kutha raja Majapahit nduweni karep apa?
Patih
Angkat Buto : Tebih saking
Blambangan, ngemban dhawuhipun Kanjeng Adhipati Minak Jingga kula dipunutus
nyuwun pirsa utawi nyuwun wangsulan bab nawala panagih janji, ingkang
kaaturaken dhumateng panjenengan rumiyin…Kanjeng Ratu.
Ratu
Kencana Wungu : Iki kepriye Paman Minak
Koncar lan Paman Patih?
Minak
Koncar : Bab menika mangga kersa Panjenengan, awit ingkang badhe
nglampahi inggih Panjenengan.
Patih
Logender : Mumpung dereng klebus
sedaya, kula aturi mentas mawon. Menawi kalajengaken ambyur, mangke Panjenengan
ingkang sengsara salaminipun. Sampun ta…pasrah kula mawon! Kula, mangke ingkang
nata!
Ratu
Kencana Wungu : Yen ngono, purba wasesa
dak pasrahake marang sira!
Patih
Logender : Matur nuwun
kapitadosanipun Kanjeng Ratu ( kalih nyembah ).
Sindhureja : Kula aturi atos-atos kakang
Patih, Panjenengan sakmenika nyepeng purba wasesa… Panjenengan kedah saged
migunakaken kanthi wicaksana!
Patih
Logender : MBoten sisah was
sumelang! Tumrapipun Patih logender, bab menika …emm prekawis alit! ( kalih
mlengos ) He..Patih Angkat Buto lan Patih Renggut Muko! Sira wis krungu dhewe,
yen perkara iki wis dadi tanggung jawabku. Mula gatekna andharanku iki!
Patih
Renggut Muko : Inggih, badhe kula semak
kanthi premati.
Patih
Logender : Ing sakawit, sejatine
Kanjeng Ratu Kencana Wungu lan sagung nayaka praja wis sarujuk yen Ratu Kencana
Wungu lan Adhipati Minak Jingga bakal jejodhoan. Ananging, miturut para aji sepuh kang sidik
ing paningal lan pana ing pamawas, ”Jejodhoan ing antarane Ratu Kencana Wungu
lan Adhipati Minak Jingga ora bisa dibacutake, jalaran miturut petungan Jawa
neptune dina priyayi agung kekalih jebule ketemu selawe utawa kasebut gei ng,
awit Kanjeng Ratu Kencana Wungu lahir dina Anggara Cemengan lan Adhipati Minak
Jingga lahir dina Tumpak Jenar ” .
Patih
Renggut Muko : Menawi pranyata kados
mekaten, pancen mboten saged kalajengaken. Awit, yen kalajengaken mesthi nukulaken
prahara ingkang ageng.
Patih
Logender : Minangka patukon
kanggo ngurangi rasa cuwa penggalihe Adhipati Minak Jingga sing wis kasil
merjaya Kebo Marcuet, Kanjeng Ratu Kencana Wungu kersa paring bebana mas picis
raja brana satimbang karo lelabuhane Adhipati Minak Jingga.
Patih
Angkat Buto : Terang trawaca dhawuh
pangandika panjenengan, bab menika badhe kula aturaken Adhipati Minak Jingga
ing Blambangan.
Patih
Renggut Muko : Sarehne sampun cekap
anggen kula sowan, mila keparenga kula nyuwun pamit.
Ratu
Kencana Wungu : Ya…dak keparengake. Sing
ati-ati ya! (Patih Angkat Buto lan Patih Renggut Muko nyembah atur pakurmatan
lajeng medal).
Sindhureja :
Ing batos, kula kokkraos mboten sekeca.
Minak
Koncar : Dak kira perkara
durung bakal rampung. Awit, saelingku Kanjeng Ratu Kencana Wungu iku miyos dina
Wrespati Palguna dudu dina Anggara Cemengan. Kamangka, Adhipati Minak Jingga
ing Blambangan iku kondhang minangka priyayi kang pinter, dadi ora gampang
kokapusi kaya utusan saka Blambangan loro iki mau. Sing ati-ati lho Patih!
Patih
Logender : Leres…leres…leres,
Panjenengan leres. Ananging, tumpraping Patih Logender…Bab menika prekawis
gampil. Panjenengan mboten sisah sumelang, sedaya mangke saged kula rampungi.
Pancen Minak Jingga sugih kasekten, ananging niki mangke bakal kawon kalih
rekadayane Patih Logender ( gela - gelo ) Hee..hee…hee...
Ratu
Kencana Wungu : Ya wis, saiki dak ambali
maneh. Kanggo ngrampungi prakara iki,
purba wasesa dakpasrahake marang sira! Pasewakan kabubarake!
(Ratu
Kencana Wungu jumeneng lajeng medal, Minak Koncar lan Patih Logender nyembah
atur pakurmatan lajeng medal)
(kapethik :
Sastri Basa 2015)
A.
Nganalisis
struktur teks drama
Candhakana
miturut teks antawacana ing dhuwur iku !
Sifat sifat
paraga
No
|
Paraga
|
watak
|
Ukara kang nudhuhake
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
Setting (
panggonan)
No
|
Setting
|
katrangan
|
Ukara kang mbutekake
|
1.
|
Waktu
|
|
|
2.
|
Kahanan
|
|
|
3.
|
Panggonan
|
|
|
B.
Nganalisis
Unsur Basa Sajrone Teks Drama
Bab iki kanggo
narik kawigatene pamaca lan nambahi daya sastra. Kang kalebu lelewaning basa
yaiku; tembung entar, tembung saroja, purwakanthi, tembung Kawi, pepindhan,
bebasan, lan sapanunggalane.
Manut panemumu lelewaning
basa apa ing antawaca (teks Drama) ing dhuwur iku ?
C.
Ndhudhah
Nilai Moral ing Teks Drama
Sarampunge
nyemak teks drama ing dhuwur, jangkepana tabel ing ngisor iki!
No
|
Piwulang Moral
|
Kutipan teks
|
1.
|
Moral marang Gusti Kang Maha Kawasa
|
|
2.
|
Moral marang sapadha-padhane manungsa
|
|
3.
|
Moral marang dhiri pribadi
|
|
4.
|
Moral marang alam lingkungan
|
|
Tidak ada komentar:
Posting Komentar