Rabu, 25 Maret 2020

Soal UAS BASA JAWA



                                                Kelas               : XII (semua Keahlian)
Hari /Tanggal  : Kamis, 28 Maret 2020
Jam                  : 08.00 – 21.00
                                               
Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi patitis
1.      Apa kang diarani ungga-ungguh Basa Jawa ?
2.      Apa kang diarani ngoko alus, kepriye patrape lan wenehana tuladha !
3.      Apa kang diarani krama Alus, kepriye patrape lan wenehana tuladha !
4.      Apa kang diarani cerita cekak ?
5.      Kepriye ndudhah pesen moral ing cerita cekak ? jlentrehna !
6.      Apa kang diarani guyon maton ?
7.      Apa bae struktur guyon maton iku ?
8.      Apa kang diarani paribasan, saloka lan bebasan ? wenehana tuladha !
1.      Apa kang diarani sandhiwara radio ?
2.       Ukara ing ngisor iki alihna menyang aksara jawa
Arep jamure emoh watange, gelem kepenake ora gelem rekasane
Beras wutuh arang bali menyang takare, barang wis owah ora bakal bali kaya maune.
Eman – eman ora keduman, karepe eman malah awake dhewe ora keduman

Pasianon XI BDP 1,2,3 dan 4, XI MM dan XI PHT 1 dan 2 tanggal 26 april


PASINAON
Kompetensi Dasar dan Indikator:
3.1. Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis teks drama, prosa atau puisi sesuai kaidah .
3.1.1 Mengidentifikasi  struktur teks drama.
3.1.2 Menganalisis struktur teks drama
3.1.3 Menganalisis unsur kebahasaan  teks drama
3.1.4 Menganalisis pesan moral teks drama.
3.1.5 Menganalisis relevansi isi teks drama dengan kehidupan.

ING PASINAON TUNTUNAN JRONING TUTUNAN
Pasinaon iki nyuguhake wacan kanthi tema ”Tuntunan Jroning Tontonan” minangka sarana kanggo nyinaoni teks drama. Minangka salah sijine asil kasusastran, lumrahe kajaba kanggo lelipur teks drama uga  mujudake srana kanggo tuntunan. Akeh bab wigati kang bisa kapethik saka teks drama.
Kawontenan: Ing pasewakan agung Kraton Majapahit, Ratu Kencana Wungu ngrembag kahananing praja kaliyan Patih Logender lan Minak Koncar.  
Antawacana:
Teks drama
Patih Logender           : Kula, pun Patih Logender ( kanthi gela - gelo ) ngaturaken  sembah pangabekti Kanjeng Ratu.
Ratu Kencana Wungu : Iya paman Patih Logender,  daktampa sembah bakti sira, ora liwat pangestuku tampanana!
Patih Logender           : Matur nuwun Kanjeng Ratu, Pangestu panjenengan kula pundhi, kula kancing ing gelung minangka jejimat anggen kula ngabekti ing Majapahit.
Sindhureja                   : Kula Sindhureja, mentri mamanca negara ing brang kilen, ngaturaken sembah pangabekti mugi konjuk Gusti Ratu Kencana Wungu.
Ratu Kencana Wungu : Dak tampa sembah bektinira, puja pangestuku tumanduk marang sira.
Minak Koncar             :  Semanten ugi, kula inggih ngaturaken sembah pangabekti Kanjeng Ratu Kencana Wungu.
Ratu Kencana Wungu : Dhawah sami-sami Paman Minak Koncar. Panjenengan minangka  sesepuhing praja, kula suwun ampun kendhat paring pitedah lan panyaruwe dhumateng kula!
Minak Koncar             : Pancen awrat jejibahan menika, ananging tetep badhe kula sandhang kanthi suka rena, jumbuh kaliyan kadiwasaning pikir lan kawasisan kula.
Ratu Kencana Wungu : Sabanjure...,kepriye kahanan para nayaka lan kawula ing  Majapahit, Paman Patih?
Patih Logender           : Para nayaka sami gumregut anggenipun makarya,  mboten wonten ingkang nilaraken jejibahanipun. Kahananing para kawula wiwit kutharaja ngantos karang padesan, sedaya sami sarwi cekap mboten wonten ingkang nandhang kacingkrangan. Liripun, loh subur kang sarwa tinandur, jinawi murah kang sami  tinumbas, Kanjeng Ratu.
Sindhureja                   : Menika leres Kanjeng Ratu. Rumiyin pancen wonten kraman ing tlatah Gelang-Gelang. Ananging samenika sampun saged kula rampungi. Mila samenika ing brang kilen kahananipun ayem tentrem. MBoten wonten colong-jupuk, pek pinek barange liyan. Menika sedaya saged dumados, awit minangka songsong agung ing Majapahit,Panjenengan sampun njejegaken pusaraning adil, Kanjeng Ratu.
Ratu Kencana Wungu : Matur nuwun paman Patih lan Kakang Sindhureja. Lajeng kados pundi pamanggih Paman Minak Koncar?.
Minak Koncar             :  Saderengipun kula matur, kula nyuwun gunging samodra pangaksami, mbok menawi atur kula mangke mboten dados renaning penggalih Panjenengan.
Ratu Kencana Wungu : Mboten dados menapa, sanadyan pait pindha butrawali dhawuh pangandika Panjenengan…tetep badhe kula dhahar.  Awit, Panjenengan sampun kula anggep minangka tiyang sepuh kula piyambak.
Minak Koncar             : (atos - atos anggenipun ngendika) . Miturut pamawas kula, pancen leres ing Majapahit samenika nembe manggihi karaharjan. Ananging…?
Ratu Kencana Wungu : Ananging menapa paman? Panjenengan kula aturi blaka mawon! Bab menapa ingkang taksih kirang?
Minak Koncar             : Majapahit samenika kados dene rembulan ingkang nembe ndadari, sunaripun padhang nukulaken raos ayem tentrem. Kahanan menika badhe tansaya ngrembaka sae, kalamun kawimbuhan wontenipun srengenge sumunar, ingkang saged nukulaken raos greget lan nyuburaken tetuwuhan.
Ratu Kencana Wungu : Kula ngertos ingkang Panjenengan kersakaken, ananging srengenge menika medal lan angslupipun mboten saged dipun age-age lan dipun penggak. Mbok menawi pancen dereng dhawah titi mangsanipun kula sinandhing priya ingkang saged dados srengenge ing Majapahit menika…paman.
Minak Koncar             : Lajeng kados pundi kekancingan panjenengan, bab wontenipun nawala  saking Minak Jingga ing Blambangan ingkang nagih janji Panjenengan.
Patih Logender           : Nuwun sewu Kanjeng Ratu, kepareng kula sumela atur!
Ratu Kencana Wungu : Iya dak keparengake, enggala matur!
Patih Logender           : ( sirahipun gela - gelo ,  solahipun nedahaken  tiyang culika/ licik ). Menika ingkang dipun rembag bab srengenge ing Majapahit lho. Manawi Kanjeng Ratu menika kaparibasakaken rembulan purnamasidi, mila srengenge ingkang nyandhing inggih kedah srengenge ingkang mboten kenging grahana.
Ratu Kencana Wungu : Nanging Minak Jingga iku wis menang sayembara. Panjenengan ingsun wis janji, ”Sok sapa wae sing bisa numpes Kebo Marcuet sing mbalela, bakal daksuwitani minangka garwaningsun”.
Patih Logender           : Leres,leres, leres, panjenengan leres. Minak Jingga pancen sampun saged mupu sayembara. Ananging panjenengan ugi kedah ngertos, wujudipun Minak Jingga utawi Joko Umbaran samenika kados pundi? Mila kala wau kula umpamakaken kados srengenge ingkang kenging grahana, awit sasampunipun perang tandhing kaliyan Kebo Marcuet, raganipun Minak Jingga risak mboten kantenan. Wujudipun nggegirisi, ala tanpa rupa. 
Minak Koncar             : Sabda pandhita ratu iku ora bisa diselaki.
Patih Logender           : Leres, leres,leres, panjenengan leres. Ananging, menawi sabda menika badhe nukulaken prahara, sabda menika inggih kedah dipunjugaraken. Kita kedah migunakaken kawicaksanan, awit kawicaksanan menika mapanipun sainggiling kaleresan. ( k e n d el s a w a t a wis ) Panjenengan menapa mboten mesakaken Kanjeng Ratu Kencana Wungu? Menapa panjenengan mentala mirsani Kanjeng Ratu   ingkang sulistya ing warna sesandhingan kaliyan wewujudan ingkang ala tanpa rupa? Kados pundi mangke ombyaking para kawula, menawi nyumerapi rajanipun ingkang nggegirisi, nggilani? Kados pundi mangke kuceming asma Praja Majapahit, kalamun kayoman srengenge ingkang nandhang grahana? 
Ratu Kencana Wungu : Banjur kepriye panemumu Paman Patih?
Patih Logender           : Menika gampil, panagihipun Minak Jingga dipun tampik mawon, Minangka gantosipun … Minak Jingga dipun paringi mas picis raja brana ingkang kathah. Bab srengenge ing Majapahit, Panjenengan mboten prelu was sumelang. Awit mboten tebih saking mriki, ing kepatihan wonten srengenge kembar ingkang siyaga pinilih nyandhing panjenengan lan madhangi Majapahit manawi panjenengan  kersakaken.
Minak Koncar             : ( kanthi mesem ) Sing kokkarepake srengenge kembar iku apa Layang Seta lan Layang Kumitir putramu dhewe?
Patih Logender           : Leres…leres…leres, Panjenengan leres. Layang Seta lan Layang Kumitir pancen yoga kula piyambak. Ananging, anggen kula nyadhongaken Layang Seta utawa Layang Kumitir minangka calon garwa Kanjeng Ratu Kencana Wungu, menika mboten kok lelandhesan awit kula tiyang sepuhipun Layang Seta utawi Layang  Kumitir.  Ananging, jalaran miturut paningal kula Inggih namung Layang Seta utawa Layang Kumitir ingkang pantes sesandhingan Kaliyan Ratu Kencana Wungu. Kanjeng Ratu sulistya ing warna prasasat Bethari Ratih, dene Seta utawi Kumitir prasasat Bethara Kamajaya mangejawantah.
Minak Koncar             : Babagan rupa pancen ora nguciwani, nanging ing babagan kadiwasaning pikir, kaweruh, lan kaprigelan nata praja mbok menawa Layang Seta lan Layang Kumitir isih kurang.
Patih Logender           : Leres, leres, leres, panjenengan leres. Ananging, kaweruh menika saged dipunundhakaken kanthi sinau. Benten kaliyan rupa, mboten saged dipunundhakaken malih.  (Patih Angkat Buto lan Patih Renggut Muko mlebet minangka utusan saking Blambangan, sasampunipun lenggah lan nyembah pakurmatan lajeng matur)
Patih Logender           : Pawongan, kowe iki sapa? Jalaran aku lagi weruh iki.
Patih Angkat Buto      : Nggih. Tepangaken, nami kula Angkat Buto.
Patih Renggut Muko   : Nami kula Renggut Muko.
Patih Angkat Buto      : Pangkat Patih saking Kadhipaten Blambangan.
Patih Logender           : Ana wigati apa?
Patih Renggut Muko   : Sowan kula badhe pinanggih kaliyan sesembahan ing Majapahit ingkang asmanipun Kanjeng Ratu Kencana Wungu.
Ratu Kencana Wungu : Oooo....... Angkat Buta lan Renggut Muko, patih saka Blambangan, ya aku iki pangayoman ing Majapahit kang aran Ratu Kencana Wungu.
Patih Angkat Buto      : Ngaturaken sembah bekti. Patih Renggut Muko : Kula ugi ngaturaken sembah bekti, Kanjeng.
Ratu Kencana Wungu : Ya, ya,ya dak tampa, ora liwat puja pangestuku tampanana. Banjur tumekamu  ing kutha raja Majapahit nduweni karep apa?
Patih Angkat Buto      : Tebih saking Blambangan, ngemban dhawuhipun Kanjeng Adhipati Minak Jingga kula dipunutus nyuwun pirsa utawi nyuwun wangsulan bab nawala panagih janji, ingkang kaaturaken dhumateng panjenengan rumiyin…Kanjeng Ratu.
Ratu Kencana Wungu : Iki kepriye Paman Minak Koncar lan Paman Patih?
Minak Koncar             : Bab  menika mangga   kersa Panjenengan, awit ingkang badhe nglampahi inggih Panjenengan.
Patih Logender           : Mumpung dereng klebus sedaya, kula aturi mentas mawon. Menawi kalajengaken ambyur, mangke Panjenengan ingkang sengsara salaminipun. Sampun ta…pasrah kula mawon! Kula, mangke ingkang nata!
Ratu Kencana Wungu : Yen ngono, purba wasesa dak pasrahake marang sira!
Patih Logender           : Matur nuwun kapitadosanipun Kanjeng Ratu ( kalih nyembah ).
Sindhureja                   : Kula aturi atos-atos kakang Patih, Panjenengan sakmenika nyepeng purba wasesa… Panjenengan kedah saged migunakaken kanthi wicaksana!
Patih Logender           : MBoten sisah was sumelang! Tumrapipun Patih logender, bab menika …emm prekawis alit! ( kalih mlengos ) He..Patih Angkat Buto lan Patih Renggut Muko! Sira wis krungu dhewe, yen perkara iki wis dadi tanggung jawabku. Mula gatekna andharanku iki!
Patih Renggut Muko   : Inggih, badhe kula semak kanthi premati.
Patih Logender           : Ing sakawit, sejatine Kanjeng Ratu Kencana Wungu lan sagung nayaka praja wis sarujuk yen Ratu Kencana Wungu lan Adhipati Minak Jingga bakal jejodhoan.  Ananging, miturut para aji sepuh kang sidik ing paningal lan pana ing pamawas, ”Jejodhoan ing antarane Ratu Kencana Wungu lan Adhipati Minak Jingga ora bisa dibacutake, jalaran miturut petungan Jawa neptune dina priyayi agung kekalih jebule ketemu selawe utawa kasebut gei ng, awit Kanjeng Ratu Kencana Wungu lahir dina Anggara Cemengan lan Adhipati Minak Jingga lahir dina Tumpak Jenar ” .
Patih Renggut Muko   : Menawi pranyata kados mekaten, pancen mboten saged kalajengaken. Awit, yen kalajengaken mesthi nukulaken prahara ingkang ageng.
Patih Logender           : Minangka patukon kanggo ngurangi rasa cuwa penggalihe Adhipati Minak Jingga sing wis kasil merjaya Kebo Marcuet, Kanjeng Ratu Kencana Wungu kersa paring bebana mas picis raja brana satimbang karo lelabuhane Adhipati Minak Jingga.
Patih Angkat Buto      : Terang trawaca dhawuh pangandika panjenengan, bab menika badhe kula aturaken Adhipati Minak Jingga ing Blambangan.
Patih Renggut Muko   : Sarehne sampun cekap anggen kula sowan, mila keparenga kula nyuwun pamit.
Ratu Kencana Wungu : Ya…dak keparengake. Sing ati-ati ya! (Patih Angkat Buto lan Patih Renggut Muko nyembah atur pakurmatan lajeng medal).
 Sindhureja                  : Ing batos, kula kokkraos mboten sekeca.
Minak Koncar             : Dak kira perkara durung bakal rampung. Awit, saelingku Kanjeng Ratu Kencana Wungu iku miyos dina Wrespati Palguna dudu dina Anggara Cemengan. Kamangka, Adhipati Minak Jingga ing Blambangan iku kondhang minangka priyayi kang pinter, dadi ora gampang kokapusi kaya utusan saka Blambangan loro iki mau. Sing ati-ati lho Patih!
Patih Logender           : Leres…leres…leres, Panjenengan leres. Ananging, tumpraping Patih Logender…Bab menika prekawis gampil. Panjenengan mboten sisah sumelang, sedaya mangke saged kula rampungi. Pancen Minak Jingga sugih kasekten, ananging niki mangke bakal kawon kalih rekadayane Patih Logender ( gela - gelo ) Hee..hee…hee...
Ratu Kencana Wungu : Ya wis, saiki dak ambali maneh.  Kanggo ngrampungi prakara iki, purba wasesa dakpasrahake marang sira! Pasewakan kabubarake! 

(Ratu Kencana Wungu jumeneng lajeng medal, Minak Koncar lan Patih Logender nyembah atur pakurmatan lajeng medal)
(kapethik : Sastri Basa 2015)
A.    Nganalisis struktur teks drama
Candhakana miturut teks antawacana ing dhuwur iku !
Sifat sifat paraga
No
Paraga
watak
Ukara kang nudhuhake





























Setting ( panggonan)

No
Setting
katrangan
Ukara kang mbutekake
1.
Waktu


2.
Kahanan


3.
Panggonan



B.     Nganalisis Unsur Basa Sajrone Teks Drama

Bab iki kanggo narik kawigatene pamaca lan nambahi daya sastra. Kang kalebu lelewaning basa yaiku; tembung entar, tembung saroja, purwakanthi, tembung Kawi, pepindhan, bebasan, lan sapanunggalane.
Manut panemumu lelewaning basa apa ing antawaca (teks Drama) ing dhuwur iku ?

C.     Ndhudhah Nilai Moral ing Teks Drama

Sarampunge nyemak teks drama ing dhuwur, jangkepana tabel ing ngisor iki!
No
Piwulang Moral
Kutipan teks
1.
Moral marang Gusti Kang Maha Kawasa

2.
Moral marang sapadha-padhane manungsa

3.
Moral marang dhiri pribadi

4.
Moral marang alam lingkungan