NAMA KELOMPOK :
- ALDONA
RAHMAWATI (02)
- DURATUL
NGAZIZAH (17)
- ROSA
NUR ANGGRAINI (29)
- ROSI
NUR ANGGRAINI
(30)
- DINAR
DAYANG SECAR S. (34)
Sawijining
dina
Ora kaya biasane Pras lan Pandu sing kawentar minangka kanca raket iku
meneng-menengan lan katon wis rong dina
ora guneman , amarga kuwi Yudha sing bocah anyar pindahan saka kutha
nanging uga kerep srawung karo kekarone nyoba nengahi supaya paseduluran ing
antarane bocah loro iku ora pedhot.
"Pras, aku dhelwis
rong dina iki koq nggak bertegur sapa
karo Pandu, memangnya kowe ono masalah ya karo Pandu?" pitakone Yudha
nganggo basa jawa sing grothal grathul
"ora koq Yud, ora ono apa apa" jawabe Pras
singkat
"ayolah Pras, ora usah ngapusi ..kalian kan
sahabat, kanca kenthel malah kata Bu Guru, pasti ada sesuatu kan mmungkin wae
aku bisa bantu" Yudha tetep ora nyerah mbujuki Pras supaya gelem crita
"Yud,
sebenere pancen aku karo Pandu
wis ora sapa aruh rong ndina iki, tapi iki merga kabeh salahe koq, mosok buku
diktat sing disilih Pandu ki ngakune wis dibalikke seminggu kepungkur ,
padahal kenyataane durung mbalik ning aku, nanging Pandu ngodro yen wis
dibalikke pas dolan ning omah malah ganti nuduh aku pikun jan nggregetke tenan
bocah iku" pungkasane Pras crita dawa
"ooo...ngono to Pras, tapi memang nya sudah
kamu cari ke tempat lain selain di meja belajarmu Pras, ya siapa tahu bukunya
ketlisut dimana gitu?" Yudha nyoba takon kanthi ati-ati
"apa kowe ya nuduh aku pikun, lali ndeleh buku
ning endi to Yud?" Pras rada muring-muring ditakoni ngono
"yo nggak gitu, aku kan cuman nanya...sapa
ngerti gitu, ntar aku boleh kan main ke tempatmu, tak nyoba bantu kamu nyari
sekalian belajar bareng kaya biasane, piye Pras?" pitakone Yudha
"yo gak pa pa sih ,sinau bareng wae ning
nggonku Yud" jawabe Pras
"iya deh...sip. sampai ketemu ngko sore yo
pras"
***
Sejam sakdurunge....
"dadi ngono critane Yud, mosok aku ki yo
ngapusi to wong cetha cetha aku ki wis mbalikke bukune Pras koq pas aku dolan
ning omahe"
"ooh gitu critanya Pan..hem mungkin saja Pras
lupa lali kalau buku yang kamu pinjam wis mbok balikke yo" ujare Yudha
"lagian Pras iku kan lalinan Yud, kowe ngerti
dhewe kan muga muga sih bukune pancen ming ketlisut, aku yo dadi ora penak
gara-gara buku dhewe dadi meneng menengan ngene, dikirane aku ora njaga amanah
to"curhate Pandu maneh
"ya sudah kalau gitu, nanti sore kamu ikut aku
saja kita sianau bareng seperti biasanya, nanti sambil njelasin masalah ini
biar selesai, gimana?"
"yo wis aku melu wae Yud, aku yo bakal ngganti
bukune yen pancen ora ono"
***
sore iku ing omahe Pras
"Pandu, aku njaluk ngapura yo jebul buku diktat
sing mbok balikke kae pancen wis tak tampa, tapi gara-gara tak nggo sinau
bengi-bengi nganti keturon malah tiba ning ngisor dipan, dhek awan tak temu pas
resik resik kamar.....maaf yo aku wis nuduh kowe rung mbalikke" Pras
ngomong sinambi ndhingkluk nalika Pandu lan Yudha teka ing omahe
"wah syukur nek ngono Pras, aku ki yo kepikiran
terus, wis ora perlu isin . aku yo njaluk ngapura amarga ngenengke
awakmu....kosong kosong yo Pras dhewe tetep kekancan to?" jawabe Pandu
"he em ora ming kekancan tapi seduluran"
Pras ngomong sinambi ngrangkul pandu
"nah gitu donk...kalian kan sahabat baik, sudah
seharusnya saling memaafkan dan berbaikan lagi seperti ini" Yudha katon
seneng amarga usahane kasil
"maturnuwun y Yud...kamu memang baik
hati"ujare Pras lan Pandu bebarengan
"okeee...sama-sama yuk....sinau bareng e ndang dimulai"